Balèt diwiwiti saka adicara temu para ningrat [[Italia]] ing jaman pancerahan. Banjur, balèt dikembangaké ana ing "ballet de cour", ya iku dansa sosial kang dilakokaké bareng [[musik]], [[pidhato]], [[puisi]], nembang, dékor lan kostum para ningrat [[Prancis]]. Balèt banjur dikembangaké dadi tarian ing Prancis ing jaman pameréntahan [[Louise XIV]] kang seneng banget marang senikagunan tari. Sang Raja ngadegaké "Académie Royale de Danse" taun [[1661]], ing taun iku uga balèt komèdhi karya [[Jean-Baptist Lully]] ditampilaké. Lully ngadegaké sekolah kanggo penari balèt profèsional kang duwé gegandhèngan karo "Académie Royale de Musique".
Abad 18 balèt dadi maju banget. Balèt dadi senikagunan [[drama]] kang sérius lan setara karo [[opera]]. Iki disebabaké déning karyané [[Jean-Georges Noverre]] kang judhulé "Lettres sur la danse et les ballets" ([[1760]]), kang ngrintis "ballet d’action" ya iku penari kudu ngèksprèsikaké karakter lan nampilaké narasi ''cariyos''. Ing jaman iku musik balèt dikembangaké déning komponis kaya ta [[Cristopher Gluck]].
Abad 19 balèt ngalami owah-owahan, ora kaya senikagunan kang ningrat (balèt romantis). [[Ballerina]] kaya [[Marie Taglioni]] lan [[Fanny Elssler]] ngrintis tèknik anyar ya iku "pointe work" kang nyebabaké ballerina dadi wigati banget ing panggung. ''Librettist professional'' uga nglebokaké carita ing balèt. [[Carlo Blasis]] modhifikasi balèt saéngga dadi tèknik dhasar sing isih dienggo nganti saiki. Taun [[1850]] balèt ora misuwur ing nagara kulon kajaba [[Denmark]] lan [[Rusia]].