Globalisasi: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
ganti isi, replaced: kasebat. → wau. (4)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
ganti isi, replaced: maknanipun → tegesipun (2)
Larik 6:
 
== Pangertosan ==
Tembung "globalisasi" kapendhet saking tembung ''global'', ingkang maknanipuntegesipun ''universal''. Globalisasi dèrèng gadhah dhéfinisi ingkang mapan, kejawi namung <!--sekedar=sauger (ngoko) = saugi (krama)-->saugi dhéfinisi karya (''working definition''), saéngga gumantung saking sisih pundi tiyang mriksani. Wonten ingkang mastani satunggiling prosès [[sosial]], utawi prosès [[sajarah]], utawi prosès alamiah ingkang badhé andadosaken sadaya bangsa lan [[nagara|nagari]] ing donya tansaya kaiket satunggal kaliyan satunggalipun, mujudaken satunggiling tatanan kagesangan énggal utawi manunggaling <!--(?)''kesatuan''--> ko-éksisténsi kanthi nyingkiraken wates-wates géografis, [[ékonomi]] lan [[budaya|budaya masarakat]].
 
[[Mitos]] ingkang wonten prekawis globalisasi inggih punika bilih prosès globalisasi badhé ndamel donya dados sragam. Prosès globalisasi badhé mbusek idhéntitas lan jati dhiri. [[budaya|Kabudayan]] lokal utawi [[ètnis]] badhé kauntal déning kekiyatan budaya ageng utawi kekiyatan budaya global.
Larik 113:
[[Gambar:Harajuku_girls,_Tokyo.jpg||left|thumb|250px|Tata busana Harajuku saking [[Jepang]] ingkang dados 'ikon' kaum mudha mudhi donya punika satunggaling conto dumadosipun globalisasi kabudayan.]]
 
Globalisasi maringi prabawa dhumateng mèh sadaya aspèk ingkang wonten ing [[masarakat]], kalebet ing antawisipun aspèk [[budaya]]. Kabudayan saged ateges [[pangaji sosial|aji-aji]] (''values'') ingkang dipunanut déning masarakat utawi persèpsi ingkang dipundarbèni déning warga masarakat dhumateng perkawis ingkang pepak. Aji-aji utawi persèpsi wonten sesambetanipun kaliyan aspèk-aspèk kajiwan/psikologis, inggih punika punapa ingkang wonten ing alam pikiran. Aspèk-aspèk kajiwan punika dados wigatos maknanipuntegesipun manawi dipunsadhari, bilih tindak tanduk satunggaling tiyang sanget dipunprabawai déning punapa ingkang wonten ing alam pikiran tiyang wau. Conto salah satunggiling asil pamikiran lan panemon wau inggih punika [[kasenian]], ingkang arupi subsistem saking [[budaya|kabudayan]].
 
Globalisasi ingkang dados satunggaling gejala nyebaripun [[pangaji sosial|aji-aji]] lan [[budaya]] tartamtu dhumateng donya sadaya (saéngga dados budaya donya utawi ''world culture'') sampun katingal wiwit rumiyin. Cikal bakal saking panyebaran budaya donya punika saged katelusuri saking lelampahan para panjlajah [[Éropah|Éropah Kilèn]] tumuju kathah papan ing donya punika (Lucian W. Pye, 1966).