Konsili Vatikan I: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: ganti isi, replaced: karajaan → karajan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: ganti isi, replaced: arupi → wujud (3)
Larik 30:
|colspan="2" align="center"|[[Konsili Ékumènis|Pratélan kronologis konsili ékumènis]]
|}
'''Konsili Vatikan I''' dipunimpunaken déning [[Paus Pius IX]] lumantar bula kapausan ''Aeterni Patris'' nalika tanggal [[29 Juni]] [[1868]]. Sidhang Sepindhah dipunleksanaaken ing [[Basilika Santo Petrus]] tanggal [[8 Dhésèmber]] [[1869]]. Konsili puniki arupiwujud [[Konsili Ékumènis|konsili ékumènis]] kaping kalih dasa kanggé [[Gréja Katulik Roma]], ingkang dipundhatengi mèh 800 pimpinan gréja.
 
Tujuan utami [[Paus]] ngimpunaken Konsili puniki inggih punika kanggé pikantuk konfirmasi dhumateng sikap ingkang sampun dipuntetepakenipun salebetipun ''Syllabus Errorum'' ([[1864]]), ingkang ngutuk sarangkéan aliran [[rasionalisme]], [[liberalisme]], lan [[materialisme]].
Larik 36:
Tujuan Konsili puniki sasanèsipun pangutukan puniku, inggih punika kanggé ndhéfinisiaken dhoktrin perkawis gréja. Salami tigang Sidhang, kelampahan dhiskusi lan pasarujukan dhumateng namung kalih konstitusi: ''Dei Filius'' (Konstitusi Dhogmatis perkawis Iman Katulik, ingkang isinipun ing antawisipun iman Katulik bilih [[Alkitab]] dipuninpirasiaken déning Allah) lan ''Pastor Aeternus'' (Konstitusi Dhogmatik Sepindhah Gréja perkawis Kristus, njlèntrèhaken perkawis kautaman lan infalibilitas Biskop Roma nalika saweg maringaken dhogma).
 
Dhéfinisi infalibilitas paus sanès arupiwujud agèndha orisinil kanggé dipundhiskusiaken (Pius IX rumaos bilih boten pantes kanggé panjenenganipun kanggé nglebetaken topik mau salebetipun agèndha), nanging énggal-énggal dipuntambahaken sasampunipun konsili dipunwiwiti. Perkawis puniki dados kontrovèrsial, boten amargi kathah ingkang boten pitados bilih Paus boten saged salah, nanging amargi kathah-kathahipun rumaos bilih dhoktrin kasebat bèoten kedahipun dipundadosaken minangka dhogma resmi. [[John Henry Newman]], minangka conto, nélakaken bilih dhéfinisi formal kados puniku saged njalari kathah tiyang bakal nilar imanipun. Sapérangan kuwatos bilih perkawis puniki badhé mijilaken kacubriyan énggal bilih tiyang Katulik gadhah kasetyan gandha. Pandhangan puniki dipunajengaken déning kalih pratiga Biskop [[Amérika Sarékat]] lan kathah saking [[Prancis]] lan [[Jerman]].
 
Kathahipun 60 anggota Konsili salajengipun mundhut sikap absèn kanthi nilar [[Roma]] sadinten sadèrèngipun pamundhutan swantun. Biskop Agung [[Antonio Maria Claret]] (ing tembe wingking ing[[kanonisasi]]), ssatunggiling tiyang saking pangadilan karajan Spanyol lan pangadeg saking Misionaris Putra-Putra Manah Maria Imakulata (Misionaris Claretian), kanthi ''keras'' ngutuk "pangujatan lan bidhah ingkang dipunpocapaken ing inggil lanté salebetipun Konsili puniki," lan arupiwujud salah satunggal pambéla paling kiyat saking isu infalibilitas paus lan kautaman Tahta Suci Roma. Panjenenganipun inggih punika satunggal-satunggalipun anggota Konsili ingkang dipunkanonisasi dados Santo (dipunbéatifikasi taun [[1934]] lan dipunkanonisasi déning [[Paus Pius XII]] taun [[1950]]). Salajengipun panjenenganipun tilar donya ing biara Cistercian ing Fontroide, Prancis, tanggal [[24 Oktober]] [[1870]]. Pirembagan lan pasetujon perkawis konstitusi kasebat mijilaken kontrovèrsi sérius ingkang mbeta dhumateng pangunduran dhiri saking tiyang-tiyang ingkang ing tembé wingking dipuntepangi minangka [[Gréja Katulik Lami]].
 
Pecahipun [[perang Prancis-Prussia]] dumados ing tengah-tengahipun mangsa Konsili, njalari dipuntundha akibat dhawahipun Roma, lan Konsili puniki pungkasanipun boten naté dipunterasaken. Konsili puniki kanthi resmi boten naté dipuntutup dumugi mapuluh-puluh taun salajengipun, lan kanthi resmi dipuntutup nalika weldal persiapan [[Konsili Vatikan II]]. Asil saking Konsili Vatikan I puniki nedahaken kamenangan obahan [[Ultramontanisme]] ingkang nyengkuyung pamaréntahan séntral Vatikan kanggé Gréja Katulik. Paningkatan kasadharan dhumateng idhèntitas dhiri minangka kaum Katulik Roma ugi lajeng kathah mijil ing saindhenging donya, sairing kaliyan ningkatipun gunggung lapangan pedamelan ing kagesangan réligius lan kapasturan, sesarengan kaliyan aktivitas pulitik pro-Katulik ingkang cetha ing saben nagari.