'''Buku''' ya iku bahan pustaka kang agawe saka [[kertas]] singkang arupa lembaran wutuh lan singkang paling utama ana ing koleksi [[pabukon]]. standar minimal buku ya iku paling sitik 49 halaman/kaca, ora kalebu kulit/ ''[[cover]]'' lan utawa jaket buku.<ref name="repository">[repository perguruan Tinggi]</ref>
buku iku ora arupa [[terbitan berseri]]/''[[serial publication]]'' singkang terbit miturut wayah tertentu lan berkelanjutan.<ref name="arti kata">[http://www.businessdictionary.com/definition/book.html what is book] (dipunundhuh tanggal 9 juni 2012)</ref>
Ana sawetara sumber singkang mratélakaké sajarah bab buku. Buku pisanan disebutaké lair ing [[Mesir]] taun [[2400]]-an SM sawisé wong Mesir nyiptakaké dluwang [[papirus]]. Dluwang papirus singkang isi tulisan iki digulung lan gulungan mau minangka wangun buku singkang pisanan. Ana uga singkang nyritakaké buku wis ana wiwit jaman Sang Buda ing [[Kamboja]] amarga wektu iku Sang Buda nulisaké wahyuné ing [[godhong]] lan sabanjuré diwaca makaping kaping. Ma-abad-abad sawisé iku ing [[Cina]], para cendekiawan nulisaké ngèlmu-ilmuné ing sada singkang ditalèni dadi siji. Bab iki duwé prabawa marang sistem panulisan ing [[Cina]] saéngga aksara [[Cina]] ditulis kanthi vertikal ya iku saka dhuwur mangisor.
Buku singkang kagawé saka dluwang wiwit ana sawisé Cina kasil nyiptakaké
dluwang ing taun 200-an SM. Dluwang njalari akèh owah-owahan ing donya. Pedagang muslim nggawa tèknologi dluwang saka Cina menyang [[Éropah]] ing wiwitan abad 11 Masehi. Ing Éropah iki indhustri dluwang tambah maju. Apamanèh kanthi diciptakaké mesin pangecap déning [[Gutenberg]] tuwuh lan sumebaré buku ngalami revolusi. Dluwang singkang ènthèng lan bisa tahan suwé dikumpulaké dadi siji lan kacipta sawijining buku.
Wong singkang mirsani buku racaké dijuluki [[bibliofil]] utawa kutu buku.