'''Alun-alun''' ya iku panggonan rata lan amba singkang adaté minangka acarané para bebrayan. Saben kutha ing tanah Jawi racaké nduwé alun-alun. Adaté alun-alun iku ditanduri wit [[wringin]] singkang kembar. Wringin kembar mau pralambang [[gapura]]. Saben Kraton kaya ta [[Kraton Yogyakarta]] lan [[Kraton Surakarta]] nduwé alun-alun loro, Ya iku alun-alun [[lor]] lan alun-alun [[kidul]]. Ing antarané alun-alun lor lan kidul adaté ana [[kraton]]. Ing sisih kiwa utawa tengené, lumrahé ana pusat pamaréntahan. Ora mung iku waé, uga ana [[masjid]] utawa [[pasar]]. Masjid lumrahé ana ing sisih kuloné alun-alun. Yèn pasar, adaté bisa ana ing sisih ngendi waé. Masjid singkang ana ing sacedhaké alun-alun adaté sinebut [[masjid agung]].
Ing kakawin Nāgarakrtāgama diwedharake yèn ana lapangan ing pusat Kutha Majapahit singkang cedhak karo kumpulaning yasan Karaton Rājasanagara singkang diarani [[wanguntur]] lan [[ibuh ageng]]. Mpu Prapanca ngandharake bab wanguntur singkang madhepé mengalor, déné papan lapangan (ibuh ageng) iku diandharake yèn madhep mangulon, sakulon karaton. Ndelok satleraman apa singkang diandharaké [[Mpu Prapanca]] ngélingaké yèn manawa ana alun-alun kudu ana yasan sainteré.
Kahanan yasan pura singkang madhep ngalor mring lapangan terus diugemi nganti wetune Islam mlebu ing tanah Jawa.