DNA: Béda antara owahan

3 bèt wis dibusak ,  2 taun kepungkur
ganti isi, replaced: adhedhasar → dhedhasar (3)
(ganti isi, replaced: sing → kang (53))
(ganti isi, replaced: adhedhasar → dhedhasar (3))
== Fungsi biologis ==
=== Réplikasi ===
[[Gambar:Dna-split.png|thumb|Ing réplikasi DNA, ranté DNA anyar diwangun adhedhasardhedhasar urutan nukleotida ing DNA kang ditikelaké.]]
[[Réplikasi DNA|Réplikasi]] arupa prosès nikelaké DNA. Prosès réplikasi iki diperlokaké nalika sel arep [[Panyigaran sel|sigar dhiri]]. Ing saben sel, kejaba [[sel gamèt]], panyigaran dhiri kudu dikanthèni réplikasi DNA supaya kabèh sel turunan nduwé informasi genetik kang padha. Dhasaré, prosès réplikasi manfaataké kasunyatan yèn DNA kapérang saka rong ranté lan ranté sijiné arupa "konjugat" saja ranté pasangané. Kanthi tembung liya, kanthi mangertèni susunan sawijining ranté, mila susunan ranté pasangan bisa kanthi gampang diwangun. Ana sapérangan téyori kang nyoba njelasaké kepriyé prosès réplikasi DNA iki dumadi. Salah situ téyori kang paling populèr nelakaké yèn ing saben DNA anyar kang diantuki ing akir prosès réplikasi; saranté tunggal arupa ranté DNA saka ranté DNA sadurungé, éwadéné ranté pasangané arupa ranté kang gèk disintesis. Ranté tunggal kang diantuk saka DNA sadurungé mau tumindak minangka "cithakan" kanggo nggawé ranté pasangané.
 
 
== Sajarah ==
DNA sepisanan kasil dimurnèkaké ing taun 1868 déning èlmuwan Swiss [[Friedrich Miescher]] ing [[Tubingen]], [[Jerman]], kang mènèhi jeneng ''nuclein'' kanthi dhasar panggonané ing njeron inti sel. Sanajan mangkono, panlitèn marang peranan DNA ing njeron sel anyar diwiwiti ing awal abad 20, bebarengan karo tinemu postulat genetika [[Gregor Mendel|Mendel]]. DNA lan [[protéin]] dianggep rong molekul kang paling mungelaké minangka panggawa sipat genetis adhedhasardhedhasar téyori mau.
 
Rong eksperimen ing dekade 40-an mbuktèkaké fungsi DNA minangka matèri genetik. Ing panlitèn déning [[Oswald Avery|Avery]] lan kanca-kancané, ekstrak saka sel bakteri kang siji cabar n-[[transformasi|transform]] sel bakteri liyané kejaba yèn DNA ing ekstrak dijarké wutuh. Eksperimen [[Alfred Hershey|Hershey]] lan [[Martha Chase|Chase]] mbuktèkaké perkara kang padha karo migunakaké [[panggolèk tilas radhioaktif]] (''radioactive tracers'').
 
Misteri kang durung kapecahaké wektu iku ya iku: kepriyé struktur DNA supaya bisa ngayahi tugas minangka materi genetik? Pitakonan iki diwangsuli déning [[Francis Crick]] lan kolegané [[James Watson]] adhedhasardhedhasar asil [[difraksi sinar-x]] DNA déning [[Maurice Wilkins]] lan [[Rosalind Franklin]]. Crick, Watson, lan Wilkins antuk ganjaran [[Nobel Kadhokteran]] ing taun 1962 saka panemon iki. Franklin, amarga wis séda ing wektu iku, ora bisa diparingi ganjaran iki.
 
== Uga delengen ==
352.737

besutan