Radèn Wijaya: Béda antara owahan

Gedhéné ora owah ,  2 taun kepungkur
ganti isi, replaced: sing → kang (12), Tafsir → Tapsir
(→‎Asal-Usul: éjaan, replaced: kasebut → mau)
(ganti isi, replaced: sing → kang (12), Tafsir → Tapsir)
[[Gambar:Harihara, statue.jpg|thumb|Reca Harihara, déwa gabungan [[Siwa]] lan [[Wisnu]] minangka panggambaran [[Kertarajasa]]. Lokasi wiwitané ing Candhi Simping, [[Blitar]], saiki dadi kolèksi [[Musiyum Nasional Républik Indonésia]].]]
'''Radèn Wijaya''' (lair: ? - séda: [[Majapahit|Majapait]], [[1309]]) iku singkang ngadegaké [[Karajan Majapahit|Kraton Majapait]] uga ratu pisanan singkang mréntah ing taun [[1293]]-[[1309]], mawa gelar '''Prabu Kertarajasa Jayawardana. Nararya Sanggramawijaya Sri Maharaja Kertajasa Jayawardhana'''.
Miturut ''[[Kakawin Nagarakretagama|Nagarakretagama]]'', Raden Wijaya séda taun [[1309]] lan disarèkaké ing Antahpura lan didadèkaké candhi ing Simping minangka Harihara, utawa nyawijiné antara [[Wisnu]] lan [[Siwa]].
Radèn Wijaya digantèkaké déning [[Jayanagara]] minangka ratu sabanjuré.
 
== Asma Asli ==
Radèn Wijaya iku asma singkang lumrah dianggo déning para sejarawan kanggo nyebut pangadeg [[Krajan Majapait|Kraton Majapait]]. Asma iki ana sajeroning ''[[Pararaton]]'' kang tinulis watara pungkasan abad angka 15. Kadhangkala ''Pararaton'' uga nulis kanthi pepak, ya iku '''Raden Harsawijaya'''. Kamangka miturut bukti-bukti prasasti, ing mangsa kauripan Wijaya (abad angka 13 utawa 14) gelar ''raden'' durung kondhang.
 
''[[Nagarakretagama]]'' kang tinulis ing mangsa tengahan abad angka 14 nyebut pangadeg Majapait ajeneng '''Dyah Wijaya'''. Sesebutan ''dyah'' arupa sesebutan kabangsawanan singkang kondhang wektu semana lan dadi cikal bakal sesebutan ''Radèn''. Istilah ''Radèn'' dhéwé dikira-kira asal saka tembung ''Ra Dyah'' utawa ''Ra Dyan'' utawa ''Ra Hadyan''.
 
Jeneng asli pangadeg Majapait singkang paling pas ya iku '''Nararya Sanggramawijaya''', amarga jeneng iki ana ing [[prasasti Kudadu]] singkang diwetokaké déning Wijaya dhéwé ing taun [[1294]]. Sesebutan ''Nararya'' uga minangka sesebutan kabangsawanan, sanadyan sesebutan ''Dyah'' luwih kerep dianggo.
 
== Asal-Usul ==
Miturut ''[[Pararaton]]'', Radèn Wijaya iku putra [[Mahisa Campaka]], pangéran saka [[Krajan Singhasari|Kraton Singhasari]]. Panjenengané gedhé ing lingkungan Kraton Singhasari.
 
Miturut ''[[Pustaka Rajya Rajya i Bhumi Nusantara]]'', Radèn Wijaya iku putra pasangan [[Rakyan Jayadarma]] lan [[Dyah Lembu Tal]]. Ramané ya iku putra [[Prabu Guru Darmasiksa]], ratu [[Krajan Sundha Galuh|Kraton Sundha Galuh]], déné ibuné ya iku putri [[Mahisa Campaka]] saka [[Krajan Singhasari|Kraton Singhasari]]. Kanthi mangkono, Radèn Wijaya minangka campuran getih [[Wong Sundha|Sundha]] lan [[Wong Jawa|Jawa]]. Sawisé Rakyan Jayadarma tiwas diracun mungsuhé, Lembu Tal bali menyang Singhasari nggawa Wijaya. Sejatiné, Radèn Wijaya dadi ratu angka 27 [[Krajan Sundha Galuh|Kraton Sundha Galuh]]. Suwaliké panjenengané ngadegaké [[Majapait]] sawisé tiwasé ratu [[Kertanagara]], ratu [[Singhasari]] pungkasan, singkang uga sadulur ibuné.
 
Carita ing dhuwur mèmper karo carita ing ''[[Babad Tanah Jawi]]'' singkang nyebut pangadeg Kraton Majapait ya iku '''Jaka Sesuruh''' putra Prabu Sri Pamekas ratu [[Krajan Pajajaran|Kraton Pajajaran]], singkang uga dumunung ing kawasan [[Sundha]]. Jaka Sesuruh mlayu mangétan amarga dikalahaké déning sadulur kuwaloné singkang jenengé [[Ciung Wanara|Siyung Wanara]]. Panjenengané banjur yasa [[Krajan Majapait|Kraton Majapait]] lan banjur numpes Siyung Wanara.
 
Carita mau béda karo ''[[Nagarakretagama]]'' singkang nyebut Dyah Lembu Tal iku wong lanang, putra [[Narasinghamurti]]. Naskah iki muji Lembu Tal minangka prawira yuda singkang gagah lan bapa saka Dyah Wijaya.
<!--
== Silsilah Kulawarga ==
* R.M. Mangkudimedja. 1979. ''Serat Pararaton Jilid 2''. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonesia dan Laladan
* [[Slamet Muljana]]. 2005. ''Menuju Puncak Kemegahan'' (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS
* Slamet Muljana. 1979. ''Nagarakretagama dan TafsirTapsir Sejarahnya''. Jakarta: Bhratara
 
{{kotak wiwit}}
352.730

besutan