Abimanyu: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Serat Wirayawita: ganti isi, replaced: arupi → wujud
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
ganti isi, replaced: antuk → olèh, sing → kang (5)
Larik 9:
Ing padhalangan, Abimanyu iku digambarké kadidéné satriya kang bagus citrané, alus budiné, nanging wataké getapan (gampang nesu) lan gampang mara-tangan.
 
Kaya ingkang rama, Abimanyu kondhang kadidéné satriya utama singkang kuat tapabratané, mula Abimanyu klakon kasinungan wahyu-wahyu kanaréndran, kaya ta Wahyu Cakraningrat, Wahyu Widhayat, wahyu Antatwulan, lan sapituruté. manut wecaning déwa sapa singkang kadunungan wahyu mau bakal bisa dadi naréndra gung binatara.
Nanging Abimanyu ora nganti klakon madeg ratu, jalaran dhèwèké palastra ing paprangan ing Tegal Kurusetra kanthi dikrocok gegaman lan dikroyok déning para Kurawa.
 
Larik 30:
 
== Abimanyu dhaup ==
Abimanyu pisanan dhaup karo [[Dèwi Siti Sundari]] (Siti Sendari), putriné Prabu Sri [[Bathara Kresna]] ing Dwarawati. Dadi Abimanyu iku putra mantuné Prabu Kresna. Sabanjuré kanthi sesidheman uga krama antukolèh [[Déwi Utari]], putriné Prabu [[Matswapati]] ing Wiratha, patutan siji asma Radén Parikesit iya Paripurna kang ing tembéné jumeneng nata ana nagara Ngastina sabubaré perang Baratayuda kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana, (nunggak semi karo jejuluké ingkang éyang buyuté, Abiyasa iya Wiyasa).
 
== Guguré Abimanyu ==
Ing Perang [[Baratayuda]], Abimanyu bisa klakon mbedhah gelar perang Cakrabhyuha, singkang dipandhégani Pandhita Durna nadyan akhiré palastra kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap gegaman marang Kurawa. Mula lakon Abimanyu palastra uga asring karan "Ranjapan Abimanyu Gugur" kang pancèn ngeres-eresi.
 
=== Abimanyu lan Lesmana mati sampyuh ===
Ing peperangan, Abimanyu wis tatu arang kranjang lan katon tanpa daya, nanging isih tetep maju. [[Lesmana Mandrakumara]] iya Raden Sarojakusuma (putrané Prabu [[Duryudana]], nata Ngastina) kang péngin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa keris ligan. Keris iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna. Abimanyu tetéla isih nggagem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namaké kerisé marang Abimanyu kang njalari tumekèng pati. Nanging sadurungé sukmané oncat saka ragané, Abimanyu uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni nganti Lesmana tumekaning pati. Kekaroné mati sampyuh. Weruh Lesmana Mandrakumara mati, [[Jayadrata]] (bapa pamané Lesmana) ngepruk sirahé Abimanyu kang wis tanpa daya nganggo gada Kyai Glinggang saéngga musthakané ajur mumur. Abimanyu palastra ing madyaning rananggana. Para [[Kurawa]] surak ambata rubuh. Goteking wong akèh singkang matèni Abimanyu iku Jayadrata iya Tirtanata.
 
=== Sawisé Abimanyu palastra ===
Larik 42:
Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohé Pandhawa). Jayadrata dipancing murih ngungak kahanan njaba liwat jendhéla. Ya nalika Jayadrata anguk-anguk liwat jendhéla iku, Arjuna nglepasaké jemparingé Kyai Sarotama. Ngenani janggané jayadrata saéngga tugel thel lan sirna margalayu.
 
Saguguré Abimanyu, Dèwi Siti Sendari nedya bela pati, ambyur ing pancaka utawa tumangan. Déné Dèwi Utari singkang nalika iku nembé mbobot sepuh wijining calon ratu tlatah Jawa isih bisa digondhéli déning para pepundhèn.
 
== Serat kasusastran Jawa klasik ==