Batur tukon: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
ganti isi, replaced: mliginé → mligi (5)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
ganti isi, replaced: kahanan → kaanan (5), Kahanan → Kaanan
Larik 1:
[[Gambar:Child labour Nepal.jpg|thumb|Buruh bocah ing Népal]]
'''Batur tukon''' utawa ing krama '''réncang tumbas''' iku sawijining fénoména ukum utawa ékonomi ing ngendi prinsip sistim ukum kapamilikan ditrapaké marang manungsa. Dadi manungsa iku éwoning bandha kang bisa diduwèni, didol lan dituku. Banjur wong kang dadi batur tukon ora bisa njabel kahanankaanan iki kanthi sapéhak. Manawa sawijining wong iku dadi batur tukon, kang duwèni ndarbèni hak kinèrjané si batur tukon tanpa perlu mbayar gaji awaké. Hak-hak lan pangreksané si batur tukon bisa diatur déning undhang-undhang utawa adat ing sawijining wektu utawa papan, lan sawijining wong bisa dadi batur tukon sawisé dicekel, dituku utawa wiwit lair.
 
Saiki iki, kahanankaanan batur tukon wis dilarang ing kabèh nagara sadonya, nanging sawijining wong bisa kahanggep batur tukon manawa wong iku dipeksa nyambut gawé kanggo wong liya tanpa nduwé daya bisa njabel aturan iki kanthi sapéhak. KahananKaanan kaya mengkéné iki kerep diarani "praktèk mèmper batur tukon". Wujud mutakir padagangan batur tukon lumrahé diarani slundupan manungsa.
 
Batur tukon iku wis ana ing mangsa prasajarah lan ugi ana ing akèh kabudayan. Mbiyèn praktèk iki diakoni minangka lembaga absah déning akèhé maskapé utawa masarakat, nanging saiki dilarang ing kabèh nagara.<ref name="Bales2004">[https://books.google.com/books?id=8Cw6EsO59aYC&pg=PA4 Kevin Bales, ''New Slavery: A Reference Handbook''], (2004:4), ISBN 978-1-85109-815-6, diaksès tanggal 11 Fèbruari 2016]</ref><ref name="WhiteWhite2014">[https://books.google.com/books?id=GsruAwAAQBAJ&pg=PA43 Shelley K. White, Jonathan M. White, Kathleen Odell Korgen, ''Sociologists in Action on Inequalities: Race, Class, Gender, and Sexuality''], (2014:43), SAGE Publications, ISBN 978-1-4833-1147-0</ref> Sing pungkasan nglarang iku [[Mauritania]] ing taun [[2007]]. Nanging sanadyan mangkono praktèk iki isih lestari minangka utang, batur kang dikurung, bocah-bocah kang diadopsi lan dipeksa nyambut gawé, prajurit bocat, slundupan manungsa, lan kawin peksa.<ref>[http://www.bbc.co.uk/ethics/slavery/modern/modern_1.shtml#section_2 ''Religion & Ethics – Modern slavery: Modern forms of slavery'', BBC, 30 Januari 2007, diaksès tanggal 16 Agustus 2016]</ref> Diprakirakaké jaman saiki, gunggungé batur tukon paling akèh sajeroning sajarah manungsa, cacahé sadonya ana sakiwa-tengené 45 yuta.<ref>[http://www.nytimes.com/2016/06/01/world/asia/global-slavery-index.html?_r=0 ''Modern slavery estimated to trap 45 million people worldwide'', NY Times, 31 Mei 2016, diaksès tanggal 1 Juni 2016]</ref>
Larik 46:
Ing [[Surat Al Balad]] wong-wong Muslim kaprayogakaké ngluwari batur tukon lan manawa mbébasaké batur tukon dianggep tobat kang bisa ngurangi dosa.
 
Sajeroning [[Saréngat Islam|saréngat]] perkara batur tukon iki dibabar akèh.<ref name="Lewis" /> Ing Alquran lan [[kadis]] batur tukon iku kaanggep minangka sawijining kahanankaanan ora lumrah kang bisa dialamai kabèh umat manungsa.<ref name="eois">Brunschvig. 'Abd; ''Encyclopedia of Islam''</ref>
 
Namung anak-anak batur tukon utawa tahanan perang non-Muslim kang bisa dadi utawa digawé dadi batur tukon, ora tau wong Muslim kang lair bébas.<ref>Du Pasquier, Roger, ''Unveiling Islam'', p. 67</ref> Manawa batur tukon diluwari, iku kaanggep sawijining tindhakan kang luhur lan bisa ngurangi dosa.<ref name=gordon>Gordon 1987, page 40.</ref> Miturut saréngat, batur tukon kuwi dianggep manungsa kang dhedhasar kahanankaanan iki ndarbèni sawetara hak. Saliyané iku, sawijining batur tukon Muslim kawajibané padha karo wong Muslim bébas. Malahan batur tukon iku luwih dhuwur tinimbang wong bébas.<!--<ref>Martin (2005), p. 150 en 151; Clarence-Smith (2006), p.2</ref>-->
 
== Sajarah ==
 
Sajarah batur tukon iku ngandhut kabèh kabudayan, nagara lan agama saka jaman purbakala nganti dina iki. Nanging kahanankaanan sosial, ékonomi lan ukum batur tukon béda-béda ing sistém kang séjé-séjé iki ing wektu lan papan kang séjé-séjé.<ref>Herbert S. Klein and Ben Vinson, ''African Slavery in Latin America and the. Caribbean'', 2007, New York: Oxford University Press, isbn 978-0195189421</ref>
 
=== Sajarah awal ===