Bathara Bayu: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Titisan Bathara Bayu: ganti isi, replaced: tegese → tegesé (3)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Titisan Bathara Bayu: ganti isi, replaced: kahanan → kaanan
Larik 11:
Pungkasane carita wayang sing digelar sewengi natas, miturut pakem padhalangan dipungkasi nganggo Bathara Bayu, kang diarani "tayungan".
Wayang mau dijogetakke minangka tandha menang perang.. Sadhurunge tayungan, luwih dhisik perang brubuh, mawa gendhing sampak. Ratu kang mau ing jejer sabrangan sawadyabalane teka ing nagara mau ing jejer kawitan, yèn ora tumuju ing Amarta iya Dwarawati nedya ngrebut kabegjan. Satemah dadi perang amuk-amukan. Wusanane ratu sabrang sawadyabalane sirna, tumpes tapis. Manawa ratune iku malihane satriya, déwa, putri, raseksa uatea yitmane Dasamuka, banjur badhar salin wujud kang sejatine.
Kang mungkasi perang brubuh yèn ing jamane Pandhawa mesthi Werkudara. Yèn jamana carita Ramyana iya mesthi Anoman, déné yèn carita para déwa iya Bathara Bayu. Anoman lan Werkudara sinebut Bayusuta iya Bayusiwi, kang tegesé anak angin, karepe angin cilik, ya iku napas utaea ambegan. Tandange Anoman lan Werkudara ing perang brubuh nggambaraké napas kang ngukut sakabehe pancadriya nalikane manungsa sakaratul maut. Kumpule para ratu utawa satriya kang dadi balungane lelakon, ngendhikakake maremeing panggalih déné wis bisa mbrasta reretu, satemah kahanankaanan bali tentrem, amarga wis kalis saka sawernane rubedha.
Sawisé tayungan lan kumpuling kadhang, banjur tancep kayon, ya iku gunungan wayang ditancepake ing satengahing kelir, sing ateges pagelaran wayang wis rampung. gegambaraning urip, wong iku wis mati. Kayon ngono gegambaraning kayon, saka tembung kayun, tegesé urip Sawisé rampuingan kabèh wayang dilebokake ing kotak. Kaya manungsa yèn wis mati uga mlebu kubur. Angger angine (Bathara Bayu,Werkudara, Anoman)wis lunga, tegesé manungsa bali ing ngrasane Sang Hyang Widhi Wasa.