Switserlan: Béda antara owahan
Konten dihapus Konten ditambahkan
ganti isi, replaced: sing → kang (5), Kekaisaran → Kamaharajan (4) |
ganti isi, replaced: perkara → prakara (2) |
||
Larik 103:
Saka taun [[561]], Raja Guntram saka [[Merovingia]], putune Chlodwig I, marisi Kerajan Burgundia Frankia, kang ambané saka kulon adohe meh tekan [[Kali Rhein]]. Ing sisih wétané, suku Alamanni diprintah sangisore kadipaten nominal ing Frankia, amarga bangsa Frankia ngisi kalodhangan akibat mudhune pencapaian Bizantium Romawi menyang kulon. Saka mangsa iki, bangsa Frankia lagi miwiti mbéntuk watak tritunggal kang bakal nyirikake sisa sajarahé. Laladan iki banjur kapérang dadi Neustria ing sisih kulon (mung diarani Frankia nalika semana; jeneng Neustria ora tinulis ing tulisan nganti 80 taun sabanjuré), Austrasia di sisih wétan segara lan Burgundia.
Sasuwene abad kaping 6 lan wiwitan [[abad kaping 7]], kawasan Switserlan ana ing sangisore hegemoni Frankia, karo bangsa Frankia kang asring ana perselisihan
Wali Pura diangkat déning Raja Frankia minangka punggawa pangadilan wiwit awal [[abad kaping 7]] supaya dadi penengah antarané ratu lan rakyat. Nanging, sedane Dagobert I ing taun [[639]], kanthi pewaris mahkota kang isih balita ing Neustria (Chlodwig II—yuswane 2 taun) lan Austrasia (Sigibert III—yuswane watara 4 taun), para punggawa iku éntuk kekuasaan kang luwih gedhé. Ing pungsakasane, mungkasi kekuasaan penguasa Merovingia, lan ngebut singgasana Frankia. Langkah pisanan kang dilakoni Wali Pura Austrasia, Grimoald I, ngeyakinake Sigibert III kang ora duwé anak supaya ngadopsi puterane dhéwé Childebert si Anak Pungut minangka pewaris singgasana.
Larik 128:
=== Nagara fèdheral ===
Restorasi kekuasaan menyang patrisiat mung sawetara. Sawisé huru-hara kang bola-bali kedaden kaya déné Züriputsch nalika taun [[1839]], ndadèkaké perang sadulur ing antarané kanton Katulik lan kanton-kanton liyané ing taun [[1847]] (''Sonderbundskrieg''). Perang iku kelakon suwéné sesasi, lan korbane kurang saka 100 wong. Sonderbundskrieg ora ana apa-apane yèn dibandhingake karo perang lan haruhara ing Éropah liyané ing [[abad kaping 19]]. Sonderbundskrieg marakake dampak psikologi kang gedhé marang masarakat Switserlan. Perang iku ndadèkaké kabèh warga Switserlan gerti perlune persatuan lan kakuwatan marang tangga-tangga nagarané ing Éropah. Warga Switserlan sakabehing tataran masarakat, embuh Katulik, Protèstan, ilèn liberal utawa konservatif, sadhar yèn kanton-kanton iku bakal akèh nguntungake yèn kepentingan [[ékonomi]] lan keagamaane digabungake dadi siji. Saka warga kang njurung kakuwatan kanton (Sonderbund Kantone), majelis nasional diperang dadi majelis dhuwur (Dewan Nagara Switserlan) lan majelis ngisor (Dewan Nasional Switserlan). Kamangka, kepentingan federasionalis uga dipritungake. Switserlan ngadopsi konstitusi fèdheral lan ''penggunaan'' [[referendum]] (kuwajiban saben amandemen konstitusi) ing taun [[1848]]. Konstitusi iku nyawisi kekuasaan punjer kanggo pamaréntahane dhéwé nalika ucul saka kanton. Nalika taun [[1850]], franc Switserlan dadi [[mata uang]] tunggal Switserlan. Konstitusi iku diamandemen ing taun [[1874]] kanggo ngadhepi sansaya tambahe [[penduduk]] lan [[Révolusi Industri]]. Konstitusi iku nepungake referendum fakultatif kanggo [[kukum]] ing tingkat fèdheral. Konstitusi iku uga nemtokake tanggung jawab fèdheral kanggo pertahanan, dol tinuku, lan
Ing taun [[1891]], konstitusi iku direvisi kanthi unsur kuwat marang dhémokrasi langsung, kang isih unik nganti tekan saiki. Wiwit iku, perbaikan [[pulitik]], ékonomi, lan sosial kang isih kelakon wis mènèhi pratandha ing sajarah Switserlan.
|