DNA: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Sajarah: ganti isi, replaced: antuk → olèh
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Sajarah: ganti isi, replaced: perkara → prakara
Larik 42:
DNA sepisanan kasil dimurnèkaké ing taun 1868 déning èlmuwan Swiss [[Friedrich Miescher]] ing [[Tubingen]], [[Jerman]], kang mènèhi jeneng ''nuclein'' kanthi dhasar panggonané ing njeron inti sel. Sanajan mangkono, panlitèn marang peranan DNA ing njeron sel anyar diwiwiti ing awal abad 20, bebarengan karo tinemu postulat genetika [[Gregor Mendel|Mendel]]. DNA lan [[protéin]] dianggep rong molekul kang paling mungelaké minangka panggawa sipat genetis dhedhasar téyori mau.
 
Rong eksperimen ing dekade 40-an mbuktèkaké fungsi DNA minangka matèri genetik. Ing panlitèn déning [[Oswald Avery|Avery]] lan kanca-kancané, ekstrak saka sel bakteri kang siji cabar n-[[transformasi|transform]] sel bakteri liyané kejaba yèn DNA ing ekstrak dijarké wutuh. Eksperimen [[Alfred Hershey|Hershey]] lan [[Martha Chase|Chase]] mbuktèkaké perkaraprakara kang padha karo migunakaké [[panggolèk tilas radhioaktif]] (''radioactive tracers'').
 
Misteri kang durung kapecahaké wektu iku ya iku: kepriyé struktur DNA supaya bisa ngayahi tugas minangka materi genetik? Pitakonan iki diwangsuli déning [[Francis Crick]] lan kolegané [[James Watson]] dhedhasar asil [[difraksi sinar-x]] DNA déning [[Maurice Wilkins]] lan [[Rosalind Franklin]]. Crick, Watson, lan Wilkins olèh ganjaran [[Nobel Kadhokteran]] ing taun 1962 saka panemon iki. Franklin, amarga wis séda ing wektu iku, ora bisa diparingi ganjaran iki.