'''Skala Mohs''' ya iku skala pangukuran kang dipigunakaké kanggo ngukur tingkat kakerasan (atos empuké) sawijiningsiji [[mineral]]. Skala iki tinemu déning [[mineralogis]] [[Jerman]], [[Friedrich Mohs]] taun [[1812]]. Mohs ndèfinisèkaké 10 tataran kakerasan mineral, kang wektu iku wis tinemu kabèh kajaba [[watu permata]]. Skala iku nuduhaké 1 kanggo kang "paling empuk" lan 10 kanggo kang "paling atos". Kakerasan sawijiningsiji bahan diukur kanthi golèk bahan paling atos kang bisa digorès déning bahan kang diukur, lan/utawa bahan paling empuk kang bisa nggorès bahan kang diukur. Contoné, yèn sawijiningsiji bahan bisa digorès déning[[apatit]] nanging ora bisa digorès déning [[fluorit]], tingkat kakerasan bahan mau ing skala Mohs ya iku 4,5.
Tabel ing ngisor iki nuduhaké perbandingan karo kakerasan mutlak kang diukur nganggo [[sklerometer]].