Gègèr Pacinan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Pambantéan: ganti isi, replaced: perkara → prakara
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Asil: ganti isi, replaced: dituduh → dituding
Larik 33:
== Asil ==
[[Gambar:Trapping of three councilmen of Dutch East Indies.jpg|thumb|200px|Van Imhoff lan anggota Dhéwan Hindhia liya ditangkap sawisé nentang Valckenier.]]
Akèh Sejarawan kang nyathet yèn 10.000 wong Cina kang ana ing kutha Batavia dipatèni. Watara 600 nganti 700 omah diobong lan dijarah. {{sfn|Setiono|2008|p=119}}{{sfn|van Hoëvell|1840|pp=491–492}} Vermeulen nyatet yèn 600 wong Tionghoa slamet,{{sfn|Dharmowijono|2009|p=300}} déné sejarawan Indonésia A.R.T. Kemasang nyathet 3.000 jiwa kang slamet.{{sfn|Kemasang|1982|p=68}} Déné Sejarawan Tionghoa-Indonésia Benny G. Setiono nyathet yèn 500 tahanan lan pasin rumah sakit dipatèni,{{sfn|Setiono|2008|p=119}} déné jumlah wong kang slamet 3.431. {{sfn|Setiono|2008|p=121}} Sawisé ontran-ontran iki banjur ana kalamangsa kang rawan ana ing pulo Jawa, ya iku pambantéan marang warga Cina. Ing [[Semarang]] taun 1741, ing [[Surabaya]] lan [[Gresik]].{{sfn|Kemasang|1981|p=137}}Minangka dadi salah sawijining syarat kanggo nglereni ontran-ontran, kabèh wong Batavia keturunan Tionghoa dipindhahaké menyang ''[[pacinan]]'' ing cedhak wates kutha Batavia, kang saiki dadi [[Glodok]]. Iki maraaké wong Walanda gampang ngawasi wong Tionghoa. {{sfn|Setiono|2008|pp=120–121}} Kanggo lunga saka ''pacinan'', wong Cina mbutuhake tikèt mirunggan. {{sfn|Setiono|2008|p=130}} Nanging taun 1743, wis ana atusan bakul Tionghoa kang bakulan ana ing Batavia. {{sfn|Armstrong|Armstrong|Mulliner|2001|p=32}} Wong Tionghoa liya dipanggedhèni déning Khe Pandjang{{sfn|Dharmowijono|2009|p=301}} ngungsi menyang [[Jawa Tengah]], wong-wong Tionghoa nggabung mèlu widyabala kang dipanggedhèni déning Sultan [[Kesultanan Mataram|Mataram]], [[Pakubuwana II]]. Sanajan perang wis rampung taun 1743, {{sfn|Setiono|2008|pp=135–137}} nanging sasuwéné 17 taun isih ana konflik ing Jawa. {{sfn|Ricklefs|2001|p=121}}Tanggal 6 Dhésèmber 1740 van Imhoff lan 2 anggota Dhéwan Hindhia ditangkep amarga dituduhdituding mbangkang karo Valckenier lan tanggal 13 Januari 1741, wong-wong mau dikirim menyang Walanda nganggo kapal kang béda;{{sfn|Geyl|1962|p=339}}{{sfn|van Eck|1899|p=160}} tekan Walanda tanggal 19 September 1741. Ing Walanda, van Imhoff ngyakinaké Heeren XVII, kang nyekel saham utama [[Vereenigde Oostindische Compagnie|VOC]], yèn Valckenier kang marakaké ana ontran-ontran ing Batavia, uga [[sesorah]] kang judhulé "Consideratiën over den tegenwoordigen staat van de Ned. O.I. Comp." ("Pertimbangan amarga Kaanan Mutakhir ing Indhiya Nèderlan") tanggal 24 November.{{sfn|Blok|Molhuysen|1927|pp=632–633}}{{sfn|Raat|2010|p=81}} Akibat saka sesorah mau, van Imhoff lan anggota dhéwan liya dibébasaké ska tuntutan.{{sfn|van Eck|1899|p=161}} Tanggal 27 Oktober 1742, van Imhoff dikirim manèh menyang Batavia nganggo kapal ''Hersteller'' dadi Gubernur Jenderal Indhiya Nèderlan kang anyar. Dhèwèké tekan Batavia tanggal 26 Mèi 1743.{{sfn|Blok|Molhuysen|1927|pp=632–633}}{{sfn|Setiono|2008|pp=125–126}}{{sfn|Geyl|1962|p=341}}
 
Valckenier olèh layang yèèn dhèwèké arep digantèkaké déning van Imhoff dadi gubernur Jendral taun 1741;{{sfn|Vanvugt|1985|p=106}} versi liya ya iku Heeren XVII ngganti Valckenier minangka ukuman akibat kakean ngekspor gula ora kopi taun 1739, kang ndadèkaké VOC rugi.{{sfn|Ricklefs|2001|p=124}}{{sfn|Raat|2010|p=82}} Nalika Valckenier olèh surat iku, van Imhoff isih ing dalan arep menyang Wakanda. Valckenier lunga saka Indhiya Nèderlan tanggal 6 November 1741, sawisé milih [[Johannes Thedens]] dadi gantiné tekan van Imhoff bali menyang Batavia. Tanggal 25 Januari 1742 dhèwèké tekan [[Cape Town]] nanging ditangkep lan diselidiki déning Gubernur Hendrik Swellengrebel saka prentahé Heeren XVII. Valckenier dikirim manèh menyang Batavia Agustus 1742, dhèwèké ditahan ing Benteng Batavia, telung sasi banjur digugat marang pirang-pirang tuntutan kalebu tuntutan Gègèr Pacinan. {{sfn|Stellwagen|1895|p=227}} Maret 1744, dhèwèké disalahké lan dituntut ukuman mati lan bandhané disita. {{sfn|Blok|Molhuysen|1927|pp=1220–1221}} Dhésèmber 1744, Valckenier gawé tetélan kanggo mbela awake dhéwé. {{sfn|Geyl|1962|p=341}}{{sfn|Vanvugt|1985|pp=92–95, 106–107}}{{sfn|Blok|Molhuysen|1927|p=1220}} Valckenier njaluk luwih akèh bukti marang Walanda, nanging séda ing Tahanan tanggal 20 Juni 1751, sadurungé penyelidikané rampung. Ukuman mati dibatalaké taun 1755.{{sfn|Setiono|2008|pp=125–126}}{{sfn|Blok|Molhuysen|1927|p=1220}} Vermeulen ngomong yèn ukuman Valckenier ora adil amarga mung saka amarahé wong Walanda. {{sfn|Terpstra|1939|p=246}} Kuwi mau banjur diakoni kanthi resmi, sebab taun 1760, anaké Valckenier, Adriaan Isaäk Valckenier, olèh ganti rugi 725.000 [[Gulden Indhiya Nèderlan|gulden]].{{sfn|Blok|Molhuysen|1927|p=1221}}