Aksara Carakan: Béda antara owahan

864 bèt wis ditambahake ,  2 taun kepungkur
Tenger: Besutan punsèl Besutan wèb punsèl
Tenger: Besutan punsèl Besutan wèb punsèl
Aksara Carakan kagolong aksara jinis [[abugida]] utawa [[hibridha]] antara aksara [[silabik]] lan aksara [[alfabèt]]. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Carakan kalebu kulawarga aksara Brahmi kang asalé saka Tanah Hindhustan. Déné wujudé, aksara Carakan anané wis kaya saiki wiwit sa-ora-orané [[abad kaping 17]]. Aksara Carakan iki jenengé dijupuk saka limang aksara wiwitané.
 
== Étimologi lan legèndha asal ꦲꦺꦠꦶꦩꦭꦒꦶ ꦭꦤ꧀ ꦭꦼꦒꦺꦤ꧀ꦝ ꦲꦱꦭ꧀ ==
{{utama|Carita Aji Saka}}
Aksara Carakan jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki kang uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:
ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦕꦫꦏꦤ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦺꦢꦶꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ꦱꦏꦲꦸꦫꦸꦠꦤ꧀ꦭꦶꦩꦁꦲꦏ꧀ꦱꦫꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦏꦁꦲꦸꦤꦶꦤꦺ "ꦲꦤ ꦕꦫꦏ"꧉ ꦲꦸꦫꦸꦠꦤ꧀ꦝꦱꦂꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮꦔ꧀ꦭꦼꦒꦼꦤꦲꦶꦏꦶꦕꦕꦲꦺꦲꦤꦫꦁꦥꦸꦭꦸꦃꦥꦤ꧀ꦔꦼꦭꦩ꧀ꦧꦁꦏꦺꦏꦧꦺꦃꦥ꦳ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦱꦗꦮ꧉ ꦲꦸꦫꦸꦠꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦲꦶꦏꦶꦏꦪꦩꦼꦁꦏꦺꦤꦺ꧇
 
<gallery>
</gallery>
 
:ꦲꦤꦕꦫꦏꦲ ꦤ ꦕ ꦫ ꦏ ha na ca ra ka<br>ꦢꦠꦱꦮꦭꦢ ꦠ ꦱ ꦮ ꦭ da ta sa wa la<br>ꦥꦝꦗꦪꦚꦥ ꦝ ꦗ ꦪ ꦚ   pa dha ja ya nya<br>ꦩꦒꦧꦛꦔꦩ ꦒ ꦧ ꦛ ꦔ  ma ga ba tha nga
 
Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:
:"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"
:"ꦲꦤ ꦕꦫꦏ" ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ "ꦲꦤ ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀"
:"Data sawala" tegesé "Padha kekerengan"
:"ꦢꦠ ꦱꦮꦭ" ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ "ꦥꦝ ꦏꦼꦏꦼꦫꦼꦔꦤ꧀"
:"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
:"ꦥꦝ ꦗꦪꦚ" ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ "ꦥꦝ ꦢꦶꦒ꧀ꦗꦪꦤꦺ"
:"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".
:"ꦩꦒ ꦧꦛꦔ" ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ "ꦥꦝ ꦢꦢꦶ ꦧꦛꦁ"
 
Urutan aksara iki digawé miturut [[dongèng]] yèn aksara Jawa iku diasta déning [[Aji Saka]] saka [[India|Tanah Hindhustan]] menyang [[Tanah Jawa]]. Banjur Aji Saka ngripta urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti panakawané; Dora lan Sembada, kang setya nganti mati. Loro-loroné mati amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Carakan supaya bisa kanggo nulis layang.