Aksara Carakan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tenger: Besutan punsèl Besutan wèb punsèl
c Besutané Khafid Bayu Nugroho (rembugan) dipulihaké ing révisi pungkasan garapané Wirjadisastra
Tenger: Pambalèkan
Larik 1:
{| {{prettytable}} align="right" width="280"
! colspan="2" bgcolor=navajowhite style="font-size:120%"|Hanacaraka ꦲꦤꦕꦫꦏ
|-
| valign="top"|Tipe:
Larik 37:
Aksara Carakan kagolong aksara jinis [[abugida]] utawa [[hibridha]] antara aksara [[silabik]] lan aksara [[alfabèt]]. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Carakan kalebu kulawarga aksara Brahmi kang asalé saka Tanah Hindhustan. Déné wujudé, aksara Carakan anané wis kaya saiki wiwit sa-ora-orané [[abad kaping 17]]. Aksara Carakan iki jenengé dijupuk saka limang aksara wiwitané.
 
== Étimologi lan legèndha asal ꦲꦺꦠꦶꦩꦭꦒꦶ ꦭꦤ꧀ ꦭꦼꦒꦺꦤ꧀ꦝ ꦲꦱꦭ꧀ ==
{{utama|Carita Aji Saka}}
Aksara Carakan jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki kang uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:
ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦕꦫꦏꦤ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦺꦢꦶꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ꦱꦏꦲꦸꦫꦸꦠꦤ꧀ꦭꦶꦩꦁꦲꦏ꧀ꦱꦫꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦏꦁꦲꦸꦤꦶꦤꦺ "ꦲꦤ ꦕꦫꦏ"꧉ ꦲꦸꦫꦸꦠꦤ꧀ꦝꦱꦂꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮꦔ꧀ꦭꦼꦒꦼꦤꦲꦶꦏꦶꦕꦕꦲꦺꦲꦤꦫꦁꦥꦸꦭꦸꦃꦥꦤ꧀ꦔꦼꦭꦩ꧀ꦧꦁꦏꦺꦏꦧꦺꦃꦥ꦳ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦱꦗꦮ꧉ ꦲꦸꦫꦸꦠꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦲꦶꦏꦶꦏꦪꦩꦼꦁꦏꦺꦤꦺ꧇
 
<gallery>
Baris 49 ⟶ 48:
</gallery>
 
:ꦲ ꦤ ꦕ ꦫ ꦏꦲꦤꦕꦫꦏ ha na ca ra ka<br>ꦢ ꦠ ꦱ ꦮ ꦭꦢꦠꦱꦮꦭ da ta sa wa la<br>ꦥ ꦝ ꦗ ꦪ ꦚꦥꦝꦗꦪꦚ   pa dha ja ya nya<br>ꦩ ꦒ ꦧ ꦛ ꦔꦩꦒꦧꦛꦔ  ma ga ba tha nga
 
Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:
:"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"
:"ꦲꦤ ꦕꦫꦏ" ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ "ꦲꦤ ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀"
:"Data sawala" tegesé "Padha kekerengan"
:"ꦢꦠ ꦱꦮꦭ" ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ "ꦥꦝ ꦏꦼꦏꦼꦫꦼꦔꦤ꧀"
:"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
:"ꦥꦝ ꦗꦪꦚ" ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ "ꦥꦝ ꦢꦶꦒ꧀ꦗꦪꦤꦺ"
:"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".
:"ꦩꦒ ꦧꦛꦔ" ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ "ꦥꦝ ꦢꦢꦶ ꦧꦛꦁ"
 
Urutan aksara iki digawé miturut [[dongèng]] yèn aksara Jawa iku diasta déning [[Aji Saka]] saka [[India|Tanah Hindhustan]] menyang [[Tanah Jawa]]. Banjur Aji Saka ngripta urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti panakawané; Dora lan Sembada, kang setya nganti mati. Loro-loroné mati amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Carakan supaya bisa kanggo nulis layang.
 
== Sajarah aksara Jawa Carakan ꦱꦗꦫꦃ ꦲꦏ꧀ꦱꦫ ꦗꦮ ꦕꦫꦏꦤ꧀ ==
[[Gambar:Brahmika.svg|thumb|Aksara ka ing aksara Brahmi kang diwèhi sandhangan]]
'''Aksara Carakan''' iku baboné [[aksara Brahmi]] kang asalé saka Hindhustan. Ing anak bawana Indhia iku akèh rupa-rupaning aksara. Salah sijining aksara kang wigati iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidul. Aksara iki inaranan mengkéné miturut jenengé salah siji karaton ing Indhia kidul ya iku [[Karajan Pallawa]]. Aksara Pallawa iki digunakaké ing kiwa tengené abad [[kaping 4 Masèhi]]. Ing Nusantara patilasan sajarah arupa prasasti Yupa saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis nganggo aksara [[Pallawa]]. Aksara Pallawa iki dadi baboné kabèh aksara Nusantara, antarané aksara Carakan uga aksara Réncong (aksara Kaganga), ''Surat Batak'', ''aksara Makassar'' lan ''aksara Baybayin'' (aksarané saka Filipina).
Baris 92 ⟶ 87:
Ing Tanah Jawa, aksara iki tuwa dhéwé tinemu ing [[Prasasti Plumpungan]] (cedhak [[kutha Salatiga|Salatiga]]) kang kurang luwih ditulis ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa Sangskreta.
 
=== Aksara Kawi Pungkasan ꦲꦏ꧀ꦱꦫ ꦏꦮꦶ ꦥꦸꦁꦏꦱꦤ꧀ ===
Kira-kira sawisé taun 925, punjer kakuwasan ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa Wétan. Pangalihan kakuwasan iki uga katon prabawané ing jinising aksara kang kanggo. Mangsa aksara Kawi Pungkasan iki kira-kira saka taun 925 nganti 1250. Sajatiné aksara Kawi Pungkasan ora béda akèh ing wujudé karo aksara Kawi Wiwitan, namung gayané waé kang dadi rada séjé.
 
Baris 122 ⟶ 117:
Aksara-aksara Carakan awal iki dhapuré mèmper kabèh saka Banten ing sisih kulon nganti tekan Bali. Nanging banjur akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksara Carakan lan pindhah nganggo [[Pégon]] lan aksara Carakan gaya Surakartan kang dadi baku. Nanging saka kabèh aksara iku, aksara Bali kang dhapuré tetep padha nganti ing [[abad kaping 20]].
 
== Aksara Carakan ing média cithak ꦲꦏ꧀ꦱꦫ ꦕꦫꦏꦤ꧀ ꦲꦶꦁ ꦩꦺꦢꦶꦪ ꦕꦶꦛꦏ꧀==
Aksara Carakan wiwit kanggo nyithak buku ing purwané [[abad kaping 19]].
Tèknik médhia cithak wiwit ditepangi purwané ing Éropah ing tengahé abad kaping 15 ing kiwa-tengené taun 1450. Sing kapisan ngripta iku [[Johannes Gutenberg]] saka [[Jerman]]. Mawa sistém Gutenberg iki, dadi sawijining tèks ora usah ditulad mawa tangan manèh déning sawijining juru tulis nanging bisa dicithak. Akibaté buku-buku bisa diprodhuksi massal lan éwadéné bisa diedol luwih murah lan panyebarané luwih jembar.
Baris 186 ⟶ 181:
|}
 
== Komputerisasi aksara Carakan ꦏꦩ꧀ꦥꦸꦠꦼꦫꦶꦱꦱꦶ ꦲꦏ꧀ꦱꦫ ꦕꦫꦏꦤ꧀ ==
Wiwit dasawarsa [[1980]]-an pungkasan lan purwané [[1990]]-an, aksara Carakan uga digawèkaké ''[[font]]'' ing kanggo panrapan ing komputer. Salah siji kang kapisan nggawé ''font'' aksara Jawa iku [[Willem van der Molen]], dhosèn filologi lan sastra Jawa Kuna ing [[Univèrsitas Leiden]]
Upaya integrasi diperlokaké supaya saben anggota aksara Jawa duwé kodhe kang mligi kang diakoni ing saindhenging donya. Jeroen Hellingman ngajokaké proposal ndaftaraké aksara iki sajeroning [[Unicode]] ing tengahan taun 1993 lan Maret 1998. Sabanjuré, [[Jason Glavy]] nggawé "[[font]]" aksara Jawa kang diédharaké kanthi bébas wiwit taun 2002 lan ngajokaké proposal uga menyang [[Unicode]].
Baris 195 ⟶ 190:
Alokasi Memori Aksara Jawa (Javanese) ing Unicode 5.2.0 ya iku ing alamat A980 nganti A9DF<ref>[http://unicode.org/charts/PDF/UA980.pdf Tabel Unicode Aksara Jawa (Hanacaraka)]</ref>.
 
== Aksara Carakan kanggo basa séjé saliyané Jawa ꦲꦏ꧀ꦱꦫ ꦕꦫꦏꦤ꧀ ꦏꦁꦒꦺꦴ ꦧꦱ ꦱꦺꦗꦺ ꦱꦭꦶꦪꦤꦺ ꦗꦮ ==
[[Gambar:Raden Segara (Madurese in Javanese script-published in 1890) (cropped).jpg|thumb|Tulisan basa Madura mawa Carakan]]
Carakan uga dienggo nulis basa-basa liya, saliyané basa Jawa. Conto kang cetha banget tamtuné basa Bali. Basa Bali Kuna ditulis nganggo sawijining aksara kang bisa diarani séjé. Nanging mbokmenawa sawisé jaman Majapait, aksara Carakan gaya Jawa dadi kanggo nganti sapréné. Dadi aksara Bali modhèren iku yèn dirunut sarasilahé asalé saka aksara Majapait lan ora saka aksara Bali Kuna.
Baris 205 ⟶ 200:
Banjur ing wusana, aksara Carakan uga kadhangkala dienggo nulis basa Malayu. Lumrahé wujudé layang kang tinulis déning wong-wong kang dudu kalebu wong pribumi ing Tanah Jawa utawa Bali lan dadi ora nguwasani basa lokal.
 
== Aksara Carakan ꦲꦏ꧀ꦱꦫ ꦕꦫꦏꦤ꧀ ==
Aksara Carakan iku bisa dipérang dadi pamérangan gaya Jawa utawa gaya Sangskreta. Ing ngisor iki loro-loroné kapacak. Nanging kang kapacak ing ngisor iki aksara Carakan baku gaya Jawa.
 
=== Pamérangan gaya Jawa ꦥꦮꦺꦫꦔꦤ꧀ ꦒꦪ ꦗꦮ ===
Basa Jawa bisa dipérang dadi pirang-pirang jinis.
 
==== Aksara nglegena ꦧꦏ꧀ꦱꦫ ꦔ꧀ꦉꦒꦤ ====
{| border="1" cellpadding="3" style="border-collapse: collapse;text-align:center;"
|-bgcolor="#f0f0f0"
Baris 249 ⟶ 244:
Ing aksara Carakan, aksara nglegena cacahé ana 20. Aksara iki kabèh nglambangaké foném-foném basa Jawa.
 
==== Sandhangan swara ꦱꦤ꧀ꦝꦔ꧀ ꦱ꧀ꦮꦫ ====
{| border="1" cellpadding="3" style="border-collapse: collapse;text-align:center;"
|-bgcolor="#f0f0f0" class=IPA
Baris 272 ⟶ 267:
* [[Taling tarung]] ngowahi swara dadi /o/
 
==== Sandhangan panyigeging wanda ꦱꦤ꧀ꦝꦔꦤ꧀ ꦥꦚꦶꦒꦼꦒꦶꦁ ꦮꦤ꧀ꦢ ====
Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan kang nggawé sigeging wanda utawa matèni swara. Sandhangan iki ana: layar, wignyan, cecak lan patèn.
 
Baris 286 ⟶ 281:
|}
 
;Cecak ꦕꦼꦕꦏ꧀
[[Cecak (Hanacaraka)|Cecak]] iku mènèhi foném /ŋ/ ing sawijining aksara
 
;Wignyan ꦮꦶꦒ꧀ꦚꦤ꧀
[[Wignyan]] iku mènèhi foném /h/ ing sawijining aksara
 
;Layar ꦭꦪꦂ
[[Layar]] iku mènèhi foném /r/ ing sawijining aksara
 
;Patèn utawa pangkon ꦥꦠꦺꦤ꧀ ꦲꦸꦠꦮ ꦥꦁꦏꦤ꧀
[[Patèn]] utawa pangkon iku kanggo matèni sawijining aksara supaya ora ana swarané manèh. Sing kéri mung konsonané utawa wyanjanané.
 
==== Sandhangan wyanjana ꦱꦤ꧀ꦝꦔꦤ꧀ ꦮꦾꦤ꧀ꦗꦤ ====
Sandhangan wyanjana iku cacahé ana telu lan diarani cakra, keret, lan péngkal.
 
Baris 312 ⟶ 307:
|}
 
;Cakra ꦕꦏꦿ
[[Cakra]] iku mènèhi wanda /ra/ ing sawijining aksara. Aksara kang wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh.
 
;Keret ꦏꦼꦉꦠ꧀
[[Keret]] iku mènèhi wanda /re/ ing sawijining aksara.
 
;Péngkal ꦥꦺꦁꦏꦭ꧀
[[Péngkal]] iku mènèhi wanda /ya/ ing sawijining aksara, mèmper cakra. Aksara kang wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh, ya kaya cakra.
 
{{clear}}
 
==== Pasangan aksara ꦥꦱꦔꦤ꧀ ꦲꦏ꧀ꦱꦫ ====
{| border="1" cellpadding="3" style="border-collapse: collapse;text-align:center;"
|-bgcolor="#f0f0f0"
Baris 345 ⟶ 340:
Kabèh aksara uga nduwé sawijining pasangan kang bisa ''matèni'' aksara sadurungé.
 
==== Aksara swara ꦲꦏ꧀ꦱꦫ ꦱ꧀ꦮꦫ ====
{| border="1" cellpadding="3" style="border-collapse: collapse;text-align:center;"
|-bgcolor="#f0f0f0" class=IPA
Baris 360 ⟶ 355:
Aksara swara iku aksara swatantra kang nglambangaké vokal bébas. Ing Carakan aksara iki ya iku: '''a''', '''i''', '''u''', '''é''', lan '''o'''. Banjur '''re''' (diarani '''pa cerek''') lan '''le''' (diarani '''nga lelet''') uga diarani aksara swara. Alesané amarga ing basa Sangskreta "re" lan "le" kang tinulis ''ṛ'' lan ''ḷ'', kaanggep aksara swara. Mulané ora ana aksara swara kang nglambangaké pepet amarga ing basa Sanskreta ora ana pepet.
 
==== Aksara murda ꦲꦏ꧀ꦱꦫ ꦩꦸꦂꦢ ====
{| class="wikitable"
|+
Baris 392 ⟶ 387:
Ing dhuwur iki bisa dideleng yèn ora kabèh aksara nduwé aksara lan pasangan. Banjur aksara sa ana loro cacah jinisé. Tulisan ''sa-'' ngrujuk ing aksara kang diarani '''sa kembang'''.
 
==== Aksara rékan ꦲꦏ꧀ꦱꦫ ꦫꦺꦏꦤ꧀ ====
{| class="wikitable"
|+
Baris 409 ⟶ 404:
Aksara rékan iku aksara-aksara Carakan kang ditambahi tandha dhiakritik arupa '''cecak telu'''. '''Cecak telu''' iki karepé kanggo "ngréka" foném-foném saka basa ngamanca, mligi [[basa Arab]]. Mula diarani aksara rékan. Aksara rékan iki wujudé ora béda karo aksara biyasa namung ana cecak teluné waé. Yèn ora ngerti pocapané, aksara rékan iki bisa diucapaké miturut pocapan Jawané.
 
==== Angka ꦲꦁꦏ ====
{| border="1" cellpadding="3" style="border-collapse: collapse;text-align:center;"
|-bgcolor="#f0f0f0"
Baris 423 ⟶ 418:
Carakan uga nrapaké angangka angka dhésimal.
 
==== Pada ꦥꦢ ====
Pada iku tandha-tandha kanggo nulis.
 
Baris 466 ⟶ 461:
|}
 
== Gagrag ꦒꦒꦿꦒ꧀ ==
 
Miturut wangun aksara, panulisan aksara Jawa kapérang dadi 3 ya iku:
* Ngetumbar ꦔꦼꦠꦸꦩ꧀ꦧꦂ
[[Gambar:aj-ngtmbr.png]]
* Mbata Sarimbag ꦩ꧀ꦧꦠ ꦱꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒ꧀
[[Gambar:aj-bs.png]]
* Mucuk eri ꦩꦸꦕꦸꦏ꧀ ꦲꦼꦫꦶ
 
{{br}}
Baris 479 ⟶ 474:
Miturut tlatah asal Pujangga/Manuskrip, kaloka gagrag panulisan aksara Jawa:
 
* Jogjakarta ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦗꦏꦂꦠ
[[Gambar:Aj-jogja.png]]
* Surakarta ꦱꦸꦫꦏꦂꦠ
[[Gambar:Aj-solo.png]]
* Liyané:
Baris 490 ⟶ 485:
[[Gambar:Carakan_Gagrag_Linge.png]]
 
== Filsafat Paku Bawana IX ꦥ꦳ꦶꦭ꧀ꦱꦥ꦳ꦠ꧀ ꦥꦏꦸ ꦧꦮꦤ ꧇꧙꧇ ==
[[Filsafat]] hanacaraka kawedharaké déning [[Paku Bawana IX]] dicuplik déning [[Yasadirupa]] minangka bahan saraséhan kang kagelar ing [[Balai Kajian dan Aji Tradisional Yogyakarta]] nalika tanggal [[13 Juli]] [[1992]]. Irah-irahan makalah kang kaasta [[Yasadipura]] ya iku 'Basa Jawi ing Tembé Wingking Sarta Aksara Jawi kang Mawa Tuntutan Panggalih Dalem Ingkang Sinuhun Paku Bawana IX' ing [[Kraton Surakarta Hadiningrat]]. Sajeroning makalah iku dingendikaké déning [[Yasadipura]] (1992:9-10) yèn [[Paku Bawana IX]] maringaké wewarah dhedhasar hanacaraka lan sabanjuré, kang kapurwakan kanthi sekar [[Kinanthi]]. Ajaran/wewarah filsafat urip dhedhasar aksara Jawa iku ya iku:
* '''ha-na-ca-ra-ka''' ateges ana utusan ya iku utusan urip, wujudé napas kang kajibah manunggalake jiwa lan raganing [[manungsa]]. Karepe ana kang paring kapitayan, ana kang dipercaya, lan ana kang dipercaya kanggo makarya. Telung prakara iku nanging [[Allah]], [[manungsa]] lan jejibahane [[manungsa]] (minangka titah).
Baris 497 ⟶ 492:
* '''ma-ga-ba-tha-nga''' ateges nampa sakabehing dhedhawuhan sarta larangane Allah Kang Maha Kuwasa (takwa). Maksudé, [[manungsa]] kudu pasrah, sumarah marang garising diwajibake, sanajanta [[manungsa]] diparingi wenang kanggo ngiradati, budidaya kanggo nanggulangi. Wusanané, kabèh mung ana panguwasané [[Allah]].
 
== Cathetan sikil ꦕꦛꦼꦛꦤ꧀ ꦱꦶꦏꦶꦭ꧀ ==
{{reflist}}
 
== Uga delengen ꦲꦸꦒ ꦗꦼꦊꦔꦤ꧀ ==
* [[Wikipedia:Aksara Jawa]]
* [[Wikipedia:Nulis Aksara Jawa]]
 
== Sumber ꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ ==
[[Gambar:Contoh kamus Jawa-Belanda GR.jpg|thumb|Conto gambar bausastra [[basa Jawa]]-[[basa Walanda|Walanda]], wetonan taun [[1903]].]]
* J.G. de Casparis. 1975. ''Indonesian Palaeography''. Leiden: Brill
Baris 512 ⟶ 507:
* [[W.J.S. Poerwadarminta]]. 1953. ''Sarining Paramasastra Djawa''. Djakarta: Noordhoff-Kolff
 
== Pranala njaba ꦥꦿꦤꦭ ꦚ꧀ꦠꦧ ==
{{Commons|Javanese script}}
* {{jv}} [http://hanacaraka.fateback.com Font Carakan] Font hanacaraka saged dipundownload gratis.