Basa Jawa: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tenger: Besutan punsèl Besutan wèb punsèl
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
ganti isi, replaced: sing → kang (14)
Larik 29:
|notice=IPA
}}
'''Basa Jawa''' ({{lang-jv|ꦧꦱꦗꦮ}}) iku kagolong [[basa Austronesia]], ya iku basa-basa singkang dianggo sawarna-warnané bangsa [[pribumi]] ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk [[kulon]] [[pulo Jawa]], [[Banten]] nganti pucuk wétan [[Banyuwangi]] déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonésia saka [[Sumatra]] nganti [[Papua]], [[Timor Wétan]], [[Malaysia]], [[Singapura]], [[Taiwan]], [[Hong Kong]], [[Walanda]], [[Suriname]], [[Curaçao]], lan ing [[Kalédonia Anyar]].
 
Basa Jawa dadi salah sijiné panyumbang singkang gedhé dhéwé kanggo panuwuhané [[basa Indonésia]]. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa nduwé prabawa luwih akèh tinimbang basa-basa laladan liyané kaya ta ing kosakata, lan istilah-istilah singkang kadhangkala nganggo tembung Jawa.
 
[[Gambar:Jagad Jawa.png|thumb|Peta iki gambar ing endi basa Jawa dianggo ing pasrawungan. Ijo tuwa tegesé basa Jawa basa mayoritas. Banjur ijo enom tegesé basa Jawa basa minoritas.]]
Basa Jawa iku péranganing ''sub-cabang'' ''Sundik'' saka kulawarga basa [[basa Indo-Polinesia Kulon|Indo-Polinesia Kulon]] saka pang [[basa Indo-Polinesia]] singkang gilirané anggota [[basa Austronesia]]. Basa Jawa isih sadulur cedhak basa Malayu, basa Sundha, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.
 
Basa Jawa dipigunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pasisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing karaton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé karaton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing [[abad kaping 18]].
 
Basa Jawa bisa kaanggep salah sijiné basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasusastran singkang wis lawas banget. Lawasé punjul 12 [[abad]]. Para nimpuna basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap:
 
* Basa Jawa Kuna saka [[abad kaping 9]]
Larik 47:
Basa Jawa ditulis mawa/migunakaké [[aksara Jawa]], (salah sijiné keturunan [[aksara Brahmi]] saka India), aksara Jawa-Arab ([[pégon]]) lan aksara Latin <ref>Van der Molen (1983:VII-VIII).</ref>.
 
Sanadyan dudu [[basa resmi]] ing ngendi waé, basa Jawa [[basa Austronesia]] singkang akèh dhéwé cacahé panutur ibuné.<ref>Diirit déning,--ora kalebu dhialèk Cina lan basa Indic kanthi [[Basa kanthi status resmi ing India|status resmi]] [[praja ing India|nagara]]--[[basa Sundha]] saka pérangan kulon pulo Jawa</ref> Basa iki dituturaké lan dingertèni déning kurang luwih 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% singkang ndunungi nagara Indonésia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Mèh kabèh présidhèn Indonésia wiwit taun 1945 iku keturunan [[wong Jawa|Jawa]] (sajatiné kabèh keturunan Jawa, [[B.J. Habibie]] uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora nggumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaribawa akèh ing perkembangané basa Indonésia.
 
Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: [[dhialèk Jawa Kulon]], [[dhialèk Jawa Tengah]], lan [[dhialèk Jawa Wétan]]. Ing pulo Jawa ana singkang diarani ''[[dialect continuum]]'' ('kasinambungan dhialèk') saka [[Banten]] ing ujung kulon tekan [[Banyuwangi]], ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris ''[[mutual intelligibility|mutually intelligible]]'').
 
== Fonologi ==
Larik 138:
 
== Dhialèk-dhialèk basa Jawa ==
Basa Jawa iku akèh banget cara pituturané. Ana dhialèk sosial singkang dibagé miturut hièrarkhi saka kasar tekan alus dadi:
* [[Basa Jawa Ngoko|ngoko]]
* [[Basa Jawa Madya|madya]]
* [[Basa Jawa Krama|krama]]
 
ana basa singkang mligi kanggo keperlon resmi karaton
* [[Basa Jawa Bagongan|bagongan]] (dianggo ing kraton Ngayogyakarta adiningrat)
* [[Basa Jawa Kedhaton|kedhaton]] (dianggo ing kraton Surakarta adiningrat)
Larik 151:
contoné : '''Dagadu''' (tegesé ''matamu''), '''Japé méthé''' (tegesé ''cahé déwé''), lsp.
-->
Kajaba iku, ana dhialèk singkang didasarké tlatahé lan ora sakabèhé dhialèk Jawa dimangarteni déning kabèh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacak pamérangan miturut sawetara ahli basa Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Kajaba iku uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar peta pamérangan dhialèk Jawa. Pamérangan para nimpuna iki rada séjé lan ora sarujuk siji lan sijiné.
 
=== Pamérangan Poerwadarminta ===
Larik 205:
# Dhialèk Kulonan-Tengah
# Dhialèk Wétanan
# Dhialèk "Regional Jawa ing Banyuwangi"<ref>Sajatiné singkang dikarepaké iku [[basa Osing|dhialèk Jawa-Osing]].</ref>
 
== Pamérangan unggah-ungguh basa Jawa ==
Larik 213:
* Basa Krama
 
Banjur uga ana sawetara tetembungan krama inggil lan krama andhap singkang bisa dienggo ing saben ''register''.
 
=== Gunané krama lan kanggoné krama ===
Larik 224:
 
'''Basa Ngoko Alus'''
# Dienggo déning wong-wong sapadha-padha singkang wis kulina nanging isih ngajèni.
# Dienggo wong tuwa marang wong enom kang drajadé luwih dhuwur.
Tuladha: Sampeyan purun nedha sekul lodèh Mas?