Kabupatèn Purwareja: Béda antara owahan

Gedhéné ora owah ,  2 taun kepungkur
ganti isi, replaced: arupa → wujud (4)
(→‎Sajarah: ganti isi, replaced: ananging → nanging)
(ganti isi, replaced: arupa → wujud (4))
 
== Sajarah ==
Kabupatèn Purwareja duwé sajarah sing tuwa, diwiwiti jaman Megalitik disinyalir wis ana kauripan kanthi komunitas tetanèn sing tumata, kabuktèn anané sawetara paninggalan sajarah ing mangsa MEGALITH arupawujud MENHIR watu tegak ing sawetara wewengkon Kacamatan ing Kabupatèn Purwareja. Nalika jaman Hindhu Klasik, kawasan Tanah Bagelèn duwé peran wigati sajeroning sajarah Kraton [[Mataram Kuna]] (Hindhu). Tokoh Sri Maharaja Balitung Watukoro kaloka minangka Maharaja Mataram Kuna gedhé dhéwé, kanthi wewengkon kakuwasan nyakup: [[Jawa Tengah]], [[Jawa Wétan]] lan sawetara wewengkon ing njaban [[Pulo Jawa]].
 
Prof. [[Poerbatjaraka]] mratélakaké yèn Sri Maharaja Balitung Watukoro asal saka laladan Bagelèn. Indhikasi iki kacetha ing jeneng "Watukoro" sing dadi jeneng sawijining [[kali]] gedhé, kali iki ingaran uga kanthi jeneng [[Kali Bogowonto]]. Diarani mangkono, ngèlingi ing jaman iku ing gisiking kali kerep katon pandhita (Begawan).
 
Petilasan suci arupawujud [[lingga]], [[yoni]] lan [[stupa]] panggonan para begawan ngayahi upacara bisa dipirsani ing wewengkon [[Balédana, Loano, Purwareja|Kalurahan Balédana]], [[Loano, Purwareja|Kacamatan Loano]] lan Bagelen. Désa Watukoro dhéwé dumunung ing sungapan kali Bogowonto lan kalebu wewengkon [[Purwadadi, Purwareja|Kacamatan Purwadadi]].
 
Pangembangan Agama [[Islam]] ing wewengkon Purwareja, diayahi déning Ki Cakrajaya, tukang nderes [[legèn]] utawa badhèg saka Bagelen, murid saka [[Sunan Kalijaga]]. Ki Cakrajaya luwih kaloka kanthi sebutan [[Sunan Geseng]]. Paninggalan Sunan Geseng akèh tinemu ing Bagelen lan Loano.
 
== Géografi ==
Sisih kidul wewengkon Kabupatèn Purwareja arupawujud dhataran cendhèk. Sisih lor arupawujud pagunungan, péranganing [[Pagunungan Serayu]]. Ing tapel wates karo DIY, dumunung [[Pagunungan Menorèh]].
 
Purwareja dumunung ana ing jalur utama lintas kidul Pulo Jawa. Kabupatèn iki uga diliwati jalur sepur, kanthi stasiun gedhé dhéwé ing [[Kuthaarja, Purwareja|Kuthaarja]].
352.737

besutan