Gègèr Sepèi: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Latar mburi: ganti isi, replaced: niat → niyat
Ganyong (parembugan | pasumbang)
Larik 18:
Ing dina iku uga, Raffles ngada-ada Sultan supaya paring panguwasané marang putra makutha kang banjur ditampik déning Sultan. Ing 19 juni 1812, pasukan Inggris wiwit némbakaké meriyem menyang kraton kanggo ngancam, nanging ora digagas déning sultan. Kedadéan  ing ''bastion'' pojok lor wétan kang ing kono meriyem Kyai Nagarunting njeblug nalika digunakaké, njalari sawetara prajurit saka brigade Setabel, pasukan bala meriyem saka kraton nandang tatu mlosoh. Sawijining gudhang amunisi kang dijaga déning prajurit  brigade Bugis uga kalapuraké njeblug marga peluru saka mriem inggris. Palagan utama dumadi ing 20 Juni 1812 kang dimenangi déning Inggris. Ing ésuk dina sabanjuré, wadyabala Inggris mlebu ing kraton migunakaké [[andha]] pring kang disiapake déning Kapiten  Cina aran Tan Jin Sing. Saliyané iku, ''plengkung'' Tarunasura lan régol Pancasura uga dirusak nganggo mriyem. Dredah kuwi njalari pira-pira kulawarga Kraton Yogyakarta nemahi pralaya, kalebu putra mantu sultan (KRT Sumadiningrat, senapati saka kraton) lan Ratu Kedaton. Nalika wadyabala Inggris kasil ngepung ''kedhaton'', Sultan Hamengkubuwana II kang ngagem rasukan sarwa putih banjur pasrah. Kabéh gaman lan ageman sultan dalah sentana dalem dilucuti dening wadyabala inggris. Sultan banjur diarak menyang omah Residhen<ref>{{Cite news|url=https://nationalgeographic.co.id/berita/2013/11/tatkala-raffles-menjarah-keraton-yogyakarta|title=Tatkala Raffles Menjarah Keraton Yogyakarta|date=2013-11-20|work=National Geographic Indonesia|access-date=2018-02-06|language=id}}</ref> kang saiki diarani Gedhung Agung.
 
Pasukan Inggris njarah bandhané kraton kalebu naskah-naskah ana kraton digawa menyang Inggris. Cacah saka teks kang digawa kira-kira luwih saka 7000 besik.<ref>ABK. 15 Mei 2012. [http://sains.kompas.com/read/2012/05/15/0404163/Sultan.Minta.Naskah.Kuno.Keraton.Dikembalikan Sultan Minta Naskah Kuno Keraton Dikembalikan].</ref> Déné kang saiki bisa kalacak mung sapérangan waé, kaya ta kang digawa Kolonèl Colin Mackenzie menyang [[Benggala]] taun 1813 cacah 66 besik lan saiki kasimpen ing The Mackenzie Private Collection, cacah 45 besik digawa [[John Crawfurd]] lan taun 1842 didol menyang [[British Mueum]] lan gurnadur jéndéral [[Rafflès]] uga nyekel 55 besik kang sapungkuré banjur diwènèhaké menyang [[Royal Asiatic Sosiety]].
Kajaba iku saanané penganggon, gaman, wayang, gamelan ing kraton uga diangkut menyang Benteng Vredeberg nggunakaké kréta lan kuli-kuli. Pusaka aran Kiai Paningset, Kiai Sangkelat, Kiai Urub, Kiai Jingga, Kiai Gupita, Kiai Jaka Piturun lan Kiai Mèsem uga digawa.<ref>{{Cite news|url=http://www.akarasa.com/2016/11/tuah-kutukan-hamengkubuwono-i-atas.html|title=Tuah Kutukan Hamengkubuwono I Atas Ambruknya Yogyakarta Dalam Geger Sepoy|work=Akarasa|access-date=2018-02-06|language=en-US}}</ref> Nanging, nalika jumenengan Sultan Hamengkubuwana III, pusaka keris dibalekaké manèh menyang kraton.
 
== Asil pungkasan ==