Ing [[taun 1987]], ditandatangani [[Protokol Montreal]], salah sijiné perjanjen kanggo nglindungi tumorapé lapisan ozon. [[Protokol]] iki sak banjure ''diratifikasi'' déning 36 [[nagara]] kalebu [[AmérikaAmérikah Sarékat]]. Pelarangan total tumprapé panggunaan [[CFC]] taun 1990 diusulaké déning komunitas [[eropa]] ing [[taun 1989]], kang uga disetujui déning [[Présidhèn]] [[AS George Bush]]. Ing [[Dhésèmber]] [[1995]], punjul 100 nagara setuju kanggo kanthi bertahap ngendeg produksi [[pestisida metil bromida]] ing nagara-negra maju. Bahan iki diperkirakaké bisa ngakibataké kurangé lapisan ozon nganti 155 ing [[taun 200]]. ''CFC'' Ora diprodhuksi manèng ing nagara maju ing kiwa-tengené [[taun 1995]] lan dimandeggaké sacar bertahap ing nagara tumuwuh nganti [[taun 2010]]. [[Hidrofluorokarbon]] utawa [[HCFC]], kang luwiih sitik nyebapaké rusaké lapisan ozon ''CFC'', digunakaké sawetara minangka gantiné ''CFC'', saéngga [[taun 2020]] ing nagara maju lan 2016 ing nagara tumuwuh. Kanggo ngerteni muduné ozon kanthi global, ing [[taun 1991]] [[National Aeronautics and Space Administration]] ([[NASA]]) ngluncurake [[Satelit Peneliti Atmosfer]]. satelit kanti bobot 7 ton iki ngorbit ing keduwuran 600 km kanggo ngukur variasi ozoning pira-pira keduwurann lan nyediakaké gambaran jelas pertama babagan [[atsmofer]] ing dhuwur.<ref name="Bernadette West 1998"/>