Basa krama: Béda antara owahan

300 bèt wis ditambahake ,  1 taun kepungkur
{{Other uses|Krama}}
'''Basa krama''' (uga kaaran '''subasa''' lan '''parikrama'''<ref>{{Cite book|url=https://www.sastra.org/katalog/judul?ti_id=75|title=Serat Bausastra: Jarwa Kawi|last=Sasradiningrat|first=Bendara Kangjeng Radèn Adipati|last2=Wirapustaka|first2=Ngabèi|publisher=Sie Dhian Hö|year=1903|isbn=|location=Surakarta|pages=1082}}</ref>) iku [[basa Jawa]] kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang krama. Ater-ater (préfik) lan panambang (sufik) krama ana ''dipun-'', ''-(n)ipun'', lan ''-(k)aken''. Tembung krama inggil lan tembung krama andhap uga sok kaanggo ing basa krama iki kanggo mbédakaké basa krama kang alus lan kang kurang alus. Mula, basa krama kapérang loro, ya iku basa krama lugu lan krama alus. Ing pamulangan duk nguni, basa krama sok kapérang telung tataran saka ngisor mandhuwur: wrédha krama, kramantara, lan mudha krama.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}}
 
== Pérangan ==
Basa wréda krama iku basa krama kang dianggo wong tuwa (wrédha) marang wong enom. Tembung-tembung kang kaanggo iku kabèh krama, nanging panambang kang kaanggo iku ngoko: ''-(n)é'' utawa ''-(k)aké''.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}} Ing isor iki conto ukara ing basa wréda krama.
 
Pun anak punapa ajeng nedha ulam ménda, '''di'''saté raos'''é''' éca, pun Monah saged ambakar'''aké'''.<ref name=":0">{{Cite book|url=https://www.sastra.org/katalog/judul?ti_id=165|title=Kawruh Basa|last=Prajapustaka|first=Mas Ngabèi|publisher=N. V. Mardi Mulya|year=1925|isbn=|location=Ngayogyakarta|pages=5-6}}</ref>
 
Conto ing dhuwur nganggo tembung krama, déné ater-ater lan panambangé nganggo ngoko.
Basa kramantara iku basa krama kang dianggo wong-wong kang tatarané (kalungguhané, pangkaté, sekolahé, utawa umuré) padha. Tembung-tembung kang kaanggo iku kabèh krama, samono uga ater-ater lan panembang kang kaanggo: ''dipun-'', ''-(n)ipun'', lan ''-(k)aken''.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}} Basa kramantara mirib basa wrédha krama, mung béda ing panganggoning ater-ater lan panambang. Ing isor iki conto ukara ing basa kramantara.
 
Kang sarira punapa ajeng nedha ulam ménda, dipunsaté raosipun éca, pun Monah saged ambakaraken.<ref name=":0" />
 
Conto ing dhuwur mung nganggo tembung krama.
Basa mudha krama utawa basa krama lugu iku basa krama kang dianggo wong enom (mudha) marang wong tuwa. Tembung-tembung kang kaanggo iku krama kanthi campuran krama inggil lan krama andhap. Ater-ater utawa panambang kang kaanggo uga krama.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}} Ing isor iki conto ukara ing basa mudha krama.
 
'''Panjenengan sampéyan''' ''punapa'' '''karsa''' '''dhahar''' ''ulam'' ''ménda''.<ref name=":0" />
 
Conto ing dhuwur nganggo tembung krama lan krama inggil (''panjenengan sampéyan'', ''karsa'', lan ''dhahar'')
63.029

besutan