Basa ngoko: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 1:
{{Other uses|Ngoko}}
'''Basa ngoko''' (uga karan '''basa Jawa dwipa{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}''') iku [[basa Jawa]] kang nganggo [[Tembung ngoko|tembung]], ater-ater, lan panambang ngoko. [[Ater-ater]] lan [[panambang]] ngoko ana ''dak-'', ''ko-'', ''di-'', ''-ku'', ''-mu'', ''-(n)é'', lan ''-(k)aké''.
 
Saka panganggoné jaman saiki, ana basa ngoko kang dianggep alus lan ana ora alus. Mula, basa ngoko banjur kapérang loro, ya iku basa ngoko alus lan basa ngoko lugu. Duk nguni, basa ngoko kapérang telu: ngoko lugu, ngoko antya-basa, lan ngoko basa antya.{{sfn|Suwadji|2013|pp=10-11}}
Larik 9:
=== Lawasan ===
[[File:Javanese speech levels (old).png|thumb|300px|Unggah-ungguh Jawa kang lawas]]
Basa krama kang lawas kapérang telu: ngoko lugu, ngoko antya-basa, lan ngoko basa-antya.{{sfn|Suwadji|2013|pp=10-11}}{{sfn|Harjawiyana|Supriya|2001|p=18}}{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}} Ana uga kang mérang basa ngoko dadi basa ngoko lugu lan basa ngoko andhap. Basa ngoko andhap banjur kapérang manèh dadi basa ngoko antya-basa lan basa ngoko basa-antya.'''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}'''{{sfn|Harjawiyana|Supriya|2001|p=18}}<ref name=":1">{{Cite magazine|last=|first=|date=1903-08-09|title=Antya basa lan basa antya|url=https://www.sastra.org/koran-majalah-dan-jurnal/sasadara/543-sasadara-radya-pustaka-1903-08-1808?k=madyantara|magazine=Sasadara|doi=|pmid=|access-date=}}</ref>
 
==== Ngoko lugu ====
Basa ngoko lugu iku basa ngoko kang mung nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko.'''''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}'''''{{sfn|Suwadji|2013|pp=10-11}}{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}} Panganggoning basa ngoko lugu padatané ing guneming bocah marang bocah, wong tuwa marang wong nom tanpa ngajèni, bandara marang abdiné.'''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}''' Ing isor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko lugu.
 
# ''Kowé apa arep mangan iwak wedhus?''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}}
# ''Aku arep menyang pasar. Kowé tunggua omah!'''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}'''''
 
Kabèh tembung ing conto iku ngoko.
 
==== Ngoko antya-basa ====
Basa ngoko antya-basa iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko kanthi woworan [[tembung krama inggil]].'''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}'''{{sfn|Suwadji|2013|pp=10-11}}{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}} Madyama purusa kang kaanggo iku tembung ''sliramu'' utawa ''sariramu''. Panganggoning basa ngoko antya-basa padatané ing guneming wong tuwa marang wong nom kang pangkat luwih dhuwur lan priyayi marang priyayi kang wis raket banget.'''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}''' Ing isor iki conto ukara kang nganggo basa antya-basa.
 
# '''''Sarira'''mu apa '''karsa''' '''dhahar''' iwak wedhus?''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}}
# '''''Slira'''mu apa ora '''tindak''' menyang kantor?'''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}'''''
 
Tembung ''sarira'' utawa ''slira'', ''karsa'', ''dhahar'', lan ''tindak'' ing conto minangka éwoning tembung krama inggil.
 
==== Ngoko basa-antya ====
Basa ngoko basa-antya iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko kanthi woworan [[tembung krama]] saha tembung krama inggil.'''''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}'''''{{sfn|Suwadji|2013|pp=10-11}}{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}} Madyama purusa kang kaanggo iku tembung ''panjenengan''.'''''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}''''' Ana sawatara tembung ngoko kang ora kena dikramakaké supaya dumadi basa ngoko basa-antya, ya iku: ''ana'', ''endi'', ''ora'', ''arep'', ''aku'', ''iki'', ''iku'', ''utawa'', ''isih'', ''apa'', ''aja'', ''iya'', ''amarga'', ''enggon'', ''kana'', ''kéné'', ''kono'', ''karo'', ''kapan'', ''kepriyé'', ''kang'', ''durung'', ''dudu'', ''saiki'', ''saprana'', ''sapréné'', ''saprono'', ''samana'', ''saméné'', ''samono'', ''sing'', ''wis'', ''lagi'', ''pira'', ''dhèk'', ''jaré'', ''mau'', ''manèh'', ''menawa'', ''menyang'', ''marang'', ''mung'', ''mengko'', ''mangkana'', ''mengkéné'', ''mengkono'', ''baé'', lan ''nganti''.<ref name=":1" /> Manawa tembung-tembung mau, ater-ater, lan panambang kakramakaké kang dumadi destun malah basa mudha krama, dudu basa ngoko basa-antya. Panganggoning basa ngoko basa-antya padatané ing guneming wong tuwa marang wong nom kang pangkat luwih dhuwur.'''''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}''''' Ing isor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko basa-antya.
 
# '''''Panjenengan'''mu apa '''karsa''' '''dhahar''''' ''<u>ulam</u>'' ''<u>ménda</u>''?{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}}
# ''Yèn '''panjenengan''' wis '''kagungan''' <u>wekdal</u>, mbok ya '''maringi''' <u>serat</u>''.'''''{{sfn|Padmosoekotjo|1953/56|pp=13-15}}'''''
 
Tembung ''panjenengan'', ''karsa'', ''dhahar, kagungan,'' lan ''maringi'' ing conto minangka éwoning tembung krama inggil, déné tembung ''ulam'', ''ménda'', ''wekdal'', lan ''serat'' minangka éwoning tembung krama.