Kaji: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Arafah: ganti isi, replaced: arupa → wujud
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c dandani pangéja, replaced: sawetara → sawatara (3) using AWB
Larik 1:
[[Gambar:Supplicating Pilgrim at Masjid Al Haram. Mecca, Saudi Arabia.jpg|300px|thumb|top|Ritual haji, rukun Islam kang pungkasan.]]
{{Islam}}
'''Kaji''' utawa '''haji''' iku rukun (cagak agama) Islam kang kalima sawisé [[Sahadat|syahadat]], [[salat]], jakat lan pasa. Nglakoni ngibadah kaji minangka wujud ritual taunan kang dilakoni kaum [[muslim]] sadonya kang kuwawa (materi, fisik, lan ngèlmuné) kanthi teka lan nglakoni sawetarasawatara kagiyatan ing sawetarasawatara panggonan suci ing [[Arab Saudi]] ana ing wektu kang kaloka minangka mangsa kaji (bulan [[Dzulhijjah]]). Bab iki béda karo ngibadah [[umrah]] kang bisa ditindakaké nalika-wektu. Kagiatan inti ngibadah kaji diwiwiti tanggal 8 Dzulhijjah nalika umat Islam nginep ing [[Mina]], [[wukuf]] ing [[Arafah|Padang Arafah]] tanggal 9 Dzulhijjah, lan mungkasi sawisé mbalang jumrah (watu simbul sétan) ing tanggal 10 Dzulhijjah. Masarakat Indonésia biyasa nyebut dina riyaya [[Idul Adha]] minangka Dina riyaya kaji amarga bebarengan karo karaméan ngibadah kaji.
 
== Dhéfinisi ==
Larik 7:
 
== Latar buri ngibadah kaji ==
Wong-wong [[Arab]] jaman jahiliah wis kenal ngibadah kaji iki kang diwarisi saka leluhuré kanthi owah-owahan sawetarasawatara. Nanging, wangun lumrahé isih tetep padha, kaya ta thawaf, sa'i, wukuf, lan mbalang jumrah. Mung waé tatacarané akèh kang ora cocog karo saréngat kang sabeneré. Mula, Islam banjur teka lan ndandani segi-segi kang klèru lan tetep nglakoni apa kang wis cocog karo pituduh syara' (saréngat), kaya déné kang diatur déning [[al-Qur'an]] lan [[sunat]] rasul.<ref name="Haji1"/> Latar belakang ngibadah kaji iki uga didhasaraké marang ngibadah kang dilakoni déning para nabi sajeroning agama Islam, mligi [[Ibrahim|nabi Ibrahim]] (nabiné agama [[Tauhid]]). Ritual [[Tawaf|thawaf]] didhasaraké marang ngibadah kang dilakoni déning umat-umat sadurungé nabi Ibarahim. Ritual [[sa'i]], ya iku mlayu-mlayu antara bukit [[Shafa]] lan [[Marwah]] uga didhasaraké kanggo mèngeti ritual kang dilakoni déning garwané nabi Ibrahim nalika golèk banyu kanggo anaké [[Ismail|nabi Ismail]]. Déné wukuf ing Arafah iku ritual kanggo mèngeti panggonan ketemuné [[Adam|nabi Adam]] lan Siti Hawa ing donya, ya iku mula bukané kelairan kabèh umat manungsa.
 
== Jinis ngibadah kaji ==