Proklamasi kamardikan Indonésia: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎Latar wuri: ndandani pangéja, replaced: Amérika Sarékat → Amérikah Sarékat (2) using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c dandani pangéja, replaced: sawetara → sawatara (2) using AWB
Larik 1:
[[Gambar:Indonésia declaration of independence 17 August 1945.jpg|thumb|Soekarno maca naskah Proklamasi sing wis diketik Sajuti Melik lan wis ditandatangani Soekarno-Hatta]]
 
'''Proklamasi Kamardikan Indonésia''' Jumat, 17 Agustus 1945 Taun Masehi, utawa 17 Agustus 2605 miturut [[taun Jepang]], utawa 17 Ramelan 1365 Taun Hijriyah diwacakaké déning Ir. [[Soekarno]] sing didhampingi déning Drs. [[Mohammad Hatta]] ing Dalan Pegangsaan Wétan 56, Jakarta Pusat. Prosès kanggo nggayuh proklamasi iki ora gampang. Sadurungé wis diwangun sawijining panitia panyelidik, banjur ganti jeneng dadi panitia persiapan, sing diadani déning pamaréntah [[Jepang]]. Ing pungkasan [[Perang Donya II]] ya iku tanggal [[12 Agustus]] [[1945]], Marsekal Terauchi wis ngandaraké marang Soekarno, Hatta lan Radjiman yèn pamaréntah Jepang bakal énggal mènèhi kamardikan marang Indonésia lan proklamasi kamardikan bisa ditindakaké sajeroning sawetarasawatara dina, gumantung cara makarya [[PPKI]]. Nanging para nom-noman Indonésia wis ora sranta, saéngga kadadéan Prastawa Rengasdengklok ya iku 'penculikan' Soekarno saperlu didhesek supaya énggal mbiwara kamardikan.
 
== Latar wuri ==
Larik 9:
Soekarno, Hatta minangka pimpinan [[PPKI]] lan [[Radjiman Wedyodiningrat]] minangka mantan ketua [[BPUPKI]] dimaburaké menyang Dalat, 250 km ing sisih wétan segara [[Saigon]], [[Vietnam]] kanggo ketemu [[Terauchi|Marsekal Terauchi]]. Ana kabar yèn prajurit Jepang pinuju ana ing jurang kakalahan lan bakal mènèhaké kamardikan marang Indonésia. Sauntara iku ing [[Indonésia]], ing tanggal [[14 Agustus]] [[1945]], [[Sutan Syahrir]] wis krungu warta liwat radhio yèn Jepang wis nyerah marang Sakuthu. Para pejuang gerilya siyap-siyap mroklamasèkaké kamardikan RI, lan nulak wujud kamardikan minangka bebungah Jepang.
 
Ing tanggal [[12 Agustus]] [[1945]], [[Jepang]] liwat Marsekal Terauchi ing Dalat, Vietnam, ngandaraké marang Soekarno, Hatta lan Radjiman yèn pamaréntah Jepang bakal énggal mènèhi kamardikan marang Indonésia lan proklamasi kamardikan bisa ditindakaké sajeroning sawetarasawatara dina, gumantung cara makarya PPKI.<ref>[http://sejarahkita.blogspot.com/2006/07/sekitar-proklamasi-1.html Sekitar Proklamasi 1 oleh Rushdy Hoesein]</ref> Sanajan mangkono Jepang ménginaké kamardikan Indonésia ing tanggal 24 Agustus.
 
Rong dina sabanjuré, wektu Soekarno, Hatta lan Radjiman bali menyang tanah air saka Dalat, [[Sutan Syahrir]] ndhesek supaya Soekarno énggal mroklamasèkaké kamardikan amarga nganggep asil patemon ing Dalat minangka tipu muslihat Jepang, amarga Jepang nalika-wektu wis kudu nyerah marang Sakuthu lan kanggo nyelaki anané perpecahan sajeroning kubu nasionalis, antara sing anti lan pro Jepang. Hatta nyritakaké marang Syahrir bab asil partémon ing Dalat.