Kadipatèn Mangkunagaran: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Sam Hidayat (parembugan | pasumbang)
Tanpa ringkesan besutan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c dandani pangéja, replaced: sawetara → sawatara (8) using AWB
Larik 38:
|footnotes =
}}
 
 
'''Kadipatèn Mangkunagara''' utawa '''Praja Mangkunagaran''' ([[Jawa]]: ꦑꦢꦶꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦁꦑꦸꦟꦓꦫꦤ꧀) iku praja ing Jawa Tengah kang isih madeg nganti sapréné. Karo [[Kasunanan Surakarta]], [[Kasultanan Ngayogyakarta]], lan [[Pakualaman]], Praja Mangkunagaran iku ahli warisé Karajan Mataram kang tau maréntah sapérangan gedhé [[Tanah Jawa]].
Baris 69 ⟶ 68:
Sapa baé kang jumeneng Nata (Sunan) wis keéna katamtokaké ing batiné panggalihé mungsuhan karo kabèh kang padha rumangsa uga ndarbèni wenang kapilih gumanti jumeneng Nata. Bisa uga kagawa saka Kompeni olèhé njumenengaké Nata ing taun 1704, iku njalari saya gedhéné dredah lan kemèrèn ing antarané para kang padha rumangsa nduwé wewenang jumeneng Nata.
 
Kagawa saka Kompeni olèhé wis kalakon njumenengaké Nata, ya iku Ingkang Sinuhun Pakubuwana I kang raket banget pamitrané karo Kompeni, nanging jumenengé mau ora ndadèkaké panarimahé para Pangéran sawetarasawatara, pranatan laku-lakuné njumenengaké Nata ing Mataram, iku banjur ilang kasingkur ora ditetepi kaya adat padatané.
 
Kalebu ing golonganing mungsuh-mungsuhé Ingkang Sinuhun Pakubuwana II kang isih jumeneng pribadi ing Nagari Mataram sarta durung kapecah-pecah ana loro, ya iku rakadalem dhéwé Sang Pangéran Mangkubumi lan Radèn Mas Said, putra tetilarané Kangjeng Pangéran Arya Mangkunagara, kang kacaritaké kaluputan banjur dibuwang menyang Ceylon déning Kompeni. Pangéran Mangkunagara iku ya rakadalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II dhéwé.
Baris 127 ⟶ 126:
Miturut suraosing prajanjian ing antarané Kompeni lan Pangéran Mangkubumi, katetepaké ing Giyanti ing dina Kemis [[13 Fèbruari]] [[1755]] padha nglairaké pangaksama arep nglestarèkaké tata tentremé Nagari, sarana sekabatan tulung-tinulung, Nagara kapérang dadi loro, sapérang-pérangané ana 53.100 cacah. Kajaba iku Kangjeng Sultan Hamengkubuwana isih nampa wewahan 33.950 cacah dumunung ing mancanagara; kang aji ya iku ing Madiyun, Kertasana, Jipan, Japan lan [[Kabupatèn Grobogan|Grobogan]].
 
Déné Ingkang Sinuhun ing Surakarta isih gadhah wewengkon ing tlatah mancanagara sawetarasawatara kalebu wewengkon ing Panaraga, Kadhiri ing sisih wétan lan Banyumas ing sisih kulon, kabèh ana 32.350 cacah, semana iku durung kaétung wewengkon cilik-cilik ing sawetarasawatara panggonan.
 
Saparoné tetempuh ing sataun-tauné saka ilangé wewengkon kabupatèn–kabupatèn ing pasisir, diwetokaké wujud dhuwit akèhé 10.000 réyal Spanyol, arep katampa Kangjeng Sultan.
Baris 251 ⟶ 250:
Ing serat prajanjiyan mau ing ngarep kang wosing surasané mratélakaké yèn Kangjeng Gusti Mangkunagara wis pethal saka Ingkang Sinuhun, banjur memitran karo Kompeni, ana surasané manèh kang ngangkah raketé kang jumeneng dalah kabèh putrané karo Kompeni murih bisané Kompeni olèh pambiyantu ing sawanci-wanci ana perluné apa déné tambahan pranatan bab wewenang ganti-gumantié kang jumeneng ing Praja Mangkunagaran, kang arep kalampahan watawis rong taun manèh.
 
Sasurudé Kangjeng Sultan Hamengkubuwana ing taun 1792, sajaké arep ana dredah manèh rebutan sapa kang arep gumanti. Ora namung sikepé Ingkang Sinuhun, luwih manèh Kangjeng Gusti Mangkunagara, apa déné Pangéran ing Ngayogyakarta sawetarasawatara. Sing banget ndadèkaké aboting kuwajibané Gubernur Van Overstraten, iku ngreksa aja nganti kadadéan ana perang manèh.
 
Bareng ruweding kaanan ing Ngayogyakarta, wis kalakon bisa katata apik, sang Pangéran Adipati Anom ing Ngayogyakarta kang uga jejuluk Mangkunagara (putrané Kangjeng Sultan Hamengkubuwana I) gumanti kajumenengaké Sultan Hamengkubuwana II ([[2 April]] [[1792]]). Déné Pangéran Mangkubumi putra kang sepuh miyos saka garwa padmi kajumenengaké Pangéran Adipati Anom.
Baris 272 ⟶ 271:
Ing taun 1799 tuwan Van Overstraten kang saiku wis jumeneng, Gubernur-Jéndral awèh sumerep marang para Panggedhéné, Arya Prabu Pangéran Prangwadana iku samangsa ana mungsuh marani katemtokaké bisa mbiyantu Kompeni kaya mitra kang punjul setya. Kajaba iku Gubernur Overstraten ngusulaké supaya Pangéran Arya Prabu Prangwadana mau bisa-a nampèni ijol wragad kang diwetokaké kanggo perluning prajurit Mangkunagaran sajeroné kaangsahaké perang ngréwangi karépotaning Kompeni........ amarga kapikir wis samesthiné, murih bisané Kompeni saya luwih raket pamitrané karo Pangéran Prangwadana; Gubernur banjur kawenangaké ngwetokaké dhuwit 2.000 sps. (mat Spanyol) satauné minangka ijolé wragad perang kanthi prajanjiyan kang nemtokaké beciké tatanané prajurit, kaya-kaya kahanané semono iku.
 
Dhuwit papancèn mau banjur kagantung manèh. Nanging ing taun 1803 bareng arep ana perang karo Inggris, pepanci 2000 mat mau kabalèkaké manèh, kaya kang wis namung kanggo ing sawetarasawatara mangsa, mawa prajanjiyan ngingah prajurit kang akèhé padha karo kabèh para prajurit jaman perang kang kapungkur iku, supaya samangsa-mangsa ana perluné, Kompeni bisa anjagèkaké olèh pambiyantu 88).
 
Tuwan Daendels kang kala semono nata wangun wadya-bala kanggo penjagané Nagara, uga mikir marang kahananing prajurit Mangkunagaran. Malah nalika surya kaping [[29 Juli]] [[1803]] banjur nggawé putusan kang wosé nggedhèkaké kakuwatané wadya-bala prajurit Mangkunagaran, kang bisa kajagèkaké gedhéning pitulungané marang Pamaréntah Walanda; pramula Kangjeng Pangéran Arya Prabu Prangwadana banjur kawisudha jumeneng Kolonèlé Sri Maharaja Nederland, kanthi prajanjiyan kudu ngingu:
Baris 346 ⟶ 345:
Sajeroné ana perang Kangjeng Gusti Mangkunagara dikuwasakaké ngerèh tanah-tanah mau dalah sawongé.
 
Amerga saka iku para komisaris ing Nagaragung banjur ngukuhaké kanggo sawetarasawatara mangsa, sawetarasawatara désa-désa bawah Ngayogya lan kabèh désa bawah Sokawati kapernah salor-wétané Sala iku dadi kagungané Kangjeng Gusti Mangkunagara, netepi surasané layang panguwasan (saka Pamaréntah), dianakaké ing sajeroning perang tanah Jawa. Sawisé iku banjur nampani tanah ganjaran mau akèhé 500 cacah (120 jung utawa kurang luwih 3,4&nbsp;km<sup>2</sup>). Nanging piyagem tanah ganjaran kang kaping telu iku uga ora bisa katemu, pramula ora bisa mratitisaké titimangsané kang cetha.
 
Tanah bawah Mangkunagaran sawisé dielar kang kapindho iku kabèh ana 5.500 cacah, nganti tekan saiki iku kurang luwih isih semono gedhéné.
Baris 352 ⟶ 351:
=== Sambungané prakara owah-owahan tanah wewengkon manèh ===
[[Gambar:Mataram 1830-nl.png|thumb|Wewengkon Mangkunagaran ing 1830]]
Bareng tanah ing mancanagara kabèh wis kawengkon ing Pamaréntah Walanda, apa manèh sawisé tumindak owah-owahaning pranatan bab pilah-pilahing tanah ing Nagarung bawah Kasunanan Kasultanan wis cetha wates-watesé (ora worsuh banjur isih ana owah-owahan sawetarasawatara tumrap tanah wawengkon Mangkunagaran).
 
Tanah Mangkunagaran 64 jung kang dumunung ana ing gunung kidul sisih kulon, ya iku ing Ponjong lan Semano, kanthi rerukunan diijolaké tanah bawah Ngayogya 60 jung, kang dumunung ing Sembuyan, sakidul-wétané Sala. Tanah ing Sembuyan, akèh guwané kang disusuhi [[manuk lawèt]] ya iku ing Rongkob, Sumbri lan Songtoya. Tanah-tanah mau banjur katebas déning Pamaréntah Walanda. Namung ana tanah bawah Mangkunagaran sapanggonan kang lestari sumlempit ([[eksklave]]) ana ing Ngayogyakarta nganti taun 1945, ya iku ing Ngawèn, jembaré ana 6 ¼ jung.