Pamanasan global: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎Cuaca: mertal tembung, replaced: uwab air → uwab banyu (2) using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎Ngukur pamanasan global: mertal tembung, replaced: yaitu → ya iku using AWB
Larik 72:
== Ngukur pamanasan global ==
[[Gambar:Mauna Loa CO2 monthly mean concentration.svg|thumb|280px|right|Kasil pangukuran konsèntrasi CO<sub>2</sub> ing Mauna Loa]]
Ing wiwitan taun [[1896]], para èlmuwan nganggep yèn ngobong bahan bakar fosil bakal ngowahi komposisi atmosfer lan bisa ngundhakaké suhu hawa rata-rata global. Hipotesis iki dikonfirmasi taun 1957 nalika para paneliti kang bekerja ing program panelitèn global yaituya iku International Geophysical Year, njupuk sampel atmosfer saka pucuk gunung Mauna Loa ing Hawai. Kasil pangukurané nuduhaké anané paningkatan konsèntrasi karbon dioksida ing atmosfer. Sawisé iku, komposisi saka atmosfer terus diukur kanthi teliti. Data-data kang dikumpulaké nuduhaké yèn memang terjadi paningkatan konsèntrasi saka gas-gas omah kaca di atmosfer.
Para èlmuwan uga wis suwé nduga yèn iklim global tansaya tambah anget, nanging ora kuwawa mènèhi bukti-bukti kang premana. Suhu hawa terus bervariasi lan saka lokasi kang siji menyang lokasi liyané. Perlu mataun-taun pangamatan iklim kanggo ngéntukaké data-data kang nuduhaké anané kacendherungan (trend) kang jelas. Cathetan ing pungkasan taun 1980-an rada nuduhaké kacenderungan iki, nanging data statistik iki mung sethithik lan ora bisa dipercaya. Stasiun cuaca wiwitané, dumunung cedhak karo laladan kutha saéngga pangukuran suhu hawa bakal diprabawai déning panas kang dipancaraké déning yasan lan kendharaan lan uga panas kang disimpen déning material yasan lan dalan. Wiwit taun [[1957]], data-data dijupuk saka stasiun cuaca kang dipercaya (dumunung adoh saka kutha), sarta saka satelit. Data-data iki mènèhi pangukuran kang luwih akurat, mligi ing 70 persèn lumahing planit kang katutup segara. Data-data kang luwih akurat iki nuduhaké yèn kacenderungan tambah angeté lumahing Bumi bener-bener kadadéan. Yèn dideleng ing pungkasan abad angka 20, kacathet yèn sepuluh taun paling anget sajeroning satus taun pungkasan kadadéan sawisé taun [[1980]], lan telung taun paling panas kadadéan sawisé taun [[1990]], kanthi taun [[1998]] minangka taun kang paling panas.
Sajeroning lapuran kang diwetokaké taun [[2001]], Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn suhu hawa udara global wis mundhak 0,6 drajat Celsius (1 drajat Fahrenheit) wiwit [[1861]]. Panel setuju yèn pamanasan mau mligi disebabaké déning aktivitas manungsa kang nambah gas-gas omah kaca menyang atmosfer. IPCC mrédhiksi paningkatan suhu hawa rata-rata global bakal mundhak 1.1 nganti 6.4&nbsp;°C (2.0 nganti 11.5&nbsp;°F) antara taun [[1990]] lan [[2100]].