Babad Pakepung: Béda antara owahan

245 bèt wis ditambahake ,  2 taun kepungkur
babad
(babad)
(babad)
Aluraning cariyon ingkan dipun-ginakaken wonten ing naskah Babad Pakepung menika ngagem alur lurus. Mula bukanipun cariyos, anggambaraken kawontenanipun Kraton Surakarta. Wekdal menika Susuhunan Paku Buwana IV, raja ing Surakarta ngawontenaken parembugan kaliyan Kumpeni babagan kontrak pamitran. Kumpeni dipunwakili kaliyan Jéndral Jan Grepe. Parembugan menika boten andadosaken kasil, amargi raja Surakarta angsal pambujukan lan pambalélanipun saking abdi, supados medhotaken pamitran kaliyan Kumpeni. Jendral Kumpeni banjur kepanggih kaliyan Sutan Ngayogyakarta lan ngrembag babagan kasebat.
 
Lajeng, cariyon wiwit angembang. Wonten ing Ngayogyakarta, angsal kamupakatan menawi Surakarta badhe dipunkepung saking kathah arah. Wonten ing babagan menika, Sultan nyuwun pitulungan kaliyan pasukan saking [[Jawa Tengah]] lan [[Jawa Wétan|Jawa Timur]], kalebet uguugi [[Madura]].
......................<br />
== Prawatakan ==
 
 
== Latar Cariyos Babad Pakepung ==
Mula bukanipun kadadeyan menika wonten ing paséban Kraton Surakarta, lan Kraton Surakarta nalikanipun sekawan abdinipun raja ngojok-ojoki Susuhunan Paku Buwana IV supados medhotaken pamitran kaliyan Kumpeni. Latar cariyos salajengipun inggih menika wonten ing Semarang, inggih menika papan kangge kempalipun bala pitilung Kumpeni saking Pati, Jepara, Surabaya, Gresik, Pasuruan, Sumenep, lan Madura. Saklajengipun, saksampunipun sekawan tawanan sampun dipuncepeng, Panengah, Wiradigda, Nursalèh, Bahman dipunpapanaken wonten ing Kapurbayan, papan panggénanipun Pangéran Purbaya. Wonten ing pungkasaning cariyos, sekawan tawanan menika dipunbuwang wonten ing Pulo Drus ing Teluk Jakarta<ref>{{Cite journal|date=2017-12-02|title=Teluk Jakarta|url=https://id.wikipedia.org/w/index.php?title=Teluk_Jakarta&oldid=13402462|journal=Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas|language=id}}</ref>.
 
== Rujukan ==
<br />
46

besutan