Kasunanan Surakarta: Béda antara owahan
Konten dihapus Konten ditambahkan
Larik 57:
Kasunanan Surakarta minangka terusan saka [[Kasunanan Kartasura]] banjur ngadhepi pambrontakan [[Hamengkubuwana I|Pangeran Mangkubumi]] adhiné [[Pakubuwana II]] ing taun [[1746]]. Ing satengahing prang, Pakubuwana II séda jalaran gerah ing taun [[1749]]. Nanging, panjenengané masrahaké kadhaulatan nagara [[Jawa]] marang [[VOC]] kang diwakili déning [[Baron von Hohendorff]]. Wiwit iku, mung VOC kang duwé hak nglantik ratu-ratu turunané [[Mataram]].
Ing tanggal [[13 Fèbruari]] [[1755]] VOC kang nembé nemahi bangkrut kasil ngajak Pangéran Mangkubumi rukun. Prajanjian Giyanti kang ditapakasmani déning [[Pakubuwana III]] ngakoni kadhaulatan Pangéran Mangkubumi minangka ratu Mataram kang nguwasani separo saka wewengkon Kasunanan Surakarta kanthi wastana [[Hamengkubuwana I]]. Sairingan karo lumakuning wektu, nagari Mataram kang dipanggedhèni déning Hamengkubuwana I banjur luwih misuwur kanthi jeneng
Sabanjuré, wewengkon Kasunanan Surakarta tansaya suda jalaran separo saka wewangkoné diwènèhaké marang [[Mangkunagara I]] lumantar Prajanjèn Salatiga taun [[1757]]. Wewengkon [[Surakarta]] tansaya suda manèh sawisé [[Perang Dipanagara]] rampung taun [[1830]] jalaran laladan-laladan mancanagara direbut peksa déning [[Walanda]].
|