Kadipatèn Mangkunagaran: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Sam Hidayat (parembugan | pasumbang)
Sam Hidayat (parembugan | pasumbang)
Larik 95:
Déné perangé sekawit ing antarané kang padha musuhan, namung cilik-cilikan sawarna raméning reresah baé ([[gerilya]]) nganti tekan wekasané taun 1750. Sabubaré iku Kompeni ngirim wadya-bala saka Batavia prajurit aturan akèhé ora kurang saka 1500 wadya-bala pitulungan 3400, kawewahan manèh kuli cacahé 2000.
 
Kanggo angluluhaké kakuwatané kang padha mbaléla, KompeniKumpeni angondhangaké, kabèh panggedhé, para Mantri tuwin lurah dalah saandhahané wong cilik, kang padha ngrujuki pambalélané para Pangéran mungsuhé Kompeni, yèn padha gelem ndarbèni rasa kaduwung munggah ing kalakuwan saha tindaké nglakoni mbaléla, iku padha ora arep katiban ing pidana ([[amnesti]]).
 
Ewadéné wadya-balané Kompeni meksa ora bisa mrantasi gawé kaya pangarep-arepé, amarga sanadyan prajurité kang padha ngraman wis rambah-rambah kalah, saka ngendi-endi gumrubyug teka babantu tanpa kendhat, ya iku para kawula kang wedi kang mituhu piyandelé marang rah-tumrahé para Nata Susuhunan kang jumeneng satuhu kaya kang wis-wis.