Sengkalan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
→‎Werna-warna sengkalan: Merapikan tabel
Tenger: Besutan punsèl Besutan wèb punsèl
Ganyong (parembugan | pasumbang)
nambah conto
Larik 457:
===Carané Maca Sengkalan===
Maca sengkalan padha karo maca ukara racaké, nanging angka kang kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaca saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan [[Arab]]. Tegesé, angka saka ukara kang keri saka sengkalan mau dadi angka taun kang ngarep dhéwé, kosok baline angka kang kinandhut ing tembung sapisan, umpamané saka sengkalan nalika yasane [[Buta]] [[Cakil]] kang unine: [[tangan]] taksa satataning tanma. Jarwane Tangan: 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma: 1, dadi diwaca taun [[1552]] [[Taun Jawa|Jawa]] utawa taun 1670 [[Masehi]].
 
<br />
 
== Panganggoné sengkalan ==
Sengkalan lumrahé digunakaké kanggo awxh katrangan tahun panulisan ing wiwitan utawa pungkasan buku/babad. Kasisipaké ing larikan tembang macapat mula pilihan uniné sengkalan uga kalarasaké karo guru gatra-guru wilangané tembang.
 
Conto sengkalan saka babad ing museum Reksapustaka Pura Mangkunegaran Surakarta :
 
* Babad Mataram : ''“Purwaning reh kang ing ngadu manis, anujwa ri sabtu jam sangenjang, ing wular rajib ri kang lek, tanggal kaping tri nuju, ing kuningan kalima akhir, taun wawu senggara, ing sengkalanipun, '''nabi nem amulang raja''' (=1671), anedhak srat babad awaling matawis, duk mangyasani kitha”''
* Serat Ambya : ''“Kasmaran tanggal ping kalih, gara wage wulan rajab, warsa dal ing sengkalane, '''wani trus sabdaning nata''' (=1791), ing Prawiranagaran, kaping pat panumpingipun, nedhak mangun srat Ambya.”''
* Babad Madura : “''titi tamat panyuratnya srat babat ing madureki senen wage ping sekawan ing wulan rabingulakir taun dal amapangi windu kuntara lumaku sengkalane pinetanga '''jaran nenem kreta siji''' (=1767) kang raka kinen mring nagri ing madura''.”
* Babad Kartasura : ''“Jumuwah wage tinulis, megengan ing wulan siyam, taun Je hakaro mangsane, windunipun kunthara, hanenggih sinengkallan, '''sir sasaga swara Ratu''' (=1780), sewu Tungatus wolong dasa.”''
* Babad Tanah Jawa : ''“Anglir silem tembang madu gendhis, wiwitan kanen ingkang sangsa, Jumuwah wage dinane, '''trus warna giri ratu''' (=1749), sangkalane ingkang winarni, nenggih ing wulan sapar, tanggal wolu likur, taun Jimawal lumampah, sarta ingkang winarna sangkalaning warsa, ingkang leres kaetang.”''
* Babad Adiati Terung : ''“kadya madu purwaning tulis, duk manurat wancinya jam astha, ing somanis arine, anuju tanggalipun, kaping lima nenggih, marengi Sura wulanira, dene ingkang taun, Jimakir ing taunira, sinengkalan '''Rasa obah esthi tunggil''' (=1866), punika panyeratinya.”''
 
Déné sengkalan memet bisa rupa gambar utawa barang kang ngemu sengkalan, umpané ing Bangsal Kamandhungan Kraton Surakarta ana tetenger rupa ''lulang sapi siji'' ngemu sengkalan taun 1708.
 
== Pranala njaba ==