Pranata mangsa: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎top: dandani pangéja, replaced: sawetara → sawatara (3) using AWB
Larik 38:
== Sajarah lan antropologi ==
Wangun formal pranata mangsa diwanuhaké ing jaman Sunan [[Pakubuwana VII]] (ratu [[Kasunanan Surakarta|Surakarta]]) lan wiwit dianggo 22 Juni 1856, dikarepaké minangka paugeran tumrap para among tani ing mangsa iku.<ref>Yuwono S. ''Pranoto Mongso, Aliran Mangsa asli Jawa.''</ref><ref>Tanojo R. 1962. ''Primbon Djawa (Sabda Pandita Ratu)''. TB Pelajar. Surakarta. pp 36–45.</ref><ref>{{Cite book|url=https://www.worldcat.org/oclc/768480550|title=Pranata mangsa.|last=Gramedia.|first=Kepustakaan Populer|date=2011|publisher=KPG (Kepustakaan Populer Gramedia) bekerja sama dengan Bentara Budaya|isbn=9789799103611|edition=Cet. 1|location=Jakarta|oclc=768480550}}</ref> Perlu diwuningani yèn tandur pari ing wektu iku mung sekali setaun, banjur diterusaké nandur [[palawija]] utawa [[pari gogo]]. Kajaba iku, pranata mangsa ing mangsa mau dikarepaké minangka pituduh kanggo pihak-pihak kagandhèng nyiapaké ngadhepi pageblug, ngèlingi tèknologi [[prakiraan cuaca]] durung kaloka. Pranata mangsa sajeroning wangun "kumpulan kawruh" lésan mau nganti saiki isih dicakaké lan saora-oranya minangka pangamatan marang tandha-tandha-tandha-tandha alam<ref name=Kusuma/>.
Ana tandha-tandha yèn masarakat Jawa, mligi sing mukimdunung ing wewengkon saubengé [[Gunung Merapi]], [[Gunung Merbabu]], nganti [[Gunung Lawu]], wis ngenal prinsip-prinsip pranata mangsa adoh sadurungé teka prabawa India.<ref>Hien HA van. 1922. ''De Javaansche Geestenwereld''. Kolff. Batavia. pp. 310–355.</ref> Prinsip-prinsip iki mawa dhasar édharing [[srengéngé]] ing langit lan édharingnédharing rasi lintang [[Waluku]] (Orion)<ref name="gas-ast">[http://www.gas-ast.co.cc/2010/04/pranata-mangsa-masih-bisa-di-baca.html Pranata Mangsa Isih Bisa Diwaca (Sèwu Taun Manèh)]</ref>. Ing wewengkon kanthi jinis iklim Am miturut [[jinis iklim Köppen|Koeppen]] iki, sing ndunungi matrapaké pananggalan mawa basis édharing srengéngé lan rasi lintang minangka péranganing kaselarasan urip nganut owah-owahan irama alam sajeroning setaun<ref name=Daldjoeni1984/><ref>[http://edisicetak.solopos.com/jajawa/keluaran.asp?id=12446 Pranata mangsa kanggo nyrateni lakuné alam]. Solopos daring. Edisi Suplemen 25-02-2010. Diakses 26-06-2010.</ref>. kawruh iki bisa diperkirakaké wis diwarisaké kanthi turun-temurun wiwit kalamangsa [[Karajan Medang]] (Mataram Hindhu) saka abad angka 9 nganti kalamangsa [[Kasultanan Mataram]] ing abad angka 17 minangka pathokan sajeroning babagan tetanèn, [[ékonomi]], administrasi, lan pertahanan (ka[[militèr]]an)<ref name=Daldjoeni1984/>.
 
== Uga delengen ==