Drumblèk: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Larik 10:
Nalika pisanan gladhèn, uniné drumblèk luwih mbrebegi kuping lan uga durung awujud wiramanané. Prakara iku amarga kabèh piranti sing dinggo saka prabot tilas.{{sfnp|Referensi Nilai Budaya Takbenda Untuk Output Layanan Data dan Informasi Kota Salatiga, Provinsi Jawa Tengah|2017|p=5|ps=}} Sabanjuré, tinemu kagunan kuwi diarani "drumblèk" amarga piranti pokok sing dinggo ya iku drum tilas saka sèng (ing [[basa Jawa]] uga diarani blèk), wondéné klumpukan pisanan dinggo kagunan drumblèk ing Désa Pancuran diwènèhi jeneng Drumbèn Tinggal Kandas,<ref name=":2" />{{sfnp|Satriyo|2016|p=105|ps=}} sing sabanjuré ganti dadi Gempar (Generasi Muda Pancuran).{{sfnp|Kampoeng Salatiga|2013|p=32|ps=}}{{sfnp|Susanto|2016|p=76|ps=}}
 
[[Gambar:Barisan Theklek Drumblek Gempar.jpg|al=|jmpl|280x280px|Barisan ''theklek'' Drumblèk'' Gempar nalika ngetoni ing festival kagunan Kutha Salatiga taun 1990-an ({{harvnb|Supangkat|2014||p=32}}).]]
Gegladhi masarakat Désa Pancuran kang tenanan iku kasil nalika ngetoni festival Ambal Warsa Kaping-41 Républik Indonésia. Drumblèk saka Désa Pancuran narik kawigatèné wong sing padha nonton, malah nganti saiki dadi panyarta kang dianti-anti masarakat saben ana acara kagunan ing Kutha Salatiga.{{sfnp|Humas Sekretariat DPRD Kota Salatiga|2014|p=22|ps=}} Nalika iku, drumblèk jedhul minangka wujud apresiasi marang kagunan masarakat. Didik lan masarakat Désa Pancuran kepéngén nggawé inovasi anyar lan ngenalaké budaya Kutha Salatiga liwat drumblèk.{{sfnp|Susanto|2016|p=75|ps=}}