Drumblèk: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Larik 6:
Miturut Supangkat, drumblèk pancèn bisa diarani kagunan anyar, nanging cikal bakal saka kagunan iku sakjanè klothèkan kang wis kalebu budaya lokal lan wis suwé ana ing masarakat [[Jawa]].{{sfnp|Supangkat|2014|p=20|ps=}} Drumblèk uga kalebu kagunan asli saka Kutha Salatiga yen anané diarani "nyampurnakaké" budaya klothèkan kang diwarisaké leluhur.{{sfnp|Humas Sekretariat DPRD Kota Salatiga|2015|p=31|ps=}}{{sfnp|Humas Sekretariat DPRD Kota Salatiga|2017|p=21|ps=}} Kagunan drumblèk pisanan jedhul ing Désa Pancuran, Kalurahan Kuthawinangun,{{sfnp|Peraturan Daerah Kota Salatiga No. 5 tentang Pembentukan Kelurahan Kutowinangun Lor dan Kutowinangun Kidul Tahun|2012|p=1-11|ps=}} Kacamatan Tingkir, Kutha Salatiga<ref>{{Cite web|url=https://jatengprov.go.id/beritadaerah/drumblek-unggulan-budaya-lokal-salatiga/|title=Drumblek Unggulan Budaya Lokal Salatiga|last=Dinas Komunikasi dan Informasi Provinsi Jawa Tengah|first=|date=|year=|website=Portal Berita Pemerintah Provinsi Jawa Tengah|publication-date=|archive-url=|archive-date=|dead-url=|access-date=2020-04-14}}</ref> taun 1986 kang digagas déning Didik Subiantoro Masruri utawa luwih kerep diceluk Didik Ompong.<ref name=":0">{{Cite web|url=https://budayajawa.id/kesenian-drumblek-seni-asli-salatiga/|title=Kesenian Drumblek, Seni Asli Salatiga|last=Budaya Jawa|first=|date=|website=Informasi Budaya Jawa|publication-date=|archive-url=|archive-date=|dead-url=|access-date=2020-04-14}}</ref><ref name=":2">{{Cite web|url=https://budaya-indonesia.org/Drumblek-Drumband-Kreatif|title=Drumblek, Kesenian Asli Salatiga|last=Perpustakaan Digital Budaya Indonesia|first=|date=|website=Perpustakaan Digital Budaya Indonesia|archive-url=|archive-date=|dead-url=|access-date=2020-04-14}}</ref> Panemuné Didik jedhul nalika Désa Pancuran dijaluki tulung mèlu karnaval Ambal Warsa Kaping-41 Républik Indonésia.{{sfnp|Rohman|2019|p=13|ps=}} Nalika iku, acara kagunan pancèn akèh dianakaké ing Kutha Salatiga. Acara iku ya iku karnaval, kirab, lan festival budaya.{{sfnp|Referensi Nilai Budaya Takbenda Untuk Output Layanan Data dan Informasi Kota Salatiga, Provinsi Jawa Tengah|2017|p=5|ps=}}
 
[[Gambar:Barisan Theklek Drumblek Gempar.jpg|al=|jmpl|280x280px|Barisan theklek Drumblèk Gempar nalika ngetoni ing festival kagunan Kutha Salatiga taun 1990-an ({{harvnb|Supangkat|2014||p=32}}).]]
Didik pisanan duwé gegayuhan mujudaké drumbèn supaya Désa Pancuran bisa mèlu ing acara kuwi, nanging tubrukan amarga wragad kang mèpèt.<ref name=":1">{{Cite web|url=http://salatiga.go.id/drumblek-unggulan-budaya-lokal-salatiga/|title=Drumblek Unggulan Budaya Lokal Salatiga|last=Pemerintah Kota Salatiga|first=|date=|website=Website Resmi Pemerintah Kota Salatiga|archive-url=|archive-date=|dead-url=|access-date=2020-04-14}}</ref><ref>{{Cite web|url=http://salatigakota.go.id/InfoBerita.php?id=1076&|title=Belasan Grup Drumblek Semarakkan Karnaval Budaya Salatiga|last=Hubungan Masyarakat Sekretariat Daerah Kota Salatiga|first=|date=|website=Pemerintah Kota Salatiga|archive-url=|archive-date=|dead-url=|access-date=2020-05-12}}</ref> Sawisé kuwi, dhèwèké duwé panemu tetep nggawé drumbèn nganggo prabot tilas sing isih kena dinggo, kayata kethokan [[pring]], [[èmbèr]], [[jerigèn]] [[lenga]], lan drum.{{sfnp|Supangkat|2014|p=31|ps=}} Panemuné Didik kuwi mau banjur disengkuyung karo kanca-kancane lan nom-noman Désa Pancuran. Dhèwèké kabèh miwiti nggolèki drum tilas, jerigèn lenga, èmbèr, lan kethokan pring. Sawisé kabèh wis nglumpuk, dhèwèké kabèh banjur gegladhi supaya bisa mèlu karnaval Ambal Warsa Kaping-41 Républik Indonésia.{{sfnp|Sutantyo|2013|p=31|ps=}}
 
[[Gambar:Barisan Theklek Drumblek Gempar.jpg|al=|jmpl|280x280px|Barisan theklek Drumblèk Gempar nalika ngetoni ing festival kagunan Kutha Salatiga taun 1990-an ({{harvnb|Supangkat|2014||p=32}}).]]
Nalika pisanan gladhèn, uniné drumblèk luwih mbrebegi kuping lan uga durung awujud wiramanané. Prakara iku amarga kabèh piranti sing dinggo saka prabot tilas.{{sfnp|Referensi Nilai Budaya Takbenda Untuk Output Layanan Data dan Informasi Kota Salatiga, Provinsi Jawa Tengah|2017|p=5|ps=}} Sabanjuré, tinemu kagunan kuwi diarani "drumblèk" amarga piranti pokok sing dinggo ya iku drum tilas saka sèng (ing [[basa Jawa]] uga diarani blèk), wondéné klumpukan pisanan dinggo kagunan drumblèk ing Désa Pancuran diwènèhi jeneng Drumbèn Tinggal Kandas,<ref name=":2" />{{sfnp|Satriyo|2016|p=105|ps=}} sing sabanjuré ganti dadi Gempar (Generasi Muda Pancuran).{{sfnp|Kampoeng Salatiga|2013|p=32|ps=}}{{sfnp|Susanto|2016|p=76|ps=}}