Basa ngoko: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
→‎Lawasan: Jinis ngoko, dudu krama
Tenger: Besutan sumber
Tanpa ringkesan besutan
Larik 14:
 
==== Ngoko lugu ====
Basa ngoko lugu (utawa mung basa ngoko, uga diarani basa Jawa dwipa{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}}) iku basa ngoko kang mung nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko.{{sfn|Suwadji|2013|pp=10-11}}{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}}{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Madyama purusané nganggo tembung ''kowé,'' déné pratamautama purusané nganggo tembung ''aku''.''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}'' Panganggoning basa ngoko lugu padatané ing guneming bocah marang bocah, wong tuwa marang wong nom tanpa ngajèni, bandara marang abdiné.{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko lugu.
 
# ''Kowé apa arep mangan iwak wedhus?''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}}
Larik 20:
 
==== Ngoko antya-basa ====
Basa ngoko antya-basa iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko kanthi woworan [[tembung krama inggil]].{{sfn|Suwadji|2013|pp=10-11}}{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}}{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Madyama purusa kang kaanggo iku tembung ''sliramu{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}}'' utawa ''sariramu'', déné pratamautama purusané nganggo tembung ''aku''.''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}'' Panganggoning basa ngoko antya-basa padatané ing guneming wong tuwa marang wong nom kang pangkat luwih dhuwur lan priyayi marang priyayi kang wis raket banget.{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko antya-basa.
 
# ''<u>Sarira</u>mu apa <u>karsa</u> <u>dhahar</u> iwak wedhus?''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}}
Larik 26:
 
==== Ngoko basa-antya ====
Basa ngoko basa-antya iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko kanthi woworan [[tembung krama]] saha tembung krama inggil.{{sfn|Suwadji|2013|pp=10-11}}{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}}{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Madyama purusa kang kaanggo iku tembung ''panjenengan''{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} utawa ''panjenenganmu'', déné pratamautama purusané nganggo tembung ''aku''.''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}'' Ana sawatara tembung ngoko kang ora kena dikramakaké supaya dumadi basa ngoko basa-antya, ya iku: ''ana'', ''endi'', ''ora'', ''arep'', ''aku'', ''iki'', ''iku'', ''utawa'', ''isih'', ''apa'', ''aja'', ''iya'', ''amarga'', ''enggon'', ''kana'', ''kéné'', ''kono'', ''karo'', ''kapan'', ''kepriyé'', ''kang'', ''durung'', ''dudu'', ''saiki'', ''saprana'', ''sapréné'', ''saprono'', ''samana'', ''saméné'', ''samono'', ''sing'', ''wis'', ''lagi'', ''pira'', ''dhèk'', ''jaré'', ''mau'', ''manèh'', ''menawa'', ''menyang'', ''marang'', ''mung'', ''mengko'', ''mangkana'', ''mengkéné'', ''mengkono'', ''baé'', lan ''nganti''.<ref name=":1" /> Panganggoning basa ngoko basa-antya padatané ing guneming wong tuwa marang wong nom kang pangkat luwih dhuwur.{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko basa-antya.
 
# ''<u>Panjenengan</u>mu apa <u>karsa</u> <u>dhahar</u>'' '''''ulam''''' '''''ménda'''''?{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=3-5}}