Basa Mandharin: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 14:
 
=== Basa Mandharin Tengahan ===
Nganti tengahing abad kaping 20, ameh kabeh wong Cina sing urip ing laladan Cina Kidul namung nggunakake carabasane dhewe-dhewe. Kanggo kagunan mirunggan, para juru jawating rajawangsa Ming lan Cing (Ind: Qing) mranatakake administrasining kabauraton nganggo basa lumrah adhedhasar parijinis-parijinis basa Mandharin sing kala iku karanan ''Guānhuà'' tegese basa jawat. Kawruh ngenani basa iki dadi penting kanggo pisambut gawe jawat. Nanging, prakara iki ora tau dijarwakake kanthi formal.
<br />
 
<br />Para juru jawat saka akeh laladan nduweni carapocape dhewe-dhewe. Ananging, ciri basa jaman iki sing lumrah yaiku:
 
* Ilanging voiced initials kajaba wyanjana V
* Dumadi sijine wyanjana pungkasan M lan N
* Anane tatalaku (Ind: system) patang laras basa (Ind: nada bahasa) ing wanda kabukak karo wyanjana mekak (Ing: glottal stop) ing laras basa lebu (Ing: entering tone).
* Anane beda antaraning palatilized velar lan dental affricate sing ilang ing basa Mandharin Anyar (Peking vs Peycing, Tientsin vs Tianjin)
 
 
Ciri loro sing pungkasan ngandharake yen basa iki awujud basa koyni adhedhasar carabasa-carabasa ing laladan Nanking. Carabasa iki aji suwe banget nganti sawising kuthagara kêlih menyang Peycing ing taun 1421. Lan kala iku, carabasa saka kuthagara anyar wiwit njedhul dadi satru kanggo basa baku. Salawas-lawase ing taun 1815, Robert Morrison ngripta bausastra Inggris Cina kapisan adhedhasar basa koyni iki sing dadi basa baku jaman iku. Lan ing abad kaping 19, carabasa Peycing wis dadi dhominan lan dadi penting kanggo saharyan-saharyan karo karaton.