Abimanyu: Béda antara owahan

282 bèt wis ditambahake ,  4 sasi kepungkur
(Removing Abimanyu.jpg, it has been deleted from Commons by Ymblanter because: per c:Commons:Deletion requests/File:Abimanyu.jpg.)
 
 
== Abimanyu dhaup ==
Abimanyu pisanan dhaup karo [[Dèwi [[Siti Sundari]] (Siti Sendari), putriné Prabu Sri [[Kresna|Bathara Kresna]] ing Dwarawati. Dadi Abimanyu iku putra mantuné Prabu Kresna. Sabanjuré kanthi sesidheman uga krama olèh [[Déwi Utari]], putriné Prabu [[Matswapati]] ing Wiratha, patutan siji asma Radén [[Parikesit]] iya Paripurna kang ing tembéné jumeneng nata ana nagara Ngastina sabubaré [[Perang Bratayuda|perang Baratayuda]] kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana, (nunggak semi karo jejuluké ingkang éyang buyuté, Abiyasa iya Wiyasa). Abimanyu gugur ing pabaratan sadurunge Parikesit lair.<ref>{{Cite book|url=https://www.sastra.org/bahasa-dan-budaya/wayang/2314-bratayuda-kartapradja-1937-106-hlm-01-52|title=BRATAJOEDA - 1937|last=Kartapradja|language=jv}}</ref>
 
== Guguré Abimanyu ==
Ing Perang [[Baratayuda]], Abimanyu bisa klakon mbedhah gelar perang Cakrabhyuha[[Cakrawyuha|Cakrabyuha]], kang dipandhégani Pandhita [[Drona|Durna]] nadyan akhiré palastra kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap gegaman marang Kurawa. Mula lakon Abimanyu palastra uga asring karan "Ranjapan Abimanyu Gugur" kang pancèn ngeres-eresi.
 
=== Abimanyu lan Lesmana mati sampyuh ===
Ing peperangan, Abimanyu wis tatu arang kranjang lan katon tanpa daya, nanging isih tetep maju. [[Lesmana Mandrakumara]] iya Raden Sarojakusuma (putrané Prabu [[Duryudana]], nata Ngastina) kang péngin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa keris ligan. Keris iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna. Abimanyu tetéla isih nggagem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namaké kerisé marang Abimanyu kang njalari tumekèng pati. Nanging sadurungé sukmané oncat saka ragané, Abimanyu uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni nganti Lesmana tumekaning pati. Kekaroné mati sampyuh. Weruh Lesmana Mandrakumara mati, [[Jayadrata]] (bapa pamané Lesmana) ngepruk sirahé Abimanyu kang wis tanpa daya nganggo gada Kyai Glinggang saéngga musthakané ajur mumur. Abimanyu palastra ing madyaning rananggana. Para [[Kurawa]] surak ambata rubuh. Goteking wong akèh kang matèni Abimanyu iku Jayadrata iya Tirtanata.
 
=== Sawisé Abimanyu palastra ===
Udan tangis para pepundhén [[Pandhawa]]. Arjuna sumpah, yèn dina iku uga ora bisa matèni Jayadrata, dhèwèké luwung lampus dhiri. Déning para Kurawa Jayadrata diumpetaké ing gedhong waja. Dijaga rapet, pamrihé supaya aja nganti bisa dipatèni Arjuna lan Arjuna dhéwé supaya klakon "tata glondhong" lampus dhiri kanthi cara pati obong.
Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohé Pandhawa). Jayadrata dipancing murih ngungak kaanan njaba liwat jendhéla. Ya nalika Jayadrata anguk-anguk liwat jendhéla iku, Arjuna nglepasaké jemparingé Kyai Sarotama. Ngenani janggané jayadrataJayadrata saéngga tugel thel lan sirna margalayu.
 
Saguguré Abimanyu, Dèwi Siti Sendari nedya bela pati, ambyur ing pancaka utawa tumangan. Déné Dèwi Utari kang nalika iku nembé mbobot sepuh wijining calon ratu tlatah Jawa isih bisa digondhéli déning para pepundhèn.
2.820

besutan