Manuskrip: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Agathavidya (parembugan | pasumbang)
Tanpa ringkesan besutan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c éjaan, replaced: dene → déné using AWB
Larik 1:
'''''Manuskrip'' Jawa''' makatên saking têmbung ''manuskrip'' kaliyan Jawa. Têmbung manuskrip mênikå aslinipun saking têmbung båså inggris, ''manuscript'' ‘''naskah''’ ingkang têgêsipun anggitan ingkang sinêrat tangan (carik), ingkang taksih asli manåpå denedéné ingkang sampun awujud salinanipun (Darusuprapta, 1984:1, wontên ing Mulyani, Hesti: 2012:1<ref>{{Cite book|title=Membaca Manuskrip Jawa|last=Mulyani|first=Hesti|publisher=Kanwa Pulisher|year=2012|isbn=978-979-15383-4-3|location=Yogyakarta|pages=1}}</ref>). Inggih ingkang ngrêmbag mawarni-warni bab ingkang mujudakên wohing kabudayanipun masarakat ing jaman rumiyin (Baroroh-Baried, 1985:54, wonten ing Mulyani, Hesti:2012:1). Têmbung Jawa têgêsipun manåpå kémawon ingkang gêgayutan kalihan [[Basa Jawa|båså]], [[Sastra Jawa|sastrå]], såhå [[Budaya Jawa|budåyå Jawa]] inggih kalêbêt [[Aksara Jawa|aksårå]] kanggé nyêrat tèks utawi andharan salêbêting ''manuskrip''. Dados ingkang atêgês manuskrip Jawa inggih mênikå ''karya sastra'' ingkang sinêrat tangan (carik), ingkang taksih asli utawi sampun awujud salinanipun, ingkang ngêwrat mawarni-warni bab ingkang mujudakên wohing kabudayan-ipun masarakat ing jaman rumiyin, ingkang dipun-andharakên mawi båså Jawi (inggih  [[Basa Jawa Kuna|båså Jawi kina]], [[:id:Sastra_Jawa_PertengahanSastra Jawa Pertengahan|Jawi pertengahan]], saha jawi gagrag Anyar). Wondene aksara ingkang kaginakakên kanggé ngandharakên tèks inggih mênikå [[Aksara Jawa|aksårå Jåwå]], [[:id:Abjad_PegonAbjad Pegon|aksårå Arab Pègon]], såhå [[Aksara Latin|aksårå Latin]].
 
Kanggé nêmtokakên ''manuskrip'' Jåwå ingkang badhe dipunwaos lajêng kabêdhah mênika kêdah mangêrtos langkung rumiyin bab jinising ''manuskrip'' Jåwå mênikå sagêd dipuntindakakên kanthi maos ''[[:id:Katalog|katalog-katalog]]'' ingkang sampun wontên. Kadostå ''katalog'' ingkang ngêwrat ''manuskrip-manuskrip'' ing Jakarta, inggih ing ''[[:id:Katalog|Perpustakaan Nasional Republik Indonesia]]'', ing Bali inggih wontên ing [[:id:Gedong_KirtyaGedong Kirtya|Gedhong Kirtya]], lan sapanunggalanipun. Wontên ''katalog'' ingkang ngêwrat ''manuskrip-manuskrip'' ingkang kasimpên ing perpustakaan utawi papan sanêsipun, kadosta ing Ngayogyakarta, perpustakaan Purå Pakualaman; Têpas Kapujanggan Agêng Widyabudaya, [[Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat|Kraton Ngayogyakarta]]; wontên Tepas Kapujanggan Kasatriyan Kraton Ngayogyakarta, ing Surakarta; perpustakaan Sånåpuståkå [[Kraton Surakarta]], Radyåpuståkå, saha perpustakaan Réksåpuståkå [[Kadipatèn Mangkunagara|Kadipatèn Mangkunegaran]] Surakarta. Kanthi nyinau andharan ingkang kawrat ing ''katalog'' mênikå sagêd mangêrtos manåpå kêmawon jinising isi ''manuskrip'' Jawa.
 
== Naskah ==
 
 
[[Naskah]] mênika nêdahakên piranti ingkang ''konkrit'' (Baroroh-Baried, 1985, wontên ing Mulyani, Hesti: 2014:2<ref>{{Cite book|title=Teori Dan Metode Pengkajian Filologi|last=Mulyani|first=Hesti|publisher=Astungkara Media|year=2014|isbn=978-602-17858-1-2|location=Yogyakarta|pages=2}}</ref>). Têgêsipun naskah mênikå piranti ingkang wontên wujudipun, sagêd dipuntingali, såhå dipuncêpêng. Kajawi mênikå, naskah ugi kasêbat minangkå ''codex'' (buku) utawi ''[[Kodèks|Kodeks]]'', inggih mênikå gulungan utåwi buku sêratan tangan, kanthi bahan saking tèks-tèks klasik. Ilmunipun dipunsèbat [[Kodikologi|''kodikologi''.]]