Konsili Vatikan I: Béda antara owahan

Gedhéné ora owah ,  8 sasi kepungkur
c
→‎top: éjaan, replaced: perkawis → prakawis (6) using AWB
c (→‎top: ndandani pangéja, replaced: Amérika Sarékat → Amérikah Sarékat using AWB)
c (→‎top: éjaan, replaced: perkawis → prakawis (6) using AWB)
 
Tujuan utami [[Paus]] ngimpunaken Konsili puniki inggih punika kanggé pikantuk konfirmasi dhumateng sikap ingkang sampun dipuntetepakenipun salebetipun ''Syllabus Errorum'' ([[1864]]), ingkang ngutuk sarangkéan aliran [[rasionalisme]], [[liberalisme]], lan [[materialisme]].
 
Tujuan Konsili puniki sasanèsipun pangutukan puniku, inggih punika kanggé ndhéfinisiaken dhoktrin perkawisprakawis gréja. Salami tigang Sidhang, kelampahan dhiskusi lan pasarujukan dhumateng namung kalih konstitusi: ''Dei Filius'' (Konstitusi Dhogmatis perkawisprakawis Iman Katulik, ingkang isinipun ing antawisipun iman Katulik bilih [[Alkitab]] dipuninpirasiaken déning Allah) lan ''Pastor Aeternus'' (Konstitusi Dhogmatik Sepindhah Gréja perkawisprakawis Kristus, njlèntrèhaken perkawisprakawis kautaman lan infalibilitas Biskop Roma nalika saweg maringaken dhogma).
 
Dhéfinisi infalibilitas paus sanès wujud agèndha orisinil kanggé dipundhiskusiaken (Pius IX rumaos bilih boten pantes kanggé panjenenganipun kanggé nglebetaken topik mau salebetipun agèndha), nanging énggal-énggal dipuntambahaken sasampunipun konsili dipunwiwiti. Perkawis puniki dados kontrovèrsial, boten amargi kathah ingkang boten pitados bilih Paus boten saged salah, nanging amargi kathah-kathahipun rumaos bilih dhoktrin kasebat bèoten kedahipun dipundadosaken minangka dhogma resmi. [[John Henry Newman]], minangka conto, nélakaken bilih dhéfinisi formal kados puniku saged njalari kathah tiyang bakal nilar imanipun. Sapérangan kuwatos bilih perkawisprakawis puniki badhé mijilaken kacubriyan énggal bilih tiyang Katulik gadhah kasetyan gandha. Pandhangan puniki dipunajengaken déning kalih pratiga Biskop [[Amérikah Sarékat]] lan kathah saking [[Prancis]] lan [[Jerman]].
 
Kathahipun 60 anggota Konsili salajengipun mundhut sikap absèn kanthi nilar [[Roma]] sadinten sadèrèngipun pamundhutan swantun. Biskop Agung [[Antonio Maria Claret]] (ing tembe wingking ing[[kanonisasi]]), ssatunggiling tiyang saking pangadilan karajan Spanyol lan pangadeg saking Misionaris Putra-Putra Manah Maria Imakulata (Misionaris Claretian), kanthi ''keras'' ngutuk "pangujatan lan bidhah ingkang dipunpocapaken ing inggil lanté salebetipun Konsili puniki," lan wujud salah satunggal pambéla paling kiyat saking isu infalibilitas paus lan kautaman Tahta Suci Roma. Panjenenganipun inggih punika satunggal-satunggalipun anggota Konsili ingkang dipunkanonisasi dados Santo (dipunbéatifikasi taun [[1934]] lan dipunkanonisasi déning [[Paus Pius XII]] taun [[1950]]). Salajengipun panjenenganipun tilar donya ing biara Cistercian ing Fontroide, Prancis, tanggal [[24 Oktober]] [[1870]]. Pirembagan lan pasetujon perkawisprakawis konstitusi kasebat mijilaken kontrovèrsi sérius ingkang mbeta dhumateng pangunduran dhiri saking tiyang-tiyang ingkang ing tembé wingking dipuntepangi minangka [[Gréja Katulik Lami]].
 
Pecahipun [[perang Prancis-Prussia]] dumados ing tengah-tengahipun mangsa Konsili, njalari dipuntundha akibat dhawahipun Roma, lan Konsili puniki pungkasanipun boten naté dipunterasaken. Konsili puniki kanthi resmi boten naté dipuntutup dumugi mapuluh-puluh taun salajengipun, lan kanthi resmi dipuntutup nalika weldal persiapan [[Konsili Vatikan II]]. Asil saking Konsili Vatikan I puniki nedahaken kamenangan obahan [[Ultramontanisme]] ingkang nyengkuyung pamaréntahan séntral Vatikan kanggé Gréja Katulik. Paningkatan kasadharan dhumateng idhèntitas dhiri minangka kaum Katulik Roma ugi lajeng kathah mijil ing saindhenging donya, sairing kaliyan ningkatipun gunggung lapangan pedamelan ing kagesangan réligius lan kapasturan, sesarengan kaliyan aktivitas pulitik pro-Katulik ingkang cetha ing saben nagari.
352.737

besutan