Lungguh: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
 
Larik 20:
Lungguh uga bisa disewakake pada tuwan-tuwan Eropa lan wong Cina kanggo gawe perkebunan (Walanda: ''onderneming'' utawa ''cultuur''. Akeh ''apanagehouder'' kang nyewakake lungguh amarga bekti (Inggris: ''hommage'') lan pajege luwih gede. Para tuwan Eropa iki diarani bekel putih. Ing hukum adat Angger Sedasa kang kababar 1818, lungguh kena disewakake maksimal 6 taun.<ref>''Angger Sedasa'', prakara kaping 2</ref> Ing 1823 lungguh mung bisa disewa maksimal 3 taun dening tuwan-tuwan Eropa.<ref>''Staatsblad van Nederlandsch Indie'' 1823 no. 17</ref> Jangka suwene nyewakake lungguh tambah nganti 20 taun ing 1857.<ref>''Staatsblad'' ''van Nederlandsch Indie'' 1857 no. 166</ref> Kabeh narakarya kang ana ing lungguh kena kerja wajib (Walanda: ''cultuurdienst'') ing perkebunan saka nandur nganti ngangkut hasil perkebunan.
 
== Pambusaking Lungguh ==
Sistem lungguh iki kerep dikritik dening sosialis kaya Pieter Brooshooft lan Van Kol amarga eksploitatif lan ora efisien. Pieter Brooshooft nyebut sistem lungguh iku marakake “penyakit kronis”.<ref name="ReferenceA"/> Van Kol nyebut sistem lungguh iku administrasine ora jelas, marakake akeh kabelingan.<ref>Van Kol & J. J. Samuel, ''Reisbrieven van H. Van Kol: de reorganisatie der Vorstenlanden en Vorstenlandsche toestanden naar aanleiding van Reisbrieven des heeren Van Kol, door J. J. S,'' (Djocja: Jogjasche Landhuurders Vereniging, 1911), hlm. 13-14.</ref> Paling pungkasan, A. Simon nyebut sistem lungguh dadi panyebab mlarate rakyat ing Vorstenlanden.