Perang Jawa (1741–1743): Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Larik 42:
Sapungkuring rajapati gedhèn ing 1 Fèbruari 1741 ing [[Kabupaten Pati|Pathi]], para kraman Cina sumebar menyang saindenging Jawa pérangan tengah. Wong Jawa mèlu ngéwangi wong Cina ngiras éthok-éthok tawur lumawan wong Cina supaya wong Walanda ngira yèn disengkuyung wong Jawa. Lelakon apus-apusan mau banjur konangan, déné wadyabala Cina wis saya nyedhaki Semarang, mula njalari Visscher ketar-ketir. Kasil ngrebut [[Rembang]], Tanjung, lan [[Jepara]], wadyabala gabungan Cina lan Jawa banjur ngepung Semarang ing Juni 1741. Pangéran Cakraningrat IV saka [[Pulau Madura|Madura]] awèh wadyabala pitulungan marang Walanda; mula, saka Madura mangulon wadyabalané numpesi saben wong Cina kang dipapag ing sadalan-dalan, déné kasil nglerem kraman ing Jawa pérangan wétan.
 
Ing wekasan 1741, upaya pangepung Semarang kasilwusana teluk awit saka wadyabalané Pakubuwana II mlayu ninggal palagan amarga wadyabala Walanda, saha wadyabala pitulungané, duwé gaman geni kang pinunjul. Rampung Walanda ngayahi kampanye militèr ing 1742, Pakubuwana II mutusaké pasrah lan alihan nyengkuyung Walanda. Mangkonoa, sawatara pangéran Jawa nedya mbanjuraké perang. Mula, ing 6 April putusaning Pakubuwana II ora dianggep para kraman. Kaponakaning Pakubuwana II aran Radèn Mas Garendi banjur didhapuk para kraman minangka sesulihé. Nalika Walanda kasil ngrebut bali kabèh kutha ing pasisir lor Jawa, para kraman ngrangsang kutha krajaning Pakubuwana II ing Kartasura. Jalaran iku, dhèwèké saha kulawargané kapeksa ngungsi. [[Cakraningrat IV]] kasil ngrebut manèh kutha mau ing Dhésèmber 1742, lan ing kawitan 1743 para kraman Cina kang wekasan wis pasrah bongkokan. Sabubaring perang, Walanda saya temen anggoné nguwasani Jawa lumantar prajanjèn karo Pakubuwana II.
 
== Jalaran ==
Larik 55:
 
=== Cengkah-cengkah kawitan ===
Ing 1 Fèbruari 1741 ing omahé ing [[Kabupaten Pati|Pathi]], Kopral Claas Lutten diprajaya para kraman Cina cacah 37 kang gegaman pedhang, tumbak, lan garu; wong-wong iku banjur padha njarah-rayah omahé.{{sfn|Setiono|2008|p=135}} Para kraman mau banjur dioyak wadyabala Jawa kang diutusutusan Bupati [[Kabupaten Kudus|Kudus]].{{sfn|Setiono|2008|p=136}} Sawatara para kraman kasil oncat, nanging wong siji kasil dicekel banjur dipatèni, déné guluné dikethok banjur sirahé ditancebaké ana ing siji cagak ing punjering Semarang minangka weling tumrap wong-wong kang nedya kraman.{{sfn|Setiono|2008|p=136}} Ing sakiwa-tengening [[Kabupaten Demak|Demak]] lan [[Grobogan]], wong Cina padha ngumpul lan ndhapuk pangarep anyar aran Singseh lan mbudidaya ngadegaké nagara dhéwé.{{sfn|Raffles|1830|pp=235–236}} Wadyabala Jawa kang kasil nglerem kraman ngayem-ayemaké Visscher, nanging Yong Khoo awèh pamrayoga supaya Visscher panggah prayitna.{{sfn|Setiono|2008|p=137}}
 
Nalika samana, Visscher dalah wadyabalané mung gunggung wong Walanda cacah 90 lan wong Nusantara cacah 208 tanpa wadyabala pitulungan{{efn|Nalika iku, wadyabala Khe Pandjang isih ana ing Bekasi, ing antaraning Batawi lan Semarang, déné ing Sulawesi Kidul pinuju ana perang. Mula, sesambunganing Visscher karo bètèng-bètèng gedhé Walanda ing Batawi lan Sulawesi Kidul pedhot.{{sfn|Setiono|2008|pp=136–137}} }} lan nampa sawatara pamrayoga kang padha kosokbalèn saka Yong Khoo lan pamané kang aran Kaptin Kwee Ang Khoo.{{efn|Sanajan minangka pamaning Que Yonko, Que Anko ingaran sengit marang Que Yonko.{{sfn|Setiono|2008|p=137}} }}{{sfn|Setiono|2008|pp=136–137}}{{sfn|Ricklefs|1983|p=272}} Saperlu ngamanaké kalungguhané, Visscher ngirim panjaluk marang para bupati lan pangarep enggonan saperlusupaya padha nyekel lan matèni kabèh wong Cina kang nyubriyani; sanajan sawatara wong mau tumuli nglakoni kanthi nuduhaké sirah cacah telu marang Visscher ing dalem dina-dina candhaké, nanging liyané (kaya ta Sunan {{nowrap|[[Pakubuwana II]]}} saka [[Kesultanan Mataram|Mataram]]) tumindaktumandang luwih ngati-ati lan kandha yèn ora yakin amarga dirasa panjaluk iku ora ilok.{{sfn|Setiono|2008|pp=137–138}}
 
Ing dalem mangsa nglelimbang kang lumaku saka wekasan 1740 tumeka Juli 1741, [[Pakubuwana II]] lan para mantriné padha rembug bab kautamané gabung karo para kraman Cina utawa ngukuhi lan nylametaké wong-wong Walanda kapurih sesambungansesambungané karo wong-wong Walanda dadi saya becik.{{sfn|Ricklefs|1983|p=274}} {{nowrap|Pakubuwana II}} banjur sesidheman awèh 2.000 réyal marang Mas Ibrahim supaya miwiti pangrangsang tumrap [[VOC]] lan rajadarbenérajadarbéné; sarta mréntah para bangsawan sepuh aran Jayaningrat lan Citrasoma supaya dadi péhak kang ora abot sisih ing cengkah iki landalah ngolèhaké wong Cina padha ngungsi saakèh-akèhé.{{sfn|Ricklefs|1983|p=274}}{{sfn|Setiono|2008|p=139}} Mertapura saka Grobogan, minangka salah siji kang sora mungsuh Walanda, kajibah manas-manasi wong Cina ing wewengkoné.{{sfn|Raffles|1830|p=239}}{{sfn|Ricklefs|1983|p=275}} Ing jero kutha krajan, Pakubuwana II ing Kartasura mréntahaké maluyakaké Siti Inggil Kidul (saiki aran Sasana IinggilInggil) ing sakiduling karaton minangka pawadan marang Walanda yèn dhèwèké lagi ora duwé buruh turahan.{{sfn|Ricklefs|1983|p=275}} Sanajan Visscher nampa intèlijèn bab rancanganing {{nowrap|Pakubuwana II}} mau, dhèwèké meksa pracaya amarga Pakubuwana II dienggep setya marang VOC.{{sfn|Setiono|2008|p=139}}
 
=== Visscher ketar-ketir lan kalah-kalah kawitan ===