Olah-olahan Sunda: Béda antara owahan

17 bèt wis ditambahake ,  7 sasi kepungkur
 
== Bahan Pangan ==
Ulam toya kados ta [[iwak mas|ulam jene]], [[gurami]], [[iwak nila|ulam nila]], lan [[lele]] lajim dipunkonsumsi kaliyan dipunmasak kanthi dipunbakar utawi dipungoreng, limrahipun dipunsajiken kaliyan [[sambal]] lan [[kecap manis]]. Priyantun Sundha kaloka menggemari [[ikan asin|ulam asin]] saking [[hidangan laut|hidangan seganten]]. Pinten-pinten hidangan ulam seganten ingkang dipunasinaken kados ta ulam asin bulu ayam, [[teri]], [[nus]], [[jambal]], ulam peda asin, lan [[iwak pari|ulam pari]] asin lajim kapanggih ing hidangan Sundha sadinten-dinten. ''Pais'' utawi [[pepes]] inggih punika cara masak kaliyan ngginakaken [[godhong gedhang|godhong pisang]] dados pambungkus bahan pangan. Métodhe pepes punika lajim kapanggih ing kagunan masak Sunda. Ing antawis, ''pais lauk emas'' utawi pepes ulam jene inggih punika jinis pepes ingkang dipunremeni.
 
Daging ayam limrahipun dipungoreng utawi dipunpanggang, ugi dipunsajiaken kaliyan sambal lan kecap legi. ''Bakakak hayam'' inggih punika ayam bakar kas Sundha. Pitek ugi sageg dipunmasak dados pepes utawi sop. Daging abrit kados ta daging lembu, kebo, menda, lan wedhus saged dipunbumbui kaliyan campuran bumbu lan gendhis jawi lan dipungoreng dados empal gepuk ingkang dipuntaburi [[bawang goreng]]. Daging lembu lan kenthang manawi dipunmasak ing bumbu kecap legi dados [[semur]] daging. Manah lembu lan [[jèngkol]] ugi lajim dipunmasak semur. Daging wedhus lan domba limrahipun dipundadosaken [[sate]], sate kas Sunda inggih punika sate maranggi kaliyan bumbu ingkang ngandut [[kecombrang]]. [[Gulai]] wedhus lan [[empal gentong]] saking Cirebon ugi populèr dados sup daging.
Ing griya dhahar utawi warung sekul Sunda, lajim dhahar kaliyan namung ngginakaken asta. Limrahipun dipunsediaken kobokan, semangkuk toya resik nanging kadang dipunparingi irisan jeruk nipis supados maringi aroma seger. Kobokan punika dipun-ginakaken kanggé ngersiki asta sakdereng lan sasampunipun dhahar. Kobokan ugi limrahipun dipunsediaken ing griya dhahar Padang lan griya dhahar hidangan seganten.
 
Griya dhahar tradhisional Sunda lan Jawi limrahipun nyajiken cara nyantap kanthi ''[[lesehan]]''; inggih punika dhahar sambil lenggah ing inggil [[tikar]]. Dhaharanipun limrahipun dipunsajiaken ing inggil méja asorandhap, utawi kadang ing inggil tikar. Cara dhahar punika sami kaliyan cara nyantap tradsionaltradisional [[Jepang]] ing inggil [[tatami]].Griya dhahar tradhisional Sunda ing laladan pedésaan wonten ingkang gaya ''saung'', inggih punika setunggal macam pinten-pinten yasan griya panggung alit ingkang limrahipun dipunyasa ing inggil kolam ulam. Kolam ulam punika punika ngopeni ulam jene lan gurami ingkang saged kapilih langsung kaliyan pelanggan kanggé langsung dipunmasak.
 
Ing kabudayan populèr Indonésia, griya dhahar Sunda limrahipun saged dipuntitikaken kaliyan asma ''"Kuring"'', pramila tukul lepet ngenai dhaharan istilah "masakan kuring". Istilah ''kuring'' ing [[basa Sunda]] punika saya, dalem, ingsun, kula atauutawi ''gue'' kanthi informal, santai, lan radi akrab. Asmanipun punika margi pinten-pinten griya dhahar usaha jiplak asma rumahgriya makandhahar Sunda ingkang sampun misuwur ''Lembur Kuring'' ([[Basa Sunda]]: "Kampung Halamanku"). Pinten-pinten tuladha rumahgriya makandhahar Sunda antawisipun Lembur Kuring, Sari Kuring, Ponyo, Boboko, Mang Engking, Ma' Uneh, Sindang Reret, Dapur Sunda, Bumbu Désa, Laksana, lan Ampera.
 
== Olah-olahan ==
[[Gambar:Sundanese Food 02.JPG|thumb|right|Sayur asem, lalab, [[nasi merah|sekul abrit]], ulam asin, sambal, lan karedok.]]
 
* '''[[Nasi timbel|Sekul timbel]]''', rujuk ing cara masak kaliyan bungkus sekul benter ing godonggodhong gedangpisang. Panas sekul dadosaken aroma godonggodhong gedangpisang luruh lan nambah aroma sekul. Caranipun sami kaliyan damel [[lontong]]; dipuntekan, dipunpadatken, lan dipungulung kaliyan godhong gedhangpisang; biasnipun dipunsajiaken kaliyan pinten-pinten pilihan lauk-pauk temanrencang sekul kados ta ayam, bèbèk, utawi peksi merpati goreng, empal gepuk, jambal roti, tahu, tempe, jangan asem, lalab lan sambal. Sekul timbel ing ngerembakake mengilhami resep [[nasi bakar|sekul bakar]].
 
== Pacitan ==
78

besutan