Olah-olahan Sunda: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 17:
Ing griya dhahar utawi warung sekul Sundha, lajim dhahar kaliyan namung ngginakaken asta. Limrahipun dipunsediaken kobokan, setunggal mangkuk toya resik nanging kadang dipunparingi irisan jeram nipis supados maringi aroma seger. Kobokan punika dipun-ginakaken kanggé ngersiki asta sakdereng lan sasampunipun dhahar. Kobokan ugi limrahipun dipunsediaken ing griya dhahar Padang lan griya dhahar hidangan seganten.
 
Griya dhahar tradhisional Sundha lan Jawi limrahipun nyajiken cara nyantap kanthi ''[[lesehan]]''; inggih punika dhahar sambil lenggah ing inggil [[tikar]]. Dhaharanipun limrahipun dipunsajiaken ing inggil méja andhap, utawi kadang ing inggil tikar. Cara dhahar punika sami kaliyan cara nyantap tradisional [[Jepang]] ing inggil [[tatami]].Griya dhahar tradhisional Sundha ing laladan pedésaan wonten ingkang gaya ''saung'', inggih punika setunggal macam pinten-pinten yasan griya panggung alit ingkang limrahipun dipunyasa ing inggil kolam ulam. Kolam ulam punika ngopeni ulam jene lan gurami ingkang saged kapilih langsung kaliyan pelanggan kanggé langsung dipunmasak.
 
Ing kabudayan populèr Indonésia, griya dhahar Sundha limrahipun saged dipuntitikaken kaliyan asma ''"Kuring"'', pramila tukul lepet ngenai dhaharan istilah "masakan kuring". Istilah ''kuring'' ing [[basa Sunda|basa Sundha]] punika saya, dalem, ingsun, kula utawi ''gue'' kanthi informal, santai, lan radi akrab. Asmanipun punika margi pinten-pinten griya dhahar usaha jiplak asma griya dhahar Sundha ingkang sampun misuwur ''Lembur Kuring'' ([[Basa Sunda|Basa Sundha]]: "Kampung Halamanku"). Pinten-pinten tuladha griya dhahar Sundha antawisipun Lembur Kuring, Sari Kuring, Ponyo, Boboko, Mang Engking, Ma' Uneh, Sindang Reret, Dapur Sundha, Bumbu Désa, Laksana, lan Ampera.