Tetanèn: Béda antara owahan
c
revert edits by 83.35.108.180
Tanpa ringkesan besutan Tenger: Dibalèkaké Besutan punsèl Besutan wèb punsèl Besutan visual |
Stang (parembugan | pasumbang) c (revert edits by 83.35.108.180) Tenger: Pawurungan |
||
Pérangan gedhé dhéwé kang ndunungi donya golèk pangan ing lingkup tetanèn, nanging tetanèn mung nyumbang 4% saka [[Prodhuk domestik bruto|PDB]] donya. Sajarah [[Indonésia]] wiwit mangsa kolonial nganti saiki ora bisa dipisahaké saka sèktor tetanèn lan perkebunan, amarga sèktor-sèktor iki duwé makna kang wigati banget sajeroning nemtokaké pambentukan manéka realitas ékonomi lan sosial masarakat ing wewengkon-wewengkon Indonésia. Miturut data [[BPS]] taun 2002, babagan tetanèn ing Indonésia nyadiakaké lapangan kerja tumrap 44,3% kang ndunungi sanadyan mung nyumbang watara 17,3% saka total pametu domestik bruto.
Kelompok ngèlmu-ngèlmu tetanèn nyinaoni tetanèn kanthi panyengkuyung ngèlmu-ngèlmu pendhukungé. Inti saka ngèlmu-ngèlmu tetanèn ya iku [[biologi]] lan [[ékonomi]]. Amarga tetanèn tansah kaiket déning ruang lan wektu, ngèlmu-ngèlmu pendhukung, kaya [[ngèlmu lemah]], [[météorologi]], [[tèknik mesin|permesinan tetanèn]], [[biokimia]], lan [[statistika]], uga disinau sajeroning tetanèn. '''Usaha tani''' (''farming'') wujud pérangan inti saka tetanèn amarga nyangkut sakumpulan kagiyatan kang diayahi sajeroning budidaya. ''[[Petani]]'' utawa '''among tani''' iku sebutan tumrap wong kang nyelenggarakaké usaha tani, contoné "wong tani tembako" utawa "wong tani iwak". Pelaku budidaya kéwan (''livestock'') kanthi mirunggan sinebut ''peternak''.
== Uga delengen ==
|