Serat Gatholoco: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
busak cithak tebel sing kakehen
Larik 4:
 
== Cerita serat Gatholoco ==
Salah sawijining serat nerangaké ana guru ngaji jenenge '''Abdulmanab''', '''Abdulgharib''' lan '''Abduljabar'''.<ref name="internet2">Serat Balsafah Gatholoco</ref> Piyambake fasih anggoné maos [[Al Qur’an]], [[Fikih]] lan [[Nahwu]]. Tepang kaliyan '''Gatholoco''' wontening margi, banjur debat lan musyawarah Agama kayata wong sing anduwéni ngelmu, hakikaté [[haram]], [[halal]] lan [[najis]].<ref name="internet2">Serat Balsafah Gatholoco </ref> '''Gatholoco''' bisa menang anggoné ''Argumen'' banjur ngajak ustadz telu (3) iku dolanan teka-teki babagan [[wayang]], [[dalang]], [[blencong]] lan [[kelir]].<ref name="internet2">Serat Balsafah Gatholoco </ref> Pitakoné '''Gatholoco''', “ngendi sing paling tuwa?” wangsulan iku dimenangké karo '''Gatholoco'''.<ref name="internet2">Serat Balsafah Gatholoco </ref> Panjenengane nerangaké hakikat [[wayang]], [[kelir]], [[blencong]] lan [[gamelan]].<ref name="internet2">Serat Balsafah Gatholoco </ref> Ustadz kana mau banjur lungan menyang Cepekan.<ref name="internet2">Serat Balsafah Gatholoco </ref>

Ing cepekan wonten guru ngaji ( ustadz) ingkang asma '''Kasan Mustahal''', '''Kasan Besari''', lan '''Ki Duljalal'''.<ref name="internet2">Serat Balsafah Gatholoco </ref> Ustadz telu (3) iku disowani marang para ustadz sing tepang ing margi karo '''Gatholoco''' mau, nyeritaaké kalahé debat karo '''Gatholoco'''.<ref name="internet2">Serat Balsafah Gatholoco </ref> '''Gatholoco''' digoleki lan diajak ing Pondok Cepekan gawé debat marang ''ilmu sejati''.<ref name="internet2">Serat Balsafah Gatholoco </ref> Perdebatan '''Gatholoco''' kaliyan para ustadz ing Pondok Cepekan iku dimenangke '''Gatholoco''', amarga kalah debat, '''Gatholoco''' diusir saka pondok, awale '''Gatholoco''' ora gelem lunga yen durung diwenehi sangu, sakwisi diwènèhi sangu '''Gatholoco''' lunga ninggalke Pondok neruske palampahane.

Palampahan '''Gatholoco''' tekan ing [[Gunung Endragiri]] lan ketemu marang pertapa jenenge '''Dewi Perjiwati''', sakdurungé ketemu '''Dewi Perjiwati''' kedah ngadepi para [[emban]] lan cantriké. Gatholoco diwènèhi teka-teki, naming Gatholoco bisa mangsuli pitakon iku kanthi bener, banjur Gatholoco bisa ketemu maring '''Dewi Perjiwati'''. Sakwisé ketemu Gatholoco diwenehe pitakon tentang [[Kalimah Sahadat]], arti [[lanang-wadon]] lan [[suami-istri]], yen Gatholoco bisa jawab kanthi becik mangka '''Dewi Perjiwati''' dadi garwané. Ing sajroning cerita, Gatholoco bisa menangké perdebatan iku banjur kapeksa '''Dewi Perjiwati''' gelem dadi garwané. [[Emban]] lan [[cantrik]] Perjiwati menehi saran supaya Gatholoco dijak mlebu aneng sajroning Guwa, banjur sakwisé ing jero, guwa langsung ditutup. [[Darmagandhul]], paring pepéling Gatholoco nanging ora digathèkké. Sakwisé metu ing guwa Gatholoco sadar yen pancen diapusi dening Perjiwati. Amarga ngerti yen diapusi Gatholoco dadi isin, banjur mlebu menèh ana sajroning Guwo perang kaliyan '''Dewi Perjiwati'''. Wong loro (2) iku padha-padha sekti lan ora ana sing kalah, banjur lahir jabang bayi aneng sajroning rahim Dewi Perjiwati, Gatholoco lan Dewi Perjiwati padha bungah marang bayi iku. Banjur Dewi Perjiwati takon, “anak sapa iki?” Gathococo mangsuli, “iku anakmu lan anakku uga”. Bayi iku ngesuk didhidhik lan diwarahi ngudi kawruh ajaran Agama Islam.<ref>http://www.heritageofjava.com/</ref>
 
== Isi serat Gatholoco ==