Pondhok pesantrèn Tebu Ireng: Béda antara owahan

855 bèt wis ditambahake ,  9 taun kepungkur
tanpa ringkesan besutan
 
==Sejarah==
Miturut cerita para warga, jeneng Tebu Ireng saka '''kebo ireng'''.<ref name="internet3"/> Konon, nalika iku ana warga kang duwèni kebo kang duwèni kulit werna kuning (bulé atau albino).<ref name="internet3"/> ing sawijining dina, kebo kuwi mau ilang.<ref name="internet3"/> Sawisé digoleki sedina muput, banjur soréné nembe ketemu wis arep mati amarga kecebur rawa kang akèh lintahé.<ref name="internet3"/> Sekujur awaké kebak lintah, mula kang asalé kulité kuning dadi ireng.<ref name="internet3"/> Kedadèan kuwi gawe gègèr sing duwé kebo lan para warga ing kana banjur nggembor "kebo ireng...! kebo ireng...!".<ref name="internet3"/> Wiwit kuwi, dukuh panggon ilangé kebo mau dikenal kanti jeneng dukuh kebo ireng.<ref name="internet3"/> Nanging amarga ilaté wong jawa dukuh kuwi jenengé dadi dukuh tebu ireng.<ref name="internet3"/>
Pesantren Tebu Ireng diadegké déning Kyai Hasyim Asy'ari nalika tahun 1899 M.<ref name="internet3">{{id}}[http://news.okezone.com/read/2010/01/04/337/290508/gus-dur-bisa-bicara-dengan-arwah-hasyim-asy-ari Gus Dur](15 Mei 2011)</ref> Nalika kuwi ing tahun 1899 Kyai Hasyim nembé mulih saka ibadah haji ning [[Makkah]], Kyai Hasyim tuku tanahé dalang ing dukuh [[Tebu Ireng]] kang jaraké kira-kira 200mèter saka pabrik gula cukir.<ref name="internet3"/> Ing dukuh kuwi Kyai Hasyim Asy'ari gawé omah lan gawé pondok kanggo para santriné.<ref name="internet3"/> Bagéyan ngarep digawé saka gedhèg, ruang kuwi digawé kanggo panggon mulang para santri lan shalat jama'ah.<ref name="internet3"/> Banjur sing bagéyan mburi digawé omah.<ref name="internet3"/> Nalika pisanan, jumlah santriné mung wolu, lan telung sasi mengarep santriné tambah dadi wolulikur.<ref name="internet3"/>
 
866

besutan