Lesmana: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
 
c wikifikasi
Larik 1:
'''Lesmana''' iki rayine Prabu [[Rama]] kang setya ndherekake kangmase rikala Prabu Rama kasebratake menyang wana Dandaka. Alas kang wingit kepati paribasan Sato mara sato mati janma mara kapiluyu.
 
Papaning para jim setan lan dununging para raseksa. Ya ing wana Dandhaka iki Dewi Sinta garwane Prabu Rama cinidra dening Prabu Dasamuka awit krenahing abdine Prabu Dasamuka kang aran Kala Marica kang malih maujud dadi kidang kencana saperlu nggora godha Dewi Sinta. Sang Dewi kapilu marang kaendahane kidang Kencana nganti lali purwa duksina manawa tetelune lagi ana madyaning alas kang gawat kaliwat. Kidang musna lan Sang Dewi aminta ingkang raka Prabu Rama supaya arsa ambujung nganti kacandhak arsa kanggo klangenan. Sadurunge tindak Prabu Rama dhawuh ingkang rayi Raden Lesmana anjaga kasugengane ingkamg mbakyu Rakyan Sinta. Sauwisa sawatara wektu sanalika ana swara sambat-sambat ngarih-arih minta pitulung kang amadhani swarane Prabu Rama. Awit saka kuwatire Dewi Sinta paring dhawuh enggal-enggal budhal saperlu asung pitulung marang ingkang garwa mangka ing satemene swara iku mung apus krama saka swarane Kala Marica. Raden Lesmana percaya marang kasektene ingkang Raka mula nduwa kersane Dewi Sinta nanging tinampa cubriya manawa ingkang rayi kagungan rasa milik ngrusak pager ayu marang dheweke. Rumangsa gerah panggalih awit dinakwa kang kaya mangkono mula tanpa saraba ngunus pusaka kanggo nugel planangane dhewe lan sanalika planangan kang tugel mau musna lan ing kono ana wujud curiga kang aran pulanggeni. Banjuring carita para maos kaaturan mriksanana kitab wiracarita Ramayana.
 
Awit saka kuwatire Dewi Sinta paring dhawuh enggal-enggal budhal saperlu asung pitulung marang ingkang garwa mangka ing satemene swara iku mung apus krama saka swarane Kala Marica. Raden Lesmana percaya marang kasektene ingkang Raka mula nduwa kersane Dewi Sinta nanging tinampa cubriya manawa ingkang rayi kagungan rasa milik ngrusak pager ayu marang dheweke. Rumangsa gerah panggalih awit dinakwa kang kaya mangkono mula tanpa saraba ngunus pusaka kanggo nugel planangane dhewe lan sanalika planangan kang tugel mau musna lan ing kono ana wujud curiga kang aran pulanggeni. Banjuring carita para maos kaaturan mriksanana kitab wiracarita [[Ramayana]].