Wiwit: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Naval Scene (parembugan | pasumbang)
c Wiwit/Methik dipunalihaken dhumateng Wiwit: methik kangge pengalihane
Naval Scene (parembugan | pasumbang)
c +subjudhul, kategori
Larik 1:
'''Upacara Wiwit''' mujudaké tatacara Jawa sing diadani saben panen pari. Wiwit wis arang keprungu, nanging dening warga kelurahan [[ Ngawen, Ngawen, Blora|Ngawen]], isih diuri-uri. Upacara Wiwit, nek ning kabupaten [[Ngawen, Ngawen, Blora|Blora]], karana upacara methik pari. Panenan pari bisa becik lan orangé gumantung marang [[Gusti Sing Akarya Jagad]]. Upacara Wiwit iku desa siji lan sijine pancen beda. Ana sing ngarani upacara [[Labuh]]. Lan ana sing mastani nglènggani utawa wiwit. Neng Jawa Timur karan '''Methik''', wiwit iku kanggone kadang tani klébu mangsa sing banget nyenengke, mula perlu nindakake acara iku.
 
Upacara Wiwit, nek ning kabupaten [[Ngawen, Ngawen, Blora|Blora]], karana upacara methik pari. Panenan pari bisa becik lan orangé gumantung marang [[Gusti Sing Akarya Jagad]]. Upacara Wiwit iku desa siji lan sijine pancen beda. Anan sing ngarani upacara [[Labuh]]. Lan ana sing mastani nglènggani utawa wiwit. Neng Jawa Timur karan [[Methik]], wiwit iku kanggone kadang tani klébu mangsa sing banget nyenengke. Mula perlu nindakake acara iku.Acara wiwit iku kepareng dadi loro. Sing sepisan ing papan bulak pari panen, ditengeri kanthi methik pari manten. Saperangan banjur mboyong pari manten menyang omahe sing duwe pari, tumuli mapanake sing duwe pari tumuli mapanake ing [[lumbung]] .Prastawa sing iki sinebut mboyong pari manten. Sepindhahan punapa wonten gandhengipun kaliyan dinten pasaran, Wong Jawa pancen percaya banget karo petungan dina pasaran, Methik pari kudu milih dina becik liyane. Bojone sing duwe pari, anake, perane gedhe banget. Jalaran dhweke ing nyapake ubarampene. Ning nek ana alangan bisa dipasrahke wong liya sing iso ngawe sajen. Sajene awujud jadah woran, lintingan bekatul (katul), sega sambel gepeng dhele sing digoreng, kembang boreh, wedhak, abon-abon, kinang, juruh, pulo gimbal pulo gringsing, godhong pulutan (Urène labato), endhog, rakan (arupa uwi-uwi). Senthé (Colacasiaesculenata), pisang sepet kuku, jewawut ( Panicumvirida), tebon, jejali. Jejali. Jewawut lan tebon digerus alus. Rakan didodok ana ing pangjang ilang-kranjang sing di gawe saka janur-sabanjure tumpeng alus, tumpeng among-among, sega gurih, sega liwet, sega golong giling, kupat luwar cacahe loro, kupat lepet loro, kupat bucu lima, menyan, klasan, kain (jarik) anyar, parem,jungkat, pengilon, ani-ani, kinang, sayur menir, godhong kelor, gereh pethek. Barang-barang mau banjur digawa menyang pinggir sawah sing arep dipanen. Dina sing becik wis katemtokake. Yen tiba dina Senen Paing, Senen neptune papat lan Paing sanga, gunggunge 13. Merga parine manten sajodho,gunggunge pari sing dipetik ana 26 gagang pari. Sakwise ndonga sinambi mbakar menyan tumuli ngani-ani njupuk 26 gagang pari diiket dadi siji. Ya iki sing jenenge pari manten Sri-Sadana. Sakwise iku sajen-sajen sing ana pajang ilang padha didum mligine marang bocah sing melu Wiwit. Sak wise iku pari manten diboyong nuju omahe sing duwe sawa kaya boyongan manten. Dene sajene diseleh ana lumbung awujud klasa sing dhuwure diwenenhi jarit anyar lan diranti dandan wanit kaya ta wedhak adhem, parem, jungkat, pengilon, kinang, kembang boreh. Kajaba iku uga ana jangan menir, godhong kelor, ani-ani, bekatul lan menyan. Sakwise sajen cumepak jangkep, pari manten saka sawah banjur dilebokake ana jero lumbung kono dadi siji karo pari manten.Werdine sesajen-sesajen punika kayadenen jajan pasar, rakan, utawa uwi-uwian mengku pralambang dina pasaran lan dina pitu wiwit Senen tekan Minggu. Windu wolu sarta surya rolas (gunggung sasine). Dadi anggone nganakake Wiwit petungane sakwise srengenge lingsir, watara jam 12 munggah. Wong Jawa itungane panen ana papat : Suku, Watu, Gajah, lan Buta. Menawa tiba Suku entuke mong gagang, tegese parine ora ana entuke, mung sikil. Menawa tiba Watu parine awet dipangan ora gampang entek. Tiba Gajah katone panenane akeh naging parine awet dipangan ora gampang entek. Tiba Gajah katone panenane akeh nanging parine gabug. Nek tiba Buta pira-pira wae entek. Tiba Gajah katone panenane akeh naging parine gabug. Nek tiba Buta pira-pira wae entek dimangsa buta. Pari manten klebu pari ingkang suci mula wektu digawa tumuju omah kaya methuk manten boyongan. Lan kanggo nindakake Wiwit patnganane ora kena njupuk dina Jemuah, iku dinane Wali, lan ing dina iku [[ Dewi Sri]] dewine pari nembe sare. Nek nganti wungu lan duka sing tuna kadang tani dhewe.
== Acara ==
Acara wiwit iku kepareng dadi loro. Sing sepisan ing papan bulak pari panen, ditengeri kanthi methik pari manten. Saperangan banjur mboyong pari manten menyang omahe sing duwe pari, tumuli mapanake sing duwe pari tumuli mapanake ing [[lumbung]]. Prastawa sing iki sinebut mboyong pari manten. Sepindhahan punapa wonten gandhengipun kaliyan dinten pasaran, wong Jawa pancen percaya banget karo petungan dina pasaran, methik pari kudu milih dina becik liyane.
 
Bojone sing duwe pari, anake, perane gedhe banget. Jalaran dheweke ing nyapake ubarampene. Ning nek ana alangan bisa dipasrahke wong liya sing iso ngawe sajen. Sajene awujud jadah woran, lintingan bekatul (katul), sega sambel gepeng dhele sing digoreng, kembang boreh, wedhak, abon-abon, kinang, juruh, pulo gimbal pulo gringsing, godhong pulutan (Urène labato), endhog, rakan (arupa uwi-uwi). Senthé (Colacasiaesculenata), pisang sepet kuku, jewawut (Panicumvirida), tebon, jejali. Jejali. Jewawut lan tebon digerus alus. Rakan didodok ana ing pangjang ilang-kranjang sing di gawe saka janur-sabanjure tumpeng alus, tumpeng among-among, sega gurih, sega liwet, sega golong giling, kupat luwar cacahe loro, kupat lepet loro, kupat bucu lima, menyan, klasan, kain (jarik) anyar, parem,jungkat, pengilon, ani-ani, kinang, sayur menir, godhong kelor, gereh pethek. Barang-barang mau banjur digawa menyang pinggir sawah sing arep dipanen.
 
Dina sing becik wis katemtokake. Yen tiba dina Senen Paing, Senen neptune papat lan Paing sanga, gunggunge 13. Merga parine manten sajodho, gunggunge pari sing dipetik ana 26 gagang pari. Sakwise ndonga sinambi mbakar menyan tumuli ngani-ani njupuk 26 gagang pari diiket dadi siji. Ya iki sing jenenge pari manten Sri-Sadana. Sakwise iku sajen-sajen sing ana pajang ilang padha didum mligine marang bocah sing melu Wiwit. Sak wise iku pari manten diboyong nuju omahe sing duwe sawa kaya boyongan manten. Dene sajene diseleh ana lumbung awujud klasa sing dhuwure diwenenhi jarit anyar lan diranti dandan wanit kaya ta wedhak adhem, parem, jungkat, pengilon, kinang, kembang boreh. Kajaba iku uga ana jangan menir, godhong kelor, ani-ani, bekatul lan menyan. Sakwise sajen cumepak jangkep, pari manten saka sawah banjur dilebokake ana jero lumbung kono dadi siji karo pari manten. Werdine sesajen-sesajen punika kayadenen jajan pasar, rakan, utawa uwi-uwian mengku pralambang dina pasaran lan dina pitu wiwit Senen tekan Minggu. Windu wolu sarta surya rolas (gunggung sasine). Dadi anggone nganakake Wiwit petungane sakwise srengenge lingsir, watara jam 12 munggah.
 
== Itungan panen ==
Wong Jawa itungane panen ana papat: Suku, Watu, Gajah, lan Buta. Menawa tiba Suku entuke mong gagang, tegese parine ora ana entuke, mung sikil. Menawa tiba Watu parine awet dipangan ora gampang entek. Tiba Gajah katone panenane akeh naging parine awet dipangan ora gampang entek. Tiba Gajah katone panenane akeh nanging parine gabug. Nek tiba Buta pira-pira wae entek dimangsa buta. Pari manten klebu pari ingkang suci mula wektu digawa tumuju omah kaya methuk manten boyongan. Lan kanggo nindakake Wiwit patnganane ora kena njupuk dina Jemuah, iku dinane Wali, lan ing dina iku [[Dewi Sri]] dewine pari nembe sare. Nek nganti wungu lan duka sing tuna kadang tani dhewe.
 
[[Kategori:Upacara adat Jawa]]