Médhan Magnit: Béda antara owahan

855 bèt wis ditambahake ,  9 taun kepungkur
tanpa ringkesan besutan
 
'''Medan magnet''', ing sajroné ilmu [[Fisika]], yaiku bagéyan medan kang kabentuk kanti cara ngobahaké ''muatan'' [[listrik]] ([[arus listrik]]) kang bisa ngetokaké [[gaya]] ing muatan listrik kang obah liyané. Puteran [[mekanika kuantum]] saka sawijiné [[partikel]] kang mbentuk medan magnet lan puteran kuwi dipengaruhi déning awaké dhéwé kaya arus listrik; kuwi kang nyebabaké medan magnet saka ''ferromagnet'' "permanen". Sawijiné medan magnet yaiku ''medan vektor'': yaiku hubungan karo saben titik ing jero ruang vektor kang bisa malih manut obahing wektu. Saka medan kuwi yaiku imbang karo arah dom [[kompas]] kang disèlèhaké ing jero medan kasebut.
 
Kasil kerjané [[James Clerk Maxwell|Maxwell]] wis akèh nyawijiké listrik statis karo kamagnetan, kang ngasilaké sakumpuling patang kembaran ngenani medan kaloro kasebut. Nanging, miturut rumus Maxwell, isih ana medan loro kang béda kang njelasaké gejala kang béda. [[Albert Einstein|Einsteinlah]] kang bisa ngedohaké karo [[teori relativitas|relativitas khusus]], yaiku [[medan listrik]] lan medan magnet kuwi aspèk loro saka hal kang padha ([[tensor]] tingkat 2), lan ana sawijiné pengamat bisa ngrasakaké gaya magnet ing endi wong pengamat kuwi mau obah mung ngrasakaké gaya [[elektrostatik]]. Dadi, kanti cara nganggo ''relativitas'' khusus, gaya magnet yaiku wujud gaya elektrostatik saka muatan listrik kang obah, lan bisa diprakiraké saka pangetahuan bab gaya elektrostatik lan obahé muatan kasebut (relatif ning wong kang nngamati).
 
==Cathetan suku==
866

besutan