Kumarin: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Kaca énggal: {{biokimia-stub}} {{chembox | verifiedrevid = 329243785 |ImageFile=Coumarin acsv.svg |ImageSize= |IUPACName=2''H''-chromen-2-one |OtherNames=1-benzopyran-2-one |Section1= {{Chembo...
(Ora ana béda)

Révisi kala 25 Oktober 2011 16.52

Kumarin yaiku senyawa metabolit sekunder arupa lenga atsiri kang kabentuk utamane saka turunan glukosa nonatsiri nalika proses dadi tuwa utawa nalika lara.[1] Iki wigati utamane ing tanduran alfalfa lan semanggi legi kang kumarinne nyebabake ambon-ambon kang kas sakawit sawise kaloro tanduran mau dibabat.[1] Para paneliti wis ngembangake galur semanggi tertemtu kang ngandhut sithik kumarin lan galur liyane kang ngandhut kumarin kanthi bentuk terikat.[1] Kabeh galur mau sacara ekonomi wigati banget amarga kumarin-bebas bisa owah dadi produk kang ngandhut racun, dikumarol, yen semanggi rusak nalika panyimpenan.[1] Dikumarol yaiku senyawa antipenggumpalan kang nyebabake penyakit semanggi legi (penyakit perdarahan) ing kewan ruminansia (pemamah biak kaya sapi) kang mangan tanduran kang ngandhut dikumarol.[1]

Kumarin
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [91-64-5]
PubChem 323
SMILES O=C1\C=C/c2ccccc2O1
InChI 1/C9H6O2/c10-9-6-5-7-3-1-2-4-8(7)11-9/h1-6H
Sifat
Rumus molekul C9H6O2
Massa molar 146.143
Densitas 0.935 g/cm³ (20 °C)
Titik leleh

71 °C

Titik umob

301 °C

Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Skopoletin yaiku kumarin racun kang sumebar ing tanduran lan kerep ditemoni ing kulit wiji.[1] Skopoletin minangka salah siji senyawa kang dinuga nggondeli thukuling wiji tertemtu, nyebabake dormansi nganti senyawa mau kaumbah (tuladhane, dening udan kang lumayan deres saengga kelembapane cukup tumrap modoting kecambah).[1] Dadi peranane yaiku minangka penghambat alami thukuling wiji.[1]

Aktivitas Biologis

Salah siji jinis kumarin yaiku preosen kang diisolasi ing taun 1976 saka tanduranAgeratum houstanianum nyebabake metamorfosis dini ing pirang-pirang spesies serangga kanthi mudhune tingkat hormon panoman serangga saengga nyebabake pambentukkan serangga dhewasa kang mandul.[2] Pamudhune tingkat hormon uga mudhunake produksi feromon dening serangga lanang saengga daya tarik seksual marang serangga wadon dadi mudhun.[2] Kanthi kaprigelan kaya mau, preosen duweni potensi minangka insektisida kang duweni pengaruh mung marang spesies sasaran.[2]

Delengen uga

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h Salisbury FB, Ross CW. 1995. Fisiologi Tumbuhan, Jilid 2. penerjemah: Lukman DR, Sumaryono. Bandung:Penerbit ITB. Hal:147-148. ISBN 979-8591-27-5
  2. a b c Chang F, Hsu CL. 1981. Preocene II affects sex attractancy in medfly. Bioscince 31:676-677.