Asal Usul Keraton Pati Pesantenan: Béda antara owahan

Ngothongaken kaca
(Ngothongaken kaca)
Kawiwitan saka pamarintahan [[R. Kembangjoyo]], sing bisa nggatukaké telung pamarintahan wektu kuwi. Yaiku pamarintahan [[Paranggaruda]], [[Carangsoka]], lan [[Mojosemi]]. Kadipatèn Paranggaruda wilayahé ana ing kidul kali [[Juwana]]. Penguasa kadipatèn Paranggaruda gelaré '''Adipati Yudapati'''. Wilayah kekuasaan kadipatèn Paranggaruda yaiku daérah sing saiki dadi kecamatan [[Batangan]], [[Jaken]], [[Jakenan]], [[Pucakwangi]], [[Winong]], [[Sukolilo]], [[Kayen]], [[Tambakromo]], [[Gabus]] lan separoné wilayah [[Rembang]]. Petilasan pusat pamarintahan Paranggaruda ana ing desa Goda kecamatan Winong. Kadipaten Carangsoka lan Mojosemi wilayahé ana ing daerah lor kali Juwana. Panguasa kadipatèn Carangsoka duwèni gelar '''Adipati Puspahandungjaya''', duwèni putra tunggal jenengé '''Dewi Rayungwulan'''. Wilayah kadipatèn Carangsoka ngliputi daérah sing saiki kecamatan [[Trangkil]], Juwana, [[Pati]], [[Margorejo]], [[Tlogowungu]], [[Gembong]], [[Wedarijaksa]], [[Margoyoso]], [[Tayu]], [[Dukuhseti]], [[Gunungwungkal]], [[Cluwak]] lan separo ngliputi wilayah [[Jepara]] wétan. Petilasan pusat pamarintahan Carangsoka ana ing désa Sukoharjo kecamatan Wedarijaksa.
 
Wektu iku telung kadipatèn iku kapisahaké karo segara / selat sing saiki dadi kali Juwana utawa jaman kaé dijenengi kali Silugonggo. Yen warga Pati saiki ngarani kali Ngantru.
 
Adipati Yudapati, penguasa kadipatèn Paranggaruda iku diréwangi karo Patih, yaiku '''Yuyurumpung''' sing duwèni prajurit kang diandalaké yaiku Sondong Majeruk lan diréwangi para bekel lan demang Gendolo, demang Semut, demang Gunungpati, demang Tlogomoyo, demang Jembangan. Adipati Yudapati duwé putra tunggal jenengé R. Bagus Menakjosari. Nanging rupané èlèk lan cacat ing tangan lan driji-drijiné. Adipati Yudopati duwèni angen-angen arep ngentukaké R. Josari karo Dèwi Rayungwulan putra tunggal R. Puspohandungjoyo. Nanging amarga duwèni rupa èlèk, cacat lan dhèwèkè krungu yèn R. Josari iku duwèni watek sombong, congkak, seneng foya-foya ngentèkaké dhuwit Negara, mula iku dhèwèké arep nolak lamaran saka R. Josari kanthi cara kang alus, dhèwèké gelem nikah yèn R. Josari nyanggupi syarat sing dijaluk, yaiku Dewi Rayungwulan njaluk pinangan seperangkat gamelan kang bisa muni dhéwé. Krungu kaya ngono R. Josari rainé abang, dhèwèké nganduk amarga syarat iku ora bakal bisa diwènèhaké, iku awujud penolakan alus.
 
Nanging sapa nyana singapati saka kadipaten Paranggaruda nemokaké dalang kang saben pagelaran wayang ora tau nggawa gamelan nanging ana suara gamelan. Ki Dalang iku jenengé '''Ki Dalang Sapanyana'''. Ki Dalang langsung ditemokaké karo Adipati Yudapati karo 2 sindene, yaiku Ambarwati lan Ambarsari.
 
Wektu Ki Dalang Sapanyana lan kaloro sindèné nganakaké pagelaran wayang ing kadipatèn Carangsoka, Adipati Puspahandungjaya lan Prameswari wis ora bisa ngomong apa-apa manèh. Dewi Rayungwulan sanalika iku banjur mlayu ana ing praduan Ki Dalang Sapanyana. R. Josari ngamuk banjur njabut kerisé lan nyerang Ki Dalang Sapanyana nanging Ki Dalang bisa ngindar lan keris mau malah kena R. Josari dhéwé. Adipati Yudapati ngamuk lan njaluk Adipati Puspahandungjaya supaya nyerahaké Ki Dalang Sapanyana. Nanging Adipati Puspahandungjaya mèndel waé, mula iku Adipati Yudapati murka lan duwé niat arep nggempur Carangsoka.
Adipati Puspahandungjaya krungu kabar iku. Dhèwèké banjur ningkataké kewaspadaané lan nyusun strategi kanggo ngadepi pasukan Paranggaruda. Adipati Puspahandungjaya ngundang Senopati Kembangjaya kanggo ngrembug taktik kanggo ngadepi gempuran iku.
R. Kembangjaya iku pemuda kang gagah lan ganteng. Senajan umuré isih enom nanging dijuluki ahli pertapa amarga duwèni kesaktian kang sekti mandraguna.
 
Senopati Kembangjaya mènèhi usul supaya nyusul R. Sukmayana ing pertapan Telamaya ing kawasan Gunung Muria. Adipati nrima usul iku banjur ngongkon utusan marani R. Sukmayana.
 
R. Sukmayana yaiku mas ipare Senopati Kembangjaya. Dhèwèké uga pendekar sekti, duwé pusaka kang ampuh yaiku kuluk kanigara lan keris rambut pinutung.
 
Adipati Yudapati mimpin langsung para prajurit banjur maréntahken penggempuran. Nalika perang, Adipati Yudapati kena tombak lan pedang. Dhèwèké mati banjur prajurit sing isih padha nyerah. Sanalika iku prajurit Carangsoka lunjak-lunjak saking senenge. Banjur R. Kembangjaya diwènèhi gelar Adipati Carangsoka lan didadékaké bojoné Dewi Rayungwulan. Ki Dalang Sapanyana didadékaké patihé R. Kembangjaya. Ambarwati lan Ambarsari disunting karo R. Sukmoyono.
Sawisé kabèh tentrem kadipatèn Carangsoka, Mojosemi lan Paranggaruda didadèkaké siji dipimpin karo R. Kembangjoyo. Kadipatèn iku didadèkaké siji kanthi cara mbabat alas Kemiri direwangi R. Sapanyana patihé, mbangun pusat pamarintahan anyar supaya luwih cedhak anggoné ngawasi Paranggaruda taklukané. Wektu mbabat alas Kemiri ketemu karo wong dodol dawet jenenge Sagola utawa P. Onggo, R. Kembangjoyo tuku kanggo persediaan dhèwèké lan prajurité. Dawet kang digawé saka pati wit [[arèn]], diwènèhi santen saka [[klapa]], digebyur santen lan [[gula]] arèn. Saka iku R. Kembangjoyo duwe gagasan yen kraton sing anyar diwènèhi jeneng Pati Pesantenan. Ngadegé kurang luwih taun 1292 M, miturut silsilah raja sakdurungé kejayaan Majapahit.
 
[[Kategori:Dongeng Pati]]
[[Kategori:Kabupaten Pati]]
866

besutan